Search your's here

Join 4Shared Now!

Sunday, January 30, 2011

TAMUKU

Anakku lagi wae merem maneh sakwise dak wenehi dhot. Ateges olehku turu wis oleh sak liliran. Dak sawang jam pandome wis ana jam rolas bengi. Swasana sepi banget. Mung swara jangkrik dadi kembange wengi sing krasa njekut. Sore mau udan riwis-riwis, ngilangi hawa sumuk sing maune ndadekake awak gerah. Bareng udane ceblok malih anyep.
Bojoku turu angler. Olehe ngorok senggar senggur ajeg, ateges angler tenan. Tangise Dwi anake blas ora nangekake dheweke. Sajak kesel tenan. Dhek mau olehe bali nyambutgawe wis sore. Jare olehe golek nasabah rada adoh. Arep kepriye maneh, dadi pegawai asuransi kudu sregep kluyuran golek nasabah, yen kepengin target kegayuh. Abot sakjane, nanging kepriye maneh. Golek penggaweyan saiki angel. Senajan nduwe ijasah sarjana arep dadi pegawai negeri wae kangelan. Sak liyane nembus tes, uga kudu siap dhuwit kanggo nyogok. Ah ... tangeh lamun yen pengin dadi pegawai negeri.
Awakku dak seleh. Senajan mung ibu rumah tangga, lan nduweni tugas momong anak, masak lan ngramut omah, aku ya kesel. Apa maneh anakku isih umur rong taun. Sik inak-inik ngeselake awak, amarga kudu diawat-awati tenan. Bocah sak mono durung ngerti sing jenenge bahaya. Yen nyabrang dalan butuhe mlayu, ora nyawang kiwa tengen dhisik.
Lagi wae ngetung usuk, dumadakan lawang ana sing nothoki. Aku nyawang jam, setengah siji bengi. Mosok, tamu jam setengah siji?
"Thok ... thok ... thok ...!" Keprungu maneh lawang dithothok. Dak sawang bojoku ora nglilir.
"Mas ... mas ... ana tamu ..." olehku nggugah bojoku ngati-ati ben ora kaget. "Jam pira iki, kok ana tamu?"
"Jam setengah siji bengi, Mas,"
Bojoku njur lungguh. Masang kupinge, mbok menawa lawang dithothok maneh. Pancen omahku ora dak pasangi bel, amarga omah kontrakan.
"Thok ... thok ... thok!"
"Lho, Mas. Tenan ta ... ana tamu,"
Mas Heri banjur medhun saka patidhur. Semono uga aku, ngetutake ana mburine.
"Sinten?" pitakone bojoku sak durunge mbukak lawang.
"Dina, Mas …" Aku kaget, swarane wong wadon. Athik yen nyeluk bojoku mesra banget. Sedhela bojoku nyawang aku, banjur ora sranta mbukak lawang. Saiki ana ngarepku lan ngarepe bojoku ngadeg bocah wadon ayu lencir kuning.
"Teka ngendi bengi-bengi ngene?" swarane bojoku sumelang. Aku mung meneng wae. Durung tepung karo bocah wadon iki.
"Saka Surabaya, Mas. Kewengen. Ibu gerah. Mau ditilpun ndadak, aku njur enggal bali ..." semaure bocah wadon iku menehi keterangan.
"Mas ... tamune diaturi mlebu," aku nyela atur. Ora kepenak, tengah wengi kok jagongan ana ngarep lawang. Apa maneh tamuku wadon pisan, athik aku durung tepung. Jujur, ana atiku krasa ora kepenak banget. "Ayo, Din ... mlebu ..." Bojoku nyandhak tas sing digawa bocah wadon mau. Sajak bojoku kelalen ora ngenalake bocah mau marang aku. Ora apa-apa. Aku banjur mlebu njur nggawe teh anget. Sakwise teh dak deleh ngarepe bocah mau, aku banjur takon.
Panjenengan sinten? Dalemipun pundi?" pitakonku alus. Aku mung nyawang, sajake antarane bojoku lan bocah wadon iki wis akrab banget. Mula, rasa kepengin ngerti sejatine sapa bocah iki ana jroning ati gedhe banget.
"O ... iki Dina. Anak buahku ana asuransi. Omahe Slahung ...”, bojoku sing semaur. Bocah iku mung mesem-mesem. Aku manthuk manthuk. Dadi iki salah sijine anak buahe bojoku? Jare anak buahe bojoku cacahe limalas, ndahneya senenge bojoku yen dikupeng dening bocah wadon ayu-ayu ngene ki. Dumadakan aku rumangsa mindher. Meneng-meneng dak lirik dhewe. Ah ... awakku lemu, kulitku ireng masiya wong tuwaku ngarani yen aku iki ireng manis, kok tetep ora pedhe. Njur dandananku rada "katro" lek jare Thukul. Lha kepriye, yen arep dandan tuku sandhangan anyar modhel saiki, kalah karo susune anak. Kebutuhan susune Dwi separo bayare bojoku. Yen ora riyaya ora bisa tuku sandhangan anyar.
"Saged ta, mas, ngeterake aku bali?" swarane Dina ngagetake aku. Bengi-bengi ngene iki bojoku arep ngeter ake Dina menyang Slahung? Selawe kilometer iku ora cedhak lho, tur dina-dina iki jare wong-wong lagi rawan rampog lan bocah ugal-ugalan sing seneng nyegati montor njaluk dhuwit kanggo tuku inum-inuman.
"Lho, prayoginipun Dhik Dina nyipeng mriki kemawon. Mbenjing enjing Subuh Mas Heri kersanipun ndherekaken. Menawi sak menika kok sajakipun kirang prayogi ta ...' aku enggal ndhisiki Mas Heri matur. Samarku yen Mas Heri nekad ngeterake.
"Piye, Mas ...? Aku pengin enggal tekan ngomah." Dumadakan tangane Mas Heri digandhuli Dina. Aku kaget. Wong wadon ngendi lila yen bojone digandheng wong wadon liya? Sak sabarsabare, aku ya duwe perasaan. Yen ana kaca sing dipasang ana ngarepku, kirakira aku bisa nyawang raiku sing krasa panas abang ireng.
"Mas ,... ora pantes yen njenengan nekad ngeterake. Iki wis bengi, piye jare wong mengko yen ana sing ngerti?" Aku nyoba nyadharake Mas Heri. Kaya ngapa wae aku isih duwe pangarep-arep supaya Mas Heri sadhar. Dak sawang Mas Heri bingung. Kanthi alus tangane Dina diculake saka lengene.
"Wis ta, Dhik Dina sare ana kene dhisik. Sesuk esuk ben didherekake Mas Heri..: ; mengkono ucapku mesem. Aku ora pengin Dhik Dina Ian Mas Heri ngerti yen sejatine atiku kaya diiris-iris, lara banget. Dadia kaya apa, aku tetep nduweni rasa cemburu.
"Sik, dak njupuk jacket ..., dumadakan Mas Heri ngendikan sing gawe atikL lara banget. Jebul Mas Heri pilih ngeterake Dina katimbang bocah wadon sinc jare anak buahe iku nginep ana omahku Aku kaget. Dina katon seneng banget.
"Aja suwe-suwe, mas ..." mengkonc unine.
"Lha njenengan ki piye ta, Mas? Ik tengah wengi. Njenengan rak ya pirsa ta yen dalan sing tumuju menyang omahe Dina ki saiki rawan banget, Mas...!" Aku nyusul menyang kamar. Nututi bojoku sing mlebu menyang kamar njupuk jacket.
"Ngerti! Wis, mengko wae dirembug. Saiki dak terake Dina ... dhisik."
"Mas ...! Njenengan tega banget marang aku!"
“Iki dudu perkara tega apa ora ...iki perkara tanggung jawab!" bojoku sajak nesu.
Aku kaget disentak bojoku. Awakku krasa lemes ... dhadhaku krasa seseg. Aku ora bisa ngempet luh sing tumetes ana pipiku. Aku ora kepengin metu methuki Dina maneh ... aku ora kepengin Dina weruh yen dheweke wis bisa njalari luhku ceblok. Aku ora pengin Dina weruh yen ngene iki aku wis kalah ... Aku isih krungu swarane Dina sing nakokake aku sadurunge metu saka omah. Lan aku ya ora pengin weruh Mas Heri, bojoku sing dak tresnani lair tekaning bathin lunga kanthi nggoncengake wong wadon ayu ana sak mburi gegere. Malah kira-kira wae ngethapel ngamplok. Wong nyatane ana ngarepku wae wani nggandholi lengen barang. Ah ...
"Mama ... mama ..:" dumadakan Dwi nglilir maneh. Aku enggal ngekep dheweke. Aku ora kepengin ngerti yen saiki ibune lagi nangis.
"Wis, bubuk maneh .. Ana apa ta cah ayu?" aku ngelus-elus rambute Dwi. Ora let suwe Dwi wis merem maneh amarga rumangsa aman dak kekep.
Aku ora ngira yen Mas Heri luwih abot marang Dina. ]are masalah tanggungjawab? Njur Dina iki sapa kok dheweke rumangsa nduweni tanggung jawab? Yen ngenani masalah tanggung jawab kudune rak malah abot marang kulawarga?
Alon-alon Dwi dak tinggal. Aku metu menyang ruang tamu. Aku mau lali durung ngancing lawang. Tenan, jebul lawang ora dikunci dening bojoku. Sajak pikirane ya bruwet. Aku lungguh thenger-thenger ana ruang tamu. Aku malih kelingan terus marang tamuku mau. Ah... oleh tamu tengah wengi wae marakake ati goreh.
Aku malih kelingan yen sak suwene omah-omah karo bojoku aku durung diparingi momongan dening Gusti Allah. Sepuluh taun dudu wektu sing sithik kanggo ngupaya supaya aku enggal duwe momongan. Kabeh dhokter kandhutan wis dak parani, nanging nganti saiki blas ora ana hasile. Dene Dwi iku anak pupon. Kuwi ngono anake adhine bojoku sing dak openi. Adhine bojoku anake enem, mula nalika mbobot sing keri banjur diwenehake aku. Jare kanggo pancingan, sapa ngerti sakwise ngopeni Dwi njur nduwe momongan. Nanging nganti Dwi wis umur rong taun, babar pisan durung ana tandha-tandha aku mbobot.
Aku isih thenger-thenger ana ruang tamu. Mripatku ora bisa dak eremake. Aku kudu ngenteni Mas Heri. Aku kudu njaluk katerangan marang Mas Heri, sapa sejatine Dina, tamuku sing nyata-nyata raket banget karo bojoku. Malah bojoku uga katon sayang banget marang dheweke. Aku malih kelingan marang omongane bojoku rong sasi kepungkur.
"Coba, Dhik awakmu selingkuha. Dak wenehi wektu setengah taun awakmu gandheng karo wong lanang liya. Yen awakmu bisa mbobot, anak iku mengko dak openi. Nanging yen awakmu gak bisa mbobot ... aja takon dosa."
“Ora Iho, Mas, njenengan ki ngendikan apa ta? Kok neka-neka wae. Sajak njenengan ora trima ta karo kahanan iki?"
"Ora kok ngono, Dhik. Apa kira-kira getihe awake dhewe ora cocog ya?" "Mas ... jane njenengan ki ngendikan a pa ta ... yen pancen njenengan kepengin kagungan putra, kono golek maneh!"
Dumadakan awakku krasa anyep kabeh. Dina ... tamuku tengah wengi. Sing kanthi tatag nggondheli lengene bojoku ana ngarepku. Dina ... sing wani njaluk diterake bali bojoku. Kamangka iki tengah wengi ... Dina ... tamu istimewa ...
Dumadakan saka awakku metu kringet anyep. Jangan-jangan ... Dina? Swara montore Mas Heri ngagetake aku. Dak sawang wis ngancik jam telu parak esuk. Ateges Mas Heri bar ngeterake Dina njur bali. Aku ora enggal mbukak lawang. Awakku gemeter, aku ora kepengin krungu yen Dina iku ...
Win ... Dhik Windhi ...!" Swarane Mas Heri karo thothok-thothok lawang. Kanthi gemeter aku mbukak lawang. Banjur bali lungguh ing kursi dawa.
Sakwise nglebokake motor, Mas Heri lungguh ana ngarepku. Nyumed rokok njur udud.
"Sepurane. Iki babagan tanggung jawab. Saiki aku ngaku, Dina iku uga bojoku. Rong sasi kepungkur dak ijab siri. Saiki lagi mbobot sesasi. Nanging dheweke trima dadi bojo enom, ora nuntut apa-apa ..." Mas Heri njelasake. Iki sing gak pengin dak ngerteni. Sak liyane iku apa sing diucapake Mas Heri aku ora krungu ... suwung brung! Sepi! Atiku lunga, mbuh manyang endi ... Jebul tamuku kok maruku.

saking Majalah Panjebar Semangat