Search your's here

Join 4Shared Now!

Friday, July 24, 2009

In The Original Language (Java Island)

“GETUN” (Amazed)

Taken From : Panjebar Semangat Magazine

Ana ing sadhuwure amben tuwa iku gumletak bocah cilik udakara umur 5 tahun. Lemes tanpa daya. Awake panas napase sajak angel. Ngos-ngosan. Ing sakojur badane katon abang ndlemok cilik-cilik. Saka irunge metu getih seger kaya wong mimisen. Wong tuwane, Pak Darno lan Ibu Lasmi ora bias ngempet tangise nyumurupi kahanane anake sing saya suwe saya nemen larane.

Supaya anake yaiku Santi bias mari, Bu Lasmi ngenehi saran karo Pak Darno supaya ngedol omah karo tanah kanggo biaya Santi nang rumah sakit. Tapi Pak Darno ora setuju karo sarane Bu Lasmi amargo mung tanah lan umah kuwi didol arep tinggal nang endi, gara-gara kuwi Pak Darno lungo saka umah tapi ora ngerti arah lan tujuane arep nang endi. Pak Darno bingung nganggo cara opo maneh Santi bias mari.

Ora dinyana, lakune Pak Darno tekan ngarepe Kantor Desa Sambirejo. Pak Darno kepingin ngleyehake awake sing kuru ing kursi dawa sing ono ing teras kantor. Nanging, during nganti dheweke ndlojorake awake, mripate kaget maca saklebetan tulisan sing mapan ing sadhuwure kursi. Dheweke banjur ngadeg maneh njingglengi tulisan mau.

Tulisan kuwi yaiku “Pengumuman saka Kepala Desa Sambirejo sign isine ngenehi bantuan kanggo warga miskin, sing lara ana ing rumah sakit, biayane kuwi arep ditanggung Negara”

Paribasane kaya wong sing ketiban rembulan, atine Pak Darno kebak kesenengan. Pak Darno banjur aeg-age bali. Sakdawane dalan , Pak Darno wis mbayangke yen tekan ngomah anake arep digawa eng rumah sakit. Pokoke angen-angene wis tumata, kamangka kabeh mau ora mbayar. Saking senenge pikire, mula sedhela wae Pak Darno wis tekan ngarep omahe. Ing ngarep omahe akeh wong sing lagi lungguh. Uga ana sing ngangkat kursi lan dhipan saka njero omah, digawa metu ing latar. Atine Pak Darno nratap, mripate tumuju ing njero omah sing rada remeng-remeng. Nanging, Pak Darno isih bias nyawang kanthi cetha yen ing tengah omah iku ana meja. Lan sadhuwure meja ana samubarang sing ditutup jarit. Dheweke banjur mlayu nubruk layon mujur ngalor ing dhuwur meja iku, Santi wis tumekaning pati.

in english

Amaized

There is 5 year old young child sprawl on the bad, weakness, hard to breath. All of her body full of red spots. The blood came out From her noose like nosebleed. Her parent Mr. Darmo and Mrs. Lasmi can’t keep crying for their daughter that more severe.

For their daughter, Santi. Mrs. Lasmi suggested Mr. Darmo for selling their land and home to pay hospital. But Mr. Darmo disagree with that because if their home soled, where they leave? Mr. Darmo confuse, and go out from the house but don’t know where will to go? Mr. Darmo confuse, how to cure his daughter?

Unsuspected Mr. Darmo passing on the front of Sambirejo Village Office. Mr. Darmo want to sleep on the chair in the front of the office of Sambirejo Office. He face up above and saw the announcements in the wall of the office.

The announcements from head office of Sambirejo Village the contain are tells that there is help for the poor the sick in the hospital the cost of state responsibility. such as those who fall months, Mr. Darmo very fun, and hurry home. Mr. Darmo along the road to imagine will bring their children to the hospital because they do not have to pay. But he is to late, his daughter was already dead.