Search your's here

Join 4Shared Now!

Sunday, January 30, 2011

TAMUKU

Anakku lagi wae merem maneh sakwise dak wenehi dhot. Ateges olehku turu wis oleh sak liliran. Dak sawang jam pandome wis ana jam rolas bengi. Swasana sepi banget. Mung swara jangkrik dadi kembange wengi sing krasa njekut. Sore mau udan riwis-riwis, ngilangi hawa sumuk sing maune ndadekake awak gerah. Bareng udane ceblok malih anyep.
Bojoku turu angler. Olehe ngorok senggar senggur ajeg, ateges angler tenan. Tangise Dwi anake blas ora nangekake dheweke. Sajak kesel tenan. Dhek mau olehe bali nyambutgawe wis sore. Jare olehe golek nasabah rada adoh. Arep kepriye maneh, dadi pegawai asuransi kudu sregep kluyuran golek nasabah, yen kepengin target kegayuh. Abot sakjane, nanging kepriye maneh. Golek penggaweyan saiki angel. Senajan nduwe ijasah sarjana arep dadi pegawai negeri wae kangelan. Sak liyane nembus tes, uga kudu siap dhuwit kanggo nyogok. Ah ... tangeh lamun yen pengin dadi pegawai negeri.
Awakku dak seleh. Senajan mung ibu rumah tangga, lan nduweni tugas momong anak, masak lan ngramut omah, aku ya kesel. Apa maneh anakku isih umur rong taun. Sik inak-inik ngeselake awak, amarga kudu diawat-awati tenan. Bocah sak mono durung ngerti sing jenenge bahaya. Yen nyabrang dalan butuhe mlayu, ora nyawang kiwa tengen dhisik.
Lagi wae ngetung usuk, dumadakan lawang ana sing nothoki. Aku nyawang jam, setengah siji bengi. Mosok, tamu jam setengah siji?
"Thok ... thok ... thok ...!" Keprungu maneh lawang dithothok. Dak sawang bojoku ora nglilir.
"Mas ... mas ... ana tamu ..." olehku nggugah bojoku ngati-ati ben ora kaget. "Jam pira iki, kok ana tamu?"
"Jam setengah siji bengi, Mas,"
Bojoku njur lungguh. Masang kupinge, mbok menawa lawang dithothok maneh. Pancen omahku ora dak pasangi bel, amarga omah kontrakan.
"Thok ... thok ... thok!"
"Lho, Mas. Tenan ta ... ana tamu,"
Mas Heri banjur medhun saka patidhur. Semono uga aku, ngetutake ana mburine.
"Sinten?" pitakone bojoku sak durunge mbukak lawang.
"Dina, Mas …" Aku kaget, swarane wong wadon. Athik yen nyeluk bojoku mesra banget. Sedhela bojoku nyawang aku, banjur ora sranta mbukak lawang. Saiki ana ngarepku lan ngarepe bojoku ngadeg bocah wadon ayu lencir kuning.
"Teka ngendi bengi-bengi ngene?" swarane bojoku sumelang. Aku mung meneng wae. Durung tepung karo bocah wadon iki.
"Saka Surabaya, Mas. Kewengen. Ibu gerah. Mau ditilpun ndadak, aku njur enggal bali ..." semaure bocah wadon iku menehi keterangan.
"Mas ... tamune diaturi mlebu," aku nyela atur. Ora kepenak, tengah wengi kok jagongan ana ngarep lawang. Apa maneh tamuku wadon pisan, athik aku durung tepung. Jujur, ana atiku krasa ora kepenak banget. "Ayo, Din ... mlebu ..." Bojoku nyandhak tas sing digawa bocah wadon mau. Sajak bojoku kelalen ora ngenalake bocah mau marang aku. Ora apa-apa. Aku banjur mlebu njur nggawe teh anget. Sakwise teh dak deleh ngarepe bocah mau, aku banjur takon.
Panjenengan sinten? Dalemipun pundi?" pitakonku alus. Aku mung nyawang, sajake antarane bojoku lan bocah wadon iki wis akrab banget. Mula, rasa kepengin ngerti sejatine sapa bocah iki ana jroning ati gedhe banget.
"O ... iki Dina. Anak buahku ana asuransi. Omahe Slahung ...”, bojoku sing semaur. Bocah iku mung mesem-mesem. Aku manthuk manthuk. Dadi iki salah sijine anak buahe bojoku? Jare anak buahe bojoku cacahe limalas, ndahneya senenge bojoku yen dikupeng dening bocah wadon ayu-ayu ngene ki. Dumadakan aku rumangsa mindher. Meneng-meneng dak lirik dhewe. Ah ... awakku lemu, kulitku ireng masiya wong tuwaku ngarani yen aku iki ireng manis, kok tetep ora pedhe. Njur dandananku rada "katro" lek jare Thukul. Lha kepriye, yen arep dandan tuku sandhangan anyar modhel saiki, kalah karo susune anak. Kebutuhan susune Dwi separo bayare bojoku. Yen ora riyaya ora bisa tuku sandhangan anyar.
"Saged ta, mas, ngeterake aku bali?" swarane Dina ngagetake aku. Bengi-bengi ngene iki bojoku arep ngeter ake Dina menyang Slahung? Selawe kilometer iku ora cedhak lho, tur dina-dina iki jare wong-wong lagi rawan rampog lan bocah ugal-ugalan sing seneng nyegati montor njaluk dhuwit kanggo tuku inum-inuman.
"Lho, prayoginipun Dhik Dina nyipeng mriki kemawon. Mbenjing enjing Subuh Mas Heri kersanipun ndherekaken. Menawi sak menika kok sajakipun kirang prayogi ta ...' aku enggal ndhisiki Mas Heri matur. Samarku yen Mas Heri nekad ngeterake.
"Piye, Mas ...? Aku pengin enggal tekan ngomah." Dumadakan tangane Mas Heri digandhuli Dina. Aku kaget. Wong wadon ngendi lila yen bojone digandheng wong wadon liya? Sak sabarsabare, aku ya duwe perasaan. Yen ana kaca sing dipasang ana ngarepku, kirakira aku bisa nyawang raiku sing krasa panas abang ireng.
"Mas ,... ora pantes yen njenengan nekad ngeterake. Iki wis bengi, piye jare wong mengko yen ana sing ngerti?" Aku nyoba nyadharake Mas Heri. Kaya ngapa wae aku isih duwe pangarep-arep supaya Mas Heri sadhar. Dak sawang Mas Heri bingung. Kanthi alus tangane Dina diculake saka lengene.
"Wis ta, Dhik Dina sare ana kene dhisik. Sesuk esuk ben didherekake Mas Heri..: ; mengkono ucapku mesem. Aku ora pengin Dhik Dina Ian Mas Heri ngerti yen sejatine atiku kaya diiris-iris, lara banget. Dadia kaya apa, aku tetep nduweni rasa cemburu.
"Sik, dak njupuk jacket ..., dumadakan Mas Heri ngendikan sing gawe atikL lara banget. Jebul Mas Heri pilih ngeterake Dina katimbang bocah wadon sinc jare anak buahe iku nginep ana omahku Aku kaget. Dina katon seneng banget.
"Aja suwe-suwe, mas ..." mengkonc unine.
"Lha njenengan ki piye ta, Mas? Ik tengah wengi. Njenengan rak ya pirsa ta yen dalan sing tumuju menyang omahe Dina ki saiki rawan banget, Mas...!" Aku nyusul menyang kamar. Nututi bojoku sing mlebu menyang kamar njupuk jacket.
"Ngerti! Wis, mengko wae dirembug. Saiki dak terake Dina ... dhisik."
"Mas ...! Njenengan tega banget marang aku!"
“Iki dudu perkara tega apa ora ...iki perkara tanggung jawab!" bojoku sajak nesu.
Aku kaget disentak bojoku. Awakku krasa lemes ... dhadhaku krasa seseg. Aku ora bisa ngempet luh sing tumetes ana pipiku. Aku ora kepengin metu methuki Dina maneh ... aku ora kepengin Dina weruh yen dheweke wis bisa njalari luhku ceblok. Aku ora pengin Dina weruh yen ngene iki aku wis kalah ... Aku isih krungu swarane Dina sing nakokake aku sadurunge metu saka omah. Lan aku ya ora pengin weruh Mas Heri, bojoku sing dak tresnani lair tekaning bathin lunga kanthi nggoncengake wong wadon ayu ana sak mburi gegere. Malah kira-kira wae ngethapel ngamplok. Wong nyatane ana ngarepku wae wani nggandholi lengen barang. Ah ...
"Mama ... mama ..:" dumadakan Dwi nglilir maneh. Aku enggal ngekep dheweke. Aku ora kepengin ngerti yen saiki ibune lagi nangis.
"Wis, bubuk maneh .. Ana apa ta cah ayu?" aku ngelus-elus rambute Dwi. Ora let suwe Dwi wis merem maneh amarga rumangsa aman dak kekep.
Aku ora ngira yen Mas Heri luwih abot marang Dina. ]are masalah tanggungjawab? Njur Dina iki sapa kok dheweke rumangsa nduweni tanggung jawab? Yen ngenani masalah tanggung jawab kudune rak malah abot marang kulawarga?
Alon-alon Dwi dak tinggal. Aku metu menyang ruang tamu. Aku mau lali durung ngancing lawang. Tenan, jebul lawang ora dikunci dening bojoku. Sajak pikirane ya bruwet. Aku lungguh thenger-thenger ana ruang tamu. Aku malih kelingan terus marang tamuku mau. Ah... oleh tamu tengah wengi wae marakake ati goreh.
Aku malih kelingan yen sak suwene omah-omah karo bojoku aku durung diparingi momongan dening Gusti Allah. Sepuluh taun dudu wektu sing sithik kanggo ngupaya supaya aku enggal duwe momongan. Kabeh dhokter kandhutan wis dak parani, nanging nganti saiki blas ora ana hasile. Dene Dwi iku anak pupon. Kuwi ngono anake adhine bojoku sing dak openi. Adhine bojoku anake enem, mula nalika mbobot sing keri banjur diwenehake aku. Jare kanggo pancingan, sapa ngerti sakwise ngopeni Dwi njur nduwe momongan. Nanging nganti Dwi wis umur rong taun, babar pisan durung ana tandha-tandha aku mbobot.
Aku isih thenger-thenger ana ruang tamu. Mripatku ora bisa dak eremake. Aku kudu ngenteni Mas Heri. Aku kudu njaluk katerangan marang Mas Heri, sapa sejatine Dina, tamuku sing nyata-nyata raket banget karo bojoku. Malah bojoku uga katon sayang banget marang dheweke. Aku malih kelingan marang omongane bojoku rong sasi kepungkur.
"Coba, Dhik awakmu selingkuha. Dak wenehi wektu setengah taun awakmu gandheng karo wong lanang liya. Yen awakmu bisa mbobot, anak iku mengko dak openi. Nanging yen awakmu gak bisa mbobot ... aja takon dosa."
“Ora Iho, Mas, njenengan ki ngendikan apa ta? Kok neka-neka wae. Sajak njenengan ora trima ta karo kahanan iki?"
"Ora kok ngono, Dhik. Apa kira-kira getihe awake dhewe ora cocog ya?" "Mas ... jane njenengan ki ngendikan a pa ta ... yen pancen njenengan kepengin kagungan putra, kono golek maneh!"
Dumadakan awakku krasa anyep kabeh. Dina ... tamuku tengah wengi. Sing kanthi tatag nggondheli lengene bojoku ana ngarepku. Dina ... sing wani njaluk diterake bali bojoku. Kamangka iki tengah wengi ... Dina ... tamu istimewa ...
Dumadakan saka awakku metu kringet anyep. Jangan-jangan ... Dina? Swara montore Mas Heri ngagetake aku. Dak sawang wis ngancik jam telu parak esuk. Ateges Mas Heri bar ngeterake Dina njur bali. Aku ora enggal mbukak lawang. Awakku gemeter, aku ora kepengin krungu yen Dina iku ...
Win ... Dhik Windhi ...!" Swarane Mas Heri karo thothok-thothok lawang. Kanthi gemeter aku mbukak lawang. Banjur bali lungguh ing kursi dawa.
Sakwise nglebokake motor, Mas Heri lungguh ana ngarepku. Nyumed rokok njur udud.
"Sepurane. Iki babagan tanggung jawab. Saiki aku ngaku, Dina iku uga bojoku. Rong sasi kepungkur dak ijab siri. Saiki lagi mbobot sesasi. Nanging dheweke trima dadi bojo enom, ora nuntut apa-apa ..." Mas Heri njelasake. Iki sing gak pengin dak ngerteni. Sak liyane iku apa sing diucapake Mas Heri aku ora krungu ... suwung brung! Sepi! Atiku lunga, mbuh manyang endi ... Jebul tamuku kok maruku.

saking Majalah Panjebar Semangat

SENSASINE AMIR

Dirman nggagas-nggagas ing meja papane nyambutgawe. Dirman umure patang puluhan mlaku, pawakane kuru, klambine rada lungsed, umes marga kena kringet dleweran sing durung asat. Lungkrahe awak isih katon ing praene kang nglokro lan manthere mripat kang ngglambyar, ora mencereng. Dheweke nganyaki mbukak Microsoft Word lan wiwit ngetik: "Tilas Suster Dadi Jagone Ngadiraga Body Language".
Jane dheweke ora seneng karo tugas sing mentas wae dilakoni kuwi. Nanging redaktur pelaksana atasane adreng anggone kongkon. Jare, mung wartawan sing wis duwe pengalaman cukup ngumur sing bisa nggawe tulisan warta kang narik kawigatene para maos prekara kabar anyar kuwi. Coba bayangna, ing kutha cilik kaya Sidoarjo ngono, kok ana sing menang lomba olah ngadiraga body language sing jarene tau dadi suster. Jan crita sensasi sing cocog tumrap korane.
"Apa bener Mbak Kris kuwi pancen suster ing greja?"
"O, ora ngono, Mas. Mung aku biyen pancen wis tau melu manggon ing asrama susteran ..."
Dieling-eling maneh anggone wawan rembug mau awan ing omahe Kristina, si wadon anom juwara kuwi. Dheweke ora lali uga motreti. Motret Kristina lagi maca, Kristina mamerake cupu olah ngadiragane, Kristina karo wongtuwane, embah lan adhine lanang. Satemene ya sukses sing salumrah wae. Ora ngeram-eramake.
Amir ah, nanging saiki Dirman kudu ngundang Pak Amir nekani mejane. Priya mudha sing wandane pethenthang-penthentheng kaya Arya Dursasana kuwi sakepenake dhewe wae lungguh ing pucuk meja nyambutgawene Dirman, terus nontoni foto-foto sing mentas wae dicithak. Amir lagi 3 sasi iki dadi redaktur pelaksana, sawise pemimpin redaksi ganti pawongan. Kuwi marga sing duwe perusahakan pers panggonane padha nyambutgawe ana owah-owahan, yakuwi beda sing ndarbeki. Sadurunge iku, Dirman kang dadi redaktur pelaksana. Nalika sing darbe perusahaan owah, akeh kanca sing padha metu utawa pindhah penggaweyan menyang koran liyane. Dirman, sing ngrasa ora jegos anggone dadi redpel kang mbokmenawa uga njalari anane owah-owahan pemilik koran kuwi, aluwung ora melu pindhah penggaweyan. Tetep ana kono. Dilorot, ya ditrima. Pancen mbokmenawa dheweke ora duwe kelantipan kang kena diendelake, tulisane ora kumedol. Ngrasa kang mengkono kuwi mulane dheweke gelem wae diprentah-prentah dikon mburu pawarta, sanajan sing mrentah kuwi kanca sing luwih enom, sing nalika anyaran dadi wartawan biyen carane nulis pawarta wae ya diajari dhisik dening Dirman.
"Lho! Apa-apaan iki?" Amir ngomong ketara banget yen gela.
"Priye, ta?"pitakone Dirman karo mengo saka layar monitor, nyawang Amir sing sajak methentheng nesu.
"Mongsok arep macak foto kaya ngene iki? Iki luwih cocog kanggo buletin pendhidhikan;" panyengese Amir. “Korane awake dhewe ora bakal macak kaya ngene iki ing kaca ngarepan. Gak kumedol blas!" omonge tutuge. Banjur mbengok, nyeluk Anton. "Anton! Mrene!" Anton kuwi fotografer.
"Apa salahe foto-foto iki?" Dirman takon adreng.
Amir ora mangsuli. Marang Anton Amir aweh instruksi, suwarane dibantas-bantasake supaya Dirman melu ngrungokake.
"Anton, saiki uga kowe budhala menyang omahe Kristina. Nggawa tukang paes. Ya, Susi wae. Aturen motret Kristina nganggo sandhangan olah ngadiragane sing methethet, yen perlu sing katon pupune, lengene lan dhekok-brenjule dhadhane. Yen ora duwe sandhangan kang kaya mengkono, ya gawakna wae. Terus paesana raine sing sak ayu-ayune. Aturen posene kaya posene nalika lagi pamer olah ngadiragane, ya ... maksudku kaya ngana kae, sing rada sensual, rada nakal nggegodha .... Jepreten saakeh-akehe saka maneka angle. Tuduhna marang aku sadurunge munggah cithak bengi iki."
Anton gage amblas karo Susi, sekretaris sing uga baleg ndandani pawongan sing arep dipotret kanggo pekabarane.
Dirman ngowoh. Disawangi foto-foto asil jepretane. Kacetha wandane Kristina mesem ngujiwat manis banget, Kristina mangku cupu sing oleh pangaji-ajine anggone olah ngadiragane, dipepundhi banget, Kristina ing tengah-tengahe keluwargane, kabeh ora kanggo gawe. Ora kumedol, jarene Amir.
"Dirman!" keprungu suwarane Amir mbengoki saka ruwang kerjane sing kawatesan tembok kaca bening tembus panyawang.
Driman ngadeg lan mlaku gogloh marani ruwang tilas panggonane dheweke nyambutgawe biyen.
"Ana apa maneh ....?"
"Kowe ki priye, se? Apa arep nulis pawarta kanggo khutbah Minggu? Tulisan modhel apa iki ... ?" Amir nuduhake layar monitor komputere. Rupane Amir wis narik tulisane Dirman lan nyemak. Sajake ora kepranan atine.
"Dirman, apa kowe lali yen saiki iki korane awake dhewe iki jenenge dudu Gebyare Selebriti maneh nanging Sensasine Selebriti. Gebyare Selebriti kuwi jenenge koran lawas sing duweke pemilik lawas. Eling ora, ta, kowe ki? Dadi korane awake dhewe iki kudu didayani greget nges prekara sensasine. Yen ora ana greget sensasine, ora nges, ora sem. Apa bedane karo koran duweke kongkiren kita kae? Bleger lan warnane huruf wae wis digawe padha. Woo, kowe ki jan ora cocog tenan nyambutgawe ing koran kene ..." Amir ngomong karo mbesengut. Lagi 3 sasi iki dheweke nyeluk seniore njangkar "Dirman", ora “Pak Dirman" maneh.
"Ngaten, le, Pak Amir," Dirman mekak jengkele atine dianyaki nganggo tembung krama, karepe nyoba njlentrehake panemune kanthi cara kang andhap asor, mung kanggo etikane srawung wae. "Kristina kuwi dudu suster. Dheweke mung tau diemong ing asrama susteran nalika bapake isih ditahan ing pakunjaran marga diterka melu-melu kraman PKI. Lelakon uripe melas asih lan nalangsa banget. Dheweke bisa ngranggeh prestasi liwat olah ngadiraga kuwi ..."
"Omong kosong! Sapa sing gelem tuku crita kaya ngono kuwi? Endi, aku wenehana nomer tilpune!"
Kanthi kepeksa Dirman menehake nomer tilpune Kristina.
"Lungguha kono dhisik:" Amir nudingi kursi ing ngarepe mejane. Dirman banjur lungguh, dene Amir terus nilpun Kristina.
"Halo Kristina. Aku Amir, saka Sensasine Selebriti, iya, iya. Mau wis ana sing mrono. Iki mung arep nambahi critane mau supaya luwih gumreget ... hmmm ngene .... Mbak Kristina wis duwe yang durung? Arek cara Surabayane. Uwis? On, ngono? Ngomong-ngomong, wis nganti tekan sepira ubyang-ubyung ngono kuwi? Ora .... Ora apa-apa kok... Ya, iya-lah off the record ... ya, rak kita singidake jati dhirine ... Astaga? Men aborsi? Para suster kuwi ora ana sing ngonangi? Iya, aku janji iki mung kanggo background information, ora kanggo diumumke ing publik. Terus, Mbak wiwit kapan sinau olah ngadiraga utawa BL? Oh, ya mau uwis, ya, iki wae tambahane ... Apa panemumu bab seks bebas? Ha ... ha ... ha ... Mbak ki teges banget, lan gagasanmu resik. Ya, mengkono kuwi, pancen hak lan ukurane sadhengah uwong dhewe-dhewe, ya? Aku wis ngira, Mbak mesthi panemune mengkono .... Ya aku uga sarujuk nggagas mengkono .... Oh, ya, mengko yen ana fotografer lan tukang paes teka, dandana sing ayu ya .... Fotone arep dakpacak ing kaca ngarepan, Iho, supaya cepet kondhang. Sapa ngreti ana sing nawani main sinetron he ... he ... he… Oh, ya, dadi wis tau aborsi, ya? Oh, ora, maaf, meh ... oh, terus pranyata ora wawrat, nanging mung kasep mens, ya? Kuwi normal tumrap bocah wada Mbak. Oh, ya, salam ya kagem Pak pendheta. Aja kuwatir, identitase daksingitake kok ... Trims ya ..:"
"Apa sing sampeyan garap kuwi?!” pitakone Dirman kamisesegen.
"Wis, ta, lah, tulisanmu ben aku wae sing neruske. Kowe muliha wae, leren,” ujare Amir, terus nggethu ngadhepi layar komputer karo mencet-mencet keyboard.
Ing meja mangan, nalika nyruput kopi dina esuke lan mamah sepotong pisang goreng, Dirman nyemak kaca ngarep Sensasine Selebriti. Dheweke keselek maca irahan headline-ne:
Suster Sing Menang Lomba olah Ngadiraga Body Language:
TAU ABORSI ASIL SLINGKUHE KARO PENDHETA ANOM.
Dirman mlolo maca headline sing dawane 6 kolom ing perangan tengah kuwi. Ing sisihe ana fotone kristina sing gedhene 3 kolom 8 cm posene provokatif banget: adegan pose BL sing paling sensual sing tau diweruhi, yakuwi Kristina nyandhang menganggo busana minim, ngapret, meh nglegena, rambute disasak lan praupane dimakeup melok-melok. Wong kuwi kaya dudu Kristina maneh. Lha endi rupa manis lan eseme sing ngujiwat prawan sekolah susteran sing mbedhedheg atine marga getole prestasine kuwi?
Tangane Dirman gemeteran. Crita kang tinulis kuwi babar pisan ora nyritakake lelakone bocah sekolah susteran sing sregep olah ngadiraga lan bisa ngranggeh prestasi ing olah body language. Kamurakabane ngadiraga minangka endahe enggak-enggike raga kuwi dhewe lan pigunane tumrap kuwa rasane awak, ora dijlentreh babar pisan. Asil wawancarane Dirman mung nyisa kira-kira 10%. Mehkabeh tulisane Amir asil wawancarane sarana tilpun wingi sore: yakuwi yen Kristina tau aborsi (mangka mung meh, pranyata mung telat menstruasi), yen Kristina yang-yangan karo pendheta sing jenenge disebut kanthi cetha, yen Kristina benci urip ing susteran lan saiki ngrasa uwal bebas umbaran, yen Kristina penganut gagasan seks bebas (mangka mbokmenawa dheweke mung setuju, kuwi gagasane sing kapeteg ing telenge atine ketrucut kawetu nalika nampa pitakonan saka ing tilpun, dhestun katrucute tembung sakdlumit kuwi dadi pawadan dibiwarakake dening Amir, dene sing rinegem ing telenge ati diilangi blas ngono wae). Cekake, tulisan kuwi jan tumindak kang character assasination. Ngobrak-abrik njlentrehake dursilane Kristina, sang pendheta anom, nyoreng-oreng kuawargane Kristina, lan ... Dirman. Lapuran kuwi kacuthel sigeg sarana jenenge reportere: Dirman.
Kurangajar banget Amir kuwi.
Grobyak kanthi ngeget Dirman ngadeg, nganti kopine ing cangkir wutah.
"Arep menyang endi, Pak?" pitakone sing wadon kuwatir.
"Kantor!" Wangsulane cekak karo nyaut jakete.
"Adate rak budhal awan .... "
"Ana sing wigati:" Lan dheweke wis ilang ing suwalike pager ngarep omahe.
Dirman mlebu ruwang kerjane Amir, sing lagi gayeng ngobrol karo staf redaksi liyane, klebu fotografer Anton. Guyune sing cekakakan padha sirep bareng weruh Dirman mlebu karo raine kang mbrabak abang.
"Kowe kok gawe crita kaya ngene?" Dirman takon karo mbeber koran ing meja.
Raine mangar-mangar.
"Lho, rak bagus, ta? Ngreti ora, kowe, eceran ing Sidoarjo ndedel payune. Jam yah mene wis entek. Iki mau padha njaluk tambahan. Agen-agen kuwalahen. Kristina wis dadi selebriti ing kuthane!' jare Amir mongkog atine. "Kuwi marga korane awake dhewe, Iho ... Oh, iya, omongna menyang babagan sirkulasi gage kon ngirim tambahane kanggo Sidoarjo. Uga ing Surabaya, eceran ditambah wae. Ramli .. Awan iki cepakna tulisan tutuge. Golekana pendhetane kuwi, uga wawancaranen bapake sing tau mlebu bui merga diterka melu kraman PKI kuwi:"
"Pak Amir!" Dirman nggetak. Kabeh kaget Ian padha njegreg mandheg.
"Kowe wis janji karo Kristina ngumpetake identitase yange ..."
Pating jegigik keprungu guyune para juruwarta sing lagi sawatara taun dadi wartawan kuwi.
"Pak Dirman, kuwi rak jamanmu dadi wartawan biyen. Saiki beda, Pak. Rakyat kepengin weruh, kepengin ngreti. Rakyat duwe hak ngreteni kuwi kabeh. Yen pendhetane diumpetake, dikira awake dhewe nerak hake rakyat lho, Pak..." ujare Ramli sing terus enggal-enggal arep mburu sang pendheta.
Durung rampung Dirman ngesok nesune, keprungu ribut-ribut ing njaba. Wong-wong padha gagean arep metu saka ruwangan. Ing lawange mlebu ruwang redaksi, satpam lagi repot anggone nyegah sawenehe bocah wadon sing kudu meksa mlebu. Raine anclum lan pucet. Tanpa make up. Rambute kaya durung dijungkati. Klambine kaya durung ganti saka sing dhek wingi. Dirman kaget. Bocah wadon kuwi Kristina.
"Kristina ....!"
Dirman raine ditampeg koran esuk kuwi dening Kristina.
"Kena apa kowe ngucem-ucem awakku? Apa salahku?" Kristina menthelengi Dirman karo getem-getem. Mesthi wae sing dimungsuhi Dirman, marga sing dingreteni Kristina, Dirman sing nulis pawarta kuwi.
"Lho, dudu aku kok, sing nulis" ujare Dirman. Aneh, cah wadon kuwi ora histeris jelih-jelih, utawa nangis utawa nesu. Penthelenge mripate, pucete cahyane, sarta omonge sing nyubles jantung, dhestun marahi Dirman dadi gigrig kirig-kirig.
Banjur Kristina noleh marang Anton kanthi pandeng kang anyep njejet.
"Saka puluhan jepretanmu, kenapa kok kokpilh foto iki? Kowe meksa aku menganggo busana iki, meksa maneka warna pose ... kowe kabeh kuwi gendheng! Kowe kabeh brejanji arep ngayomi asmane pendheta kuwi ... Apa tau kowe mikir saknyut wae mbayangake, kepriye aku nglakoni uripku sawise ana lapuran kang kaya ngene kuwi? Kepriye tanggung jawabku marang pendheta kuwi, marang kulawargaku? Aku dudu wong nakal! Aku dudu wong sing nganjurke seks bebas! Lan aku ora tau aborsi!"
Rampung anggone ngomong kang rinasa pait nylekit ngono, Kristina terus nggrayangi tase, njupuk sawenehe barange. Pranyata pistul. Durung nganti wong-wong redaksi sadhar saka anggone kamitenggengen nyekseni greget kanepsone prawan Kristina kang pucet njejet kuwi, wong wadon kuwi wis mistul pilingane dhewe. Dhor! Dilakoni ing kantor redaksi. Ing ngarepe para anggota redaksi. Nalika prawan kuwi tiba nglimpruk, lan Dirman uga meh wae ambruk semaput marga shock, Dirman isih kober mbayangake kepriye headline gaweane Amir dina sesuke. Hiih! Mrinding!


saking : Majalah Panjebar Semangat

PUPUS

Pari neng sawah wis mrekatak kuning rata lan mentes-mentes, seminggu maneh bisa dipanen. Atine nyicil ayem dene cepakan dhuwit kanggo mbayar sekolahe anake wis ana. Marni sing wulan iki arep ujian akhir SMU kepingin neruske kuliah ana pertanian bakal kelakon.
Anak mbarep digadhang-gadhang bisa sekolah ing pamulangan luhur lan oleh gaweyan sing bayare maton, bisa njunjung derajate wong tuwa.
Karo rengeng-rengeng mecaki galengan, Karjo ngubengi sawah sinambi ngusah manuk-manuk emprit lan glathik sing arep neba.
Tekan omah esem lan guyune renyah kaya bocah cilik kang lagi kalegan atine sebab keturutan karepe.
"Kok sajak seneng atimu Pakne, ana apa ta?" bojone takon nlesih. "Beres, dhuwit pasedhian kanggo golek sekolahe anak mbarep wis ana"
"Genahe pripun ta Pakne!"
"Iya genah bae, karo meneh ya gak pripan-pripun." Ngono olehe semaur nganggo dialek Jawa Timure sing medhok.
"Pancen rada ora genah, kesambet na ngendi ki mau"
"Onten napa ta Mak, kok ndremimil dhewekan!" anake mbarep njedhul mulih sekolah.
"Bapakmu kae Iho delengan mesam-mesem dhewekan kaya wong lagi kesurupan”
"Napa enggih ta Pak?"
"Sapa sing kesurupan. Ya Makmu iku sing rada nglimbung."
"Bapak kok sajak seneng antuk rejeki nomplok napa"?
"Dudu rejeki nomplok sebab menang tombokan, nanging delengen kae na sawah parine wis padha kuning mrekatak seminggu engkas panen!",
"Kula saget kuliah onten pertanian yen ngaten nggih Pak?"
"Kuwi jeias ndhuk. Sebab butuhe bakal kecukupan"
"Lha aku kebagian apa Pak?" anake lanang sing nomer loro njedhul mulih sekolah nyela-nyela takon.
"Ya mengko sisane dhuwit sing dianggo golek sekolahe mbakyumu kena kanggo kowe"
"Sida ganti sepedhah tenan bakale”
“Sepedhahmu kae kurang apik pa? Kok dadak njaluk diganti?"
"Nggih mboten! Namung kurang sip"
"Wis kono salin terus mengko barmangan ngewangi Bapak ndandani pager sing sisih mburi!"
Awan kuwi kang Karjo kanthi ati sing mantep dandan pager direwangi Sardi anake sing nomer loro ya sing ragil, karan kang Karjo anake ya mung loro. Mbarepe wadon jenenge Sumarni sekolahe ana SMU klas telu wis ngadhepake ujian akhir dene Sardiyono anake lanang sing nomer loro ana SLTP klas loro.
Najan uripe pas-pasan kang Karjo ora ngresula, anane mung rumangsa sukur marang pangeran sebab rezekine tansah lumintu tekane.
Bubar dandan pager reresik awak banjur salin penganggo sing rada pantes, ganthane arep dolan nggone Babah Acheng perlu takon rega gabah.
"Dengaren macak! Arep nyang ngendi Pakne?" sing wadon takon nalika ketemu ana latar ngarep.
"Nggone Babah A-cheng takon rega gabah!"
"Karo pesen mesin doser pisan nggone Kaji Marwan"
"Yoh. Ngestoke dawuh Dalem!"
Yu Karjo ora wangsulan, nerusake anggone reresik jogan ngarep omah. Omah joglo kuna tinggalane wong tuwane kang Karjo diupakara kanthi permati ngelingi omah tinggalan sing ora melu mecel mung kari ngenggoni. Najan omah wis rada tuwa nanging yen diupakara ya katon isih apik.
"Bapak nyang ngendi Mak kok sajak perlu banget?" pitakone Marni metu saka njero ngomah terus lungguh ana dhingklik emper omah.
"Takon rega gabah nggone Babah Acheng!"
"Kapan ta Mak panene?"
"Yen ora ana alangan kira-kira seminggu maneh"
"Apik ya parine?"
"Kandhane Bapakmu parine apik, mentes-mentes."
"Ya sukur ben payune akeh bisa kanggo ragat golek kuliahan"
"Melua ndedonga bae ben kekarepanmu keturutan"
Lagi bae anak karo simbok rembugan ora kanyana Bardi blantik teka uluk salam banjur takon.
"Kang Karjo nyang endi Yu, kok sepi?" pitakone.
"Ki maeng lagi metu nyang nggone Babah Acheng takon rega gabah karo mampir nggone Kaji Marwan mesen closer kanggo panen seminggu maneh"
"Arep di panen dhewe pa? Ora di tebaske? Yen ditebaske tak petunge piye?"
"Ya ... kana rembugen karo Bapake Marni yen mengko wis teka"
"Ana pirang kothak ta Yu?"
"Pitung kothak kurang sithik"
"Njaluk pira Yu saben sakwintale?"
"Aku ora ngerti Mas, wong maeng Bapakne Marni ora pesen apa-apa." "Ya wis Yu! Aku njaluk pamit disik. Mbokmenawa mengko ketemu takjake rembugan"
"Iya sakarepmu anggere Bapakne Marni cocog regane"
Blantik Bardi sing gaweyane adol kewan sinambi dadi tukang tebas pari banjur mulih diuntapake bojone Karjo tekan latar.
Mulih saka nygone Babah Acheng praupane Karjo rada bingar, sebab rega gabah rada dhuwur. Sakwintale saiki regane satus seket ewu rupiah. Dietung-etung yen panene oleh telung ton rak telung puluh kwintal di pingke satus seket ewu ana patang yuta setengah. Bisa kanggo mbayar regad Marni golek papan kuliah.
Menungsa wenang ngrancang nanging Gusti Allah sing nemtokake. Sore udan ora leren-leren nganti rong dina rong bengi. Hawane atis lan dalan ngarep omahe jenes amarga kesiram banju udan sing ora ana kendhone.
Bubar Maghrib keprungu swara kenthong titir lan ora suwe keprungu wong undang-undang jenenge.
"Kang Karjo metua! Ayo gotong royong nyang Dham Buntung. Dham Buntung ambrol, banyune mbludag arahe mrene" mangkono kandhane bayan Mardi saka dalan ngarep omah.
"Apa, Dham Buntung ambrol?"
"Iya! Wis gek ndang mangkat dienteni kanca-kanca ana mbale!"
Enggal-enggal Karjo salin pengganggo nyaut pacul karo caping nggeblas budhal nyang mbale dukuh. Pitakonane sing wadon karo anake ora dipaelu, mung weling supaya ana ngomah ngati-ati. Tekan nggone katon banyu kimplah-kimplah mili saka jebolan dham ngener desane lan nrabas kebonan tumuju pesawahan sing ana pinggir desa. Sinambi gotong royong nutupi jebolan ati lan pikirane tumuju menyang sawahe sing arep panen lan biaya kanggo anake neruske sekolahe.
Arepa dikupiya bebarengan nanging gedhene banyu ora bisa diajak rembugan. Banyu mili kimplah-kimplah ora bisa dicegah. Tegal jagung duweke mbah Wongso diterjang bablas ora ditinggali apa-apa babar pisan. Kabeh digondho! Ian diawutawut turut iline banyu. Karjo enggalenggal mlaku ngunclug menyang sawahe. Katon pari sing sepasar maneh dipanen padha rubuh ketrajang banyu banjir saka jebolan Dham Buntung.
Atine angles meruhi kahanan sing mengkono mau. Angen-angen oleh duwit panen Hang musna mung kari eluh sing tumetes metu ora kerasa. Ing bathin maneges marang sing Kuwasa.
"Duh Gusti punapa lepat kawula ngantos Paduka andhawahaken bebendu ingkang kados punika"; ngono pangresah atine. Banyu banjir isih mili lerap-lerap kaya miline tangise ati sing lagi nampa pacoban. Dina sesuke durung ngerti embuh kepiye kawusanane. Amung Gusti kang mangerteni.

saking : Majalah Panjebar Semangat
edisi : -

NASIBE MANUNGSA

Srengengene menthor-menthor. Panase sumelet ngobong kulit. Dhasar wis patang minggu ora udan, lemah-lemah sing dak encik kaya ngiocotake dlamakan sikil. Dakdhengak srengengene, jane ya wis sauntara dohe karo kulminasi langit, wis lingsir mengulon. Naning panase isih wae panggah, ora suda-suda. Dalan setapak sing wuda tanpa pinayungan kekayon terus wae dakpecaki. Kiwa tengene dalan setapak, tegal sawah bera bawera. Ana sawetara ijoning godhong-godhong jagung kang katon sapendeleng ing adoh kana. Sauntara gubug-gubug ing sakiwa tengene dalan padha suwung, racak-racak sing duwe gubug padha urban golek dhuwit menyang kutha sing jare luwih gampang.
"No, Darno! Reneya!"
Sakala aku mlengak. Pas olehku mlengak, Kang Parman mudhun saka njero gubug, ngundang lan ngawe aku. Sajake ana gawe. Tanpa pikir dawa aku jumangkah marani Kang Parman.
"Iki Iho leren sik. Aku mau nggawa tela godhog karo teh. Ayo diserbu dhisik" sumeh, grapyak semanak, lan eseme sing ngatonake untu gingsule, sak weruhku ora tau copot saka lageyane Kang Parman. Aku dijak munggah gubuge. Banjur bontote, tela godhog sing dibuntel godhong lan tehe sing diwadhahi botol aqua, didhasarake ing amben-ambenan gubug.
"Rumangsaku pakah gubugmu sempal Kang, kok celuk-celuk. Tiwas kebeneran, malah ana undangan pesta kebun," sautku nggo pantes-pantes. Kang Parman ngetokake rokok sing durung dibukak segelane.
"Ponakanmu wingi rak tilik ngomah” tangane Kang Parman uwet mbukak bungkus rokok. Banjur ndudut sak ler, terus disumet. Aku sing saben dina udutku mung mbako gewol, ya melu-melu makmum ngrasakake nikmate rokok.
"Kerjane neng endi ta, Kang?"
"Neng pabrik plastik. Mbuh, saiki jare wis munggah dadi mandhor. Jare lumayan ceperane"
"Yen dadi mandhor ya pancen lumayan tenan, Kang. Kerjane ya penak, mung kari ngawas-ngawasi," sambungku karo ngleleg tela.
"Maune lulusan apa, Kang?" aku nyambi nglangga teh ning botol aqua sawise gorokanku krasa seret. Wah, tehe kok ya ngungkuli teh sosro. Legi sepet-sepete krasa tenan.
"Mung SMA, jane ya njaluk kuliah maune. Ning kowe dhewe rak ya ngerti kahananku. Nyekolahake tekan lulus SMA wae wis mengkis-mengkis ning dhadha, kok ndadak arep nekat nguliahke, ya sida pedhot napasku. Yen bocahe ngono ya pinter, wong oleh rangking siji terus, kok. "Tangane Kang Parman ndudut tela sak puk.
"Aku ya ngandel yen anakmu kuwi pinter kaya bapake," eseme Kang Parman mlethek nyigar lambene krungu pangalembanaku. Ning tenan, nalika isih sekolah Kang Parman kuwi biyen pinter dhewe sak kelas.
"Ning pinter iku jebul kalah karo sing jeneng begja. Kowe rak eling Umar kae ta?!"
"Kancane dhewe sing goblog, ngowoh, pahpoh kae?" takonku. Kang Parman manthuk.
Pancene kabeh kancane sakelas Umar kalebu aku lan Kang Parman, padha ngarani yen Umar kuwi bocah sing paling bodho. Mosok nalika guru biologi takon kebo kuwi manak apa ngendhog, wangsulane jare ngendhog. Mesthi bocah sakelas padha ngguyu cekakakan, kalebu Pak Guru kang kudune nesu. Lucu meneh yen wayahe nembang utawa nyanyi, tembang utawa lagu sembarang dhengah, iramane padha wae, kaya wong menek. Saka ngisor mendhuwur tanpa cengkok, ndlujur. Dadi yen Umar giliran nembang utawa nyanyi, padha karo ing kelasku ana dhagelan. Nganti kaku neng weteng merga kemekelen. Malah Bu Guru Eni, guru kesenian, rikala lagi sepisanan krungu tembang lan nyanyiane Umar, merga saking ngempet ngguyu nganti mlayu neng kamar mandi.
"Kowe ngerti, Umar kae saiki dadi Kepala Sekolah" kandhane Kang Parman gawe kejotku. Mripatku nganti mblalak amba. Lha kok bisa! Kepala Sekolah kuwi wiwitane rak kudu dadi guru dhisik. Kamangka guru kuwi dadi narasumber kang pener lan bener. Gek-gek ndang menehi soal marang muride, kebo kuwi ngendhog dibenerke. Rak payah! Utawa gek-gek nalika didhaulat muride supaya nembang utawa nyanyi, eh, ora bisa mbayangke aku. E, Iha sapa ngerti, yen nembang utawa nyanyi dadi guyon, ndang lagu ndhangdhut utawa pop malah jagone. Sapa ngerti!
"Kok kowe ngerti yen dadi Kepala Sekolah, sing menehi kabar sapa ta, Kang!"
Banjur Kang Parman crita. Biyen sakluluse saka SMP (bocah bodho kok ya bisa lulus), Umar ngulandara golek gaweyan ning kutha Semarang. Saben dina Umar ngleyeng menyang kantor-kantor, menyang pabrik, nawakake tenagane supaya ditampa nyambut gawe. Nanging kantor-kantor sing dileboni, racak ora ana lowongan. Mung bandha ijazah SMP wae, arep diseleh ngendi. Lowongan sing pas ya mung penjaga utawa pesuruh: Emane kantor-kantor sing dileboni wis ana penjagane. Saben dina dheweke ditampik saka kantor siji menyang kantor sijine meneh. Saka pabrik siji menyang pabrik liyane. Nanging Umar sajak ora nglokro. Najan yen bengi direwangi turu ing mesjid utawa terminal, esuke panggah nerusake niyate golek gaweyan. Mbokmenawa iki sing dadi kehebatane utawa keluwihane Umar. Yen cita-citane durung kecekel, ora bakal mandheg dalan.
Nganti ing sawijining dina, Umar mlebu ing sawijining Kantor Kelurahan. Kebeneran Pak Lurahe butuh tenaga ora kanggo kantor, nanging kanggo tenaga omah. Gampangane Pak Lurah butuh pembantu utawa buruh lanang. Umar cekat-ceket nampa, tanpa takon sesasine dibayar pira. Pokoke sing penting bisa temangsang dhisik. Soale wis krasa kesel olehe rana-rene, mlebu metu kantor apadene pabrik. Soal mengko neng kene kepenak utawa ora, dipikir mburi karo mlaku.
Ing daleme Pak Lurah, Umar bisa ngepek atine keluargane Pak Lurah. Kabeh putra-putrane Pak Lurah padha seneng karo Umar. Yen mung perkara gaweyan, sepisan dikandhani, Umar mesthi ndalan, ora ndadak mindhan-mindhoni. Soal mangan-memangan, Umar ora tau protes piye-piye. Kabeh panganan ora ana sing disiriki. Ora ana sing dipantangi. Ora ana sing alergi.
Merga saka kemurahane Pak Lurah, Umar disekolahake ning SMA, najan olehe mergawe minangka pembantu isih dibayar. Ora mung tekan SMA, nanging diterusake nganti kuliah lan lulus nggondol sarjana. Terus mulang ing SMP, terus dientukake putrane Pak Lurah.
"Dadi mantune Pak Lurah?" Kang Parman manthuk.
"Kok gelem-geleme ta bocahe wadon putrane Pak Lurah?!" protesku. Banjur Kang Parman mbisiki aku" kabare putrane Pak Lurah sing kuwi jare idiot."
Aku njomblak. Olehku mamah tela godhog daklerenke.
"Lha kok Umar gelem?!"
"Jodho, rejeki, pati, kuwi wewenange Gusti Allah. Menungsa ora bakal kuwawa nolak utawa ngemohi" Yen kon bukak dalil bab kaya ngono Kang Parman pancen jagone.
"Sih kurang siji ta, Kang?!" sambungku rada keminter.
"Drajat lan pangkat. Kudune rak kowe ya Kang sing dadi Kepala Sekolah. Wong nalika sekolah, Umar kae pintere kalah adoh karo kowe"
Kang Parman mung mesem kecut. "Aku ora bisa nerusake sekolah tekan kuliah. Aku ora ngenger neng nggone Lurah kaya Umar. Mula akhire aku ya mung dadi wong tani gurem kaya kowe. Najan mung tani gurem, nanging kepinteranku dakturunake menyang anak-anakku. Buktine, sekolahe oleh ranking siji wiwit saka SD tumeka SMA. Nalika kerja, najan ing pabrik, lagi sedhela wis dadi mandhor. Mulih wingi, eh, kowe rung dakcritani ya?!"
Aku gedheg karo ngglogok teh.
“Apa Kang?!"
"Mulih wingi wis nggawa Karisma gres, ninggali dhuwit mboke, ninggali rokok aku. Balik Umar?!"
"Geneya Umar Kang?!"
"Ora duwe anak. jare emoh gawe anak. Merga miturut keterangane dokter, gen-e sing wadon luwih dominan. Dadi kemungkinan yen anak-anake lair, dheweke ngeri mbayangake. Rak dheke dhewe ya ngakoni, yen dheweke pancen bodho"
Weruh-weruh telane wis entek. Teh sak botol aqua ya gusis. Mung Jarum 76e sajake sing isih. Terus diwenehake aku.
"Wis wengi, yo dha bali wae" pangajake Kang Parman karo mudhun saka amben-ambenan gubug.
Aku mlaku lon-lonan, nggagas nasibe manungsa kang pancen werna-werna.

saking : Majalah Panjebar Semangat
edisi : -

Lintang Panjer Esuk Wis Angslup

Esuk kuwi aku lagi ibut resik-resik kamar, kebeneran dina kuwi dina Minggu. Dadi aku akeh wektu kanggo resik-resik kamar mess kang disedhiyani dening yayasan panggonanku nyambut gawe. Lagi nedheng-nedhenge ngresiki rak buku karo ngrungokne radio, ujug-ujug hapeku muni. Ana sms kang mlebu sajake, aku kelingan yen dina iki aku janji arep mlaku-mlaku karo calon bojoku. Gageyan aku nyandhak hape kang gemlethak ing kasur, mbok menawa sms saka dheweke.
"Jeng, Aku lan Tiara wis boarding pas kanggo penerbangan jam 10.00 saka Sepinggan. Sepurane, wis ngrepoti Jenengan" Oh jebul sms saka mas Satrio.
Aku lagi arep mejet hape kanggo mbales sms-e, hape-ku wis muni maneh. Ana sms siji maneh sing mlebu, aku wurung mbalesi sms-e mas Satrio, lan milih mbukak sms kang mentas wae teka.
Unine: "Sakjane tekaku mrene iki, arep njaluk slirane supaya dadi sesulihe ibune Tiara sing wis marak Gusti setaun kepungkur. Nanging aku pranyata telat. Selamat ya jeng, Muga-muga jeng Rastri bahagia"
Pleg... atiku kaya didhodhog. Awakku gemeter lan lemes saknalika, dadi mau bengi kuwi mas Satrio wis goroh marang aku. Mas Satrio balik Jakarta cepet-cepet ora merga ana tugas, nanging sak temene atine gela marang kejutanku.
"Dhuh Gusti... sepuranen aku ya mas. Aku ora ngira babarpisan marang kekarepanmu teka mrene kanthi ndadak iki" Ora krasa pipiku teles dening eluh kang tumetes merga saking rasa trenyuh campur getunku. Aku ora nyelaki yen sejatine atiku isih mendhem rasa tresna marang Mas Satrio. Lan aku uga ngerti banget yen sejatine mas Satrio isih nyimpen aku ana ing njero atine. Salahku geneye ora tanggap ing sasmita nalika limang sasi kepungkur mas Satrio kirim email kang surasane nakoni kasedhiyanku menawa diajak urip bebarengan maneh. Nalika kuwi aku mung mangsuli "Ya mas, tak pikir-pikire dhisik" Pranyata wangsulanku kuwi didadekne piyandel dening mas Satrio. Emane mas, emane kenangapa njenengan kok ora critao yen saiki wis dhewekan maneh.
"Mas Satrio.... " aku undang-undang rada rangu-rangu marang pawongan kang ngadeg ngungkuri aku. Pawongan mawa klambi bathik motif kopi pecahpecah lengen dawa, kang padha-padha lagi ngestreni acara wisudha ing Universitas Gadjah mada.
Rumangsa ana sing ngundang jenenge, pawongan kuwi banjur mengo memburi. Meneng sauntara karo ngawasi aku mengisor mendhuwur.
"Mas iki aku mas, Rastri..." aku nyoba mbaleni nyapa kanthi nyebut jenengku. "He he... Njenengan ta iki jeng. Masya Allah, pangling aku Jeng." Ngomonge sajak surprise banget.
"Piye-piye kabare Jeng,” ucape sak banjure nakokake kabarku.
"Apik mas. Njenengan kok wis katon sepuh ta mas?"
"Hehe ya wis ngene iki Jeng. Umur ora isa diendheg. Sing penting sehat. Lak ya ngono ta jeng" saure.
"Lha iki gek ngestreni putrane wisudha apa piye?" takone.
"Iya mas. Wisudhane anak lanang;" wangsulanku.
"Lha endi putrane?" mas Satrio nggoleki anakku lanang karo ngubengke panyawange nggoleki anak lan bojoku.
"Lagi nyang mburi, ngeterke bapake"
"Lha njenengan dhewe?" aku mbalik takon.
"Aku ya lagi ngancani Tiara wisudha iki," jawabe.
"Oh... cah ayu biyen kae ya mas?"
"Iyaa... saiki bocahe kan lagi lulus S2ne. Lha kuwi apa bocahe mrene," njlentrehe karo nudingi pernahe bocah wedok kang nyandhang toga werna biru tuwa. Katon ayu banget.
Aku ngenut arah drijine mas Satrio, aku ora bakal lali karo sorot mripat rongpuluh taun kepungkur. Sorot mripate bocah wadon cilik kang manja banget marang aku.
"Tiara, iki Bu Rastri. Salim dhisik ndhuk." Prentahe mas Satrio nalika Tiara wis nyedhak.
Kanthi sopan, bocah wadon ayu kuwi nyalami aku lan ora lali ngarasi tanganku. Aku bales karo ngrangkul lan ngarasi pipi nggemesake biyen kuwi, kang saiki wis dadi prawan ayu.
"Isih kelingan ora cah ayu karo Ibu?" takonku marang dhewekne.
Tiara mung mesem karo isih nyawang aku. Mbok menawa karo ngeling-eling nate ketemu karo aku kapan lan ana ngendi.
"Ha ha..... wis lali sajake Jeng," mas Satrio sing mangsuli pitakonku.
Aku mesem karo terus takon: "Lha iki terus kapan nak Tiara arep dimantu?" pitakonku karo nglirik Tiara.
"He he mbuh kuwi jeng. Sakarepe bocahe. Wong bubar wisudha iki mengko malah langsung bablas mambur nyang Jakarta terus mblandhang dhines neng Prancis. Mbuh sapa iki mengko sing arep ngurusi aku ndhik kene," celathune mas Satrio mangsuli karo ngepuk-epuk pundhake anake.
"Ngomong-ngomong, neng Yogja iki arep pirang dina Jeng?" takone nerusake olehe jagongan.
"Lho, aku saiki rak manggon neng Yogja mas. Wis meh setaun iki," wangsulanku.
"Wow alah... tiwas kebeneran yen ngono. Aku bakale ora kesepen ditinggal dening Tiara. Aku saiki ya leren neng kene kurang luwih wis karo tengah taun." Mas Satrio sajak seneng Ian mesem marem nalika ngerti yen saiki aku wis pindhah ing Yogja uga.
Sakwise sapatemon kang ora kajarag kasebut, antarane kulawargaku lan mas Satrio dadi akrab. Prasasat mas Satrio kaya wis dadi sedulur dhewe tumrap aku lan anak bojoku, kang ora mangerteni menawa biyen nate ana crita liya antara aku lan mas Satrio.
Lan esuk iki, ganep ing yuswane mas Satrio kang kaping suwidak telu taun. Aku isih lungguh njegreg dhewekan ana ing teras rumah sakit Dr. Sardjito. Eluhku tumetes nelesi pipiku kang wis ora kenceng maneh, ngancani turahan tangisku kang isih mingseg-mingseg.
Sewengi aku ngancani mas Satrio ing wektu-wektu akhir hayate ing rumah sakit iki. Subuh mau, nalika adzan Subuh ngumandhang ing mesjid; mas Satrio tangi dadakan saka komane. Kapinujon aku lagi lungguh ing sandhinge. Melek byar, katon pasuryane kang seger kaya ora lagi nandhang lara. Sorot mripate tajem, tajem kaya nalika isih mudha...., kang nate gawe atiku trataban biyen.
"Jeng... kok njenengan neng kene. Lho, aku iki neng endi jeng?" pitakone.
"Iya mas, iki aku Rastri. Njenengan saiki lagi ing rumah sakit. Mas Satrio wis telung dina iki koma sakwise tiba keplesed ing Kaliurang wingi kae," aku njlentrehke alon-alon. Tangane kang temumpang ing dhadhane tak cekel alon-alon. Akungrasake hawa kang lembut lan anget ing dhuwur dhadhane.
Mas Satrio mesem, banjur njaluk tulung aku supaya mbantu olehe arep tangi saka peturon.
"Jeng... aku pengin sholat. Tulungana aku sedhela"
"Mas... mas sareyan wae dhisik. Aku tak ngundang dokter piket ya,” aku nyoba nahan mas Satrio supaya ora tangi-tangi dhisik lan arep ngundang dokter ben mriksa kahanane.
"Ora usah jeng... Aku selak pengin sholat:"
Sidane aku ngalah, Ian nuruti kekarepane. Mas Satrio banjur tak tuntun menyang kamar mandhi.
"Lha garwane endi. Kok dhewekan?" karo mlaku mas Satrio isih kober nakokake bojoku.
"Ana mas. Lagi menyang mesjid, sholat Subuh:" Wangsulanku.
Sak wise mas Satrio mlebu jedhing, aku banjur golek sajadah. Kebeneran aku sangu sajadah saka omah, terus tak gelar ing sisihe dipan mujur ngulon. Ngerti yen wis dicawisake panggonane sholat, mas Satrio banjur miwiti anggone sholat Subuh.
"Allah.. hu akbar..." ora suwe mas Satrio wis katon khusyuk anggone shalat Subuh. Karo ngenteni anggone sholat, aku lungguhan ana ing kursi cedhak jendhela. Kordene tak bukak saengga aku bisa nyawang lintang Joko Belek kang isih padhang sumunar. Aku dadi kelingan marang puisi kang nate ditulis dening mas Satrio mligi kanggo aku biyen. Puisi kuwi isih tak simpen nganti saiki. Aku mesem nyawang Lintang Panjer Esuk kuwi kang ngelingake aku marang crita-crita lawas kang endah Ian romantis antarane aku lan mas Satrio.
Lamunanku buyar nalika aku sadhar yen mas Satrio olehe sujud sajak suwe banget. Kuwatir yen ana apa-apa, aku banjur nyedhaki mas Satrio kang isih sujud kuwi.
"Mas... " aku nyoba ngganggu kekhusyukane merga kegawa rasa was sumelang.
"Mas... mas Satrio, tak baleni anggonku celuk-celuk kanthi suwara alon.
Merga ora ana reaksi, akhire tak wanek-wanekake nggugah anggone sujud. "Mas... mas Satrio.." lengene tak candhak karo setengah tak hoyog-hoyog. Panggah meneng wae....
"Mas... Masya Allah... Mas... Innalillahi..." tangisku pecah sanalika bareng aku ngerti yen pranyata mas Satrio wis ninggalake ragane kanggo selawase. Bali ing alam kelanggengan tumuju. marang Gusti kang tansah disuyudi sak suwene iki.
Saiki kari aku dhewekan kang meneng angluh ing emperane rumah sakit Sardjito iki. Lintang Panjer Esuk wis angslup digenteni dening esuk kang rantak-rantak ing bang-bang wetan. Lintang kuwi angslup nggawa janji prasetya kang nate diucapke marang aku. Aku isih kelingan ujare biyen, yen ta mati sukemben pengin mati ing kahanan sujud amarga ing mangsa sujud kuwi, jarene jarak paling cedhak antarane kawula lan Gustine. Dheweke uga janji yen bakal tansah nurahake separo atine kanggo aku. Lan kuwi'kabeh disembadani...

saking : Majalah Panjebar Semangat
edisi : -

Layang Saka Suriname

Swarane sepedha motor Pak Pos mandheg aneng ngarep omah, ngagetake anggonku ngalamun, wayahe lagi jam setengah sepuluh awan. Dina iku babarpisan ora nyana yen aku entuk kabar saka nggone David Sutarmin KT ing Suriname. Yen dirunut sarasilahe, David Sutarmin KT iku isih sedulurnunggal mbah buyut karo aku nanging ngertine ya lagi saiki amarga dheweke urip ana negara Suriname sing adoh bangetjare ana poncote donya iki. Layang banjur tak bukak kebak pengarep-arep, gek kabar apa meneh sing diwartake sedulur nunggal mbah buyut sing mung tak weruhi rupane saka gambar poto sing nate dikirimake.
"Assalamu'alaikum ww"
Layang katur Kangmas Parja Sastratinaya kang kinurmatan, sakdurunge aku ngabarake kahananku ing Suriname, tak jaluk kabeh sedulurku ing tanah Jawa Indonesia padha keslametan lan karaharjan, dene aku sakulawarga uga padha slamet lan entuk rohmating Gusti Allah SWT.
Mengkono pambuka layang sing tak waca. Aku banjur unjal ambegan, jebul sedulurku iku isih ngrasuk agama Islam kaya agama sing dirasuk kabeh sedulurku, katitik saka anggone menehi salam mau. Layang banjur tak waca sakteruse.
Aku sakulawarga ing Suriname padha slamet lan oleh rohmating Gusti Allah SWT, malah sedhela maneh (sak-wulan) engkas aku bakal pensiun saka pegawe negeri pamarentah Suriname. Sanajan aku pension, nanging mbokmenawa beda karo para pensiunan pegawe neng tanah Jawa Indonesia. Neng kene (Suriname) kabeh pegawe sing mlebu wayahe pensiun iku wis dilatih kapinteran nyambut gawe apa wae sing disenengi lan sing luwih penting sakliyane oleh pensiunan sing lumayan gedhe saben sasine isih entuk pesangon kanggo modhal usaha mau. (Sejatine pensiunan ing Suriname iku wis cukup malah kepara turah), kepinteran mau amung kanggo ngisi wektu sing longgar. Nalika arep wayahe pensiun aku melu latihan madeg dadi wiraswasta, gawe lan dodolan panganan sing dibutuhake wongJawa Suriname, rencanaku arep gawe lan dodolan "Gethuk Lindri lan Klepon”, kava sing sok dicritakake swargi simbah biyen.
Sakeplasan aku banjur kelingan layange David. Sutarmin KT sing tak tampa rong sasi kepungkur, aneng layang iku David Sutarmin KT crita yen ing negara Suriname saiki wis maju banget, mbokmenawa kemajuane negarane ngungkuli Jawa Indonesia. perlu tak aturake, sabensaben David Sutarmin KT nyebut Indonesia mesthi nganggo sebutan Jawa Indonesia, jare kanggo nguri-uri lan dadi pepeling marang anak turune yen dheweke iku sejatine wong Jawa sing di gawa dening penjajah Walanda menyang tanah Suriname didadekake buruh perkebunan, pamrihe anak turune ben bisa ngurmati para leluhure sing urip ngrekasa digawa Walanda, amarga akeh sing wis padha mati lan dibuwang ing saktengahing laut nalika digawa mrana, uga bisa sesambungan utawa silahturami marang sedulure ing Jawa Indonesia sanajan mung lumantar surat, telepon utawa internet, malah diajap sing isih enom lan uripe kepenak padha gelem dolan menyang Jawa Indonesia nggoleki sedulure dhewedhewe. Aneng layang mau dicritakake yen warga penduduk Suriname mligine wong sing saka Jawa Indonesia saiki padha urip kamulyan amarga akeh sing urip kecukupan malah kepara sugih mblegedhu lan nguwasani ing pamarentahan (sing dikarepake menduduki jabatan penting). Menawa katandhingake wong Jawa sing ana tanah Jawa Indonesia malah saiki uripe luwih kepenak. Awit saka sugihe mau wong-wong wis padha lali karo panganan asli saka Jawa Indonesia sing jenenge Gethuk Lindri lan Klepon. "Kang Parjo, saiki bocah-bocah enom padha wis ilang Jawane". Uga dicritakake para kanoman wis ora ngerti maneh Gethuk Lindri lan Klepon, sing dingerteni mung panganan saka negara manca kaya: sakwernane Roti, Hamburger, Spaghety, Pisa, Donat, Kebab, Isp. Kabeh mau panganan saka manca negara sing saiki wis mratah aneng Suriname. Semono uga wis akeh sing ora ngerti masakan saka Jawa Indonesia Kaya jangan Lodheh, Sambel goreng, Semur, Gudheg, Oblok-oblok, Terik, Brongkos, Bobor, Rawon, Bothok, Tumpang, Isp. "Yen ora kabotan aku nyuwun ngerti piye carane lan resepe gawe Gethuk Lindri lan Klepon”, ngono critane. Nalika maca layang dhek semana aku ora pati nggape, mongsok gawe Gethuk Lindri lan Klepon wae ora bisa, tur ya arep kanggo apa?, layang banjur tak waca meneh:
"Kang Parjo, aku nyuwun tulung tenan, piye cara lan resepe gawe Gethuk Lindri lan Klepon, amarga yen wis bisa aku arep bukak usaha toko khusus Gethuk Lindri lan Klepon, yen bisa cara lan resep iki cepet dikirim lewat pos (Aja dikirim lewat internet). Mbesuk yen toko Gethuk Lindri lan Klepon mau laris, Kang Parjo arep tak kirimi dhuwit sakperlu kanggo ragad dolan menyang Suriname, iki njanjiku Kang".
Mak jleg rasaning ati maca layange sedulurku saka Suriname mau, najan ketoke sepele jebul nguri-uri kabudayan sing wujude panganan lan olah-olahan mau penting banget, yen anak turune dhewe mbesuk uga ora ngerti kabudayan Jawa njur piye dadine mengko? Aku banjur nerusake anggonku maca layange David Sutarmin KT.
Kang Parjo, aku optimis banget yen usaha iki bakal maju lan dadi gedhe, malah rencanaku arep tak pepaki dadi rumah makan sing dodolan sakwernane mangsakan Jawa kaya sing tak critakake ing layangku mbiyen. Wah mendah senenge mbesuk aku yen Kang Parjo utawa anakmu ana sing gelem menyang Suriname, bab wragad aku mengko sing ngongkosi, wektu saiki aku lagi sibuk mbangun toko sing bakale tak enggo dodolan Gethuk Lindri lan Klepon mau. Sakliyane iku aku duwe cita-cita, mbesuk arep bukak kursus basa Jawa ing Suriname kene, wah mendah pintere wong Jawa Suriname mengko, bisa basa Jawa alus lan ngerti tata krama lan unggah-ungguh kaya budayane leluhure sing isih ana neng Jawa Indonesia".
Lagi tekan semono anggonkd maca layange David Sutarmin KT mau aku dadi melu ngguyu dhewe. Kok kahanane meh ora beda karo sing ana kene, sanajan wong Jawa isih akeh cacahe lan urip ing tanah Jawa, nanging kasunyatan akeh wong Jawa sing ora bisa Njawani. Semono uga bab panganan lan olahan Jawa, akeh sing wis padha nglirwakake, ngendi ana cah saiki ngerti lan doyan mangan jangan Brongkos utawa Bobor mbayung? Layange David Sutarmin KT banjur tak tutugake anggonku maca,
Kanggo sawetara aku nyuwun dikirimi majalah utawa koran sing abasa Jawa, (dhuwite bakal tak kirim lewat bank, aku nyuwun nomor rekeningmu Kang). Sanajan aku iki wis tuwa, nanging aku isih seneng mangerteni kahanan Jawa Indonesia, piye kabare pemilihan presiden sing bakal teka, calon presidene apa ya wong saka Jawa? Aku percaya yen Pak Susilo Bambang Yudhoyono (SBY), iku wong Jawa; Pak Prabowo, pak Wiranto, Sultan Ngayogjakarta lan Bu Mega (anake wedok Soekarno) iku ya wong Jawa, nanging Hidayat Nur Wahid lan Jusuf Kalla iku apa ya wong Jawa? nanging kabeh mau ora penting Kang, sing penting wong Jawa utawa wong luwar Jawa kudu gelem nguri-uri lan ngrembakakake basa lan kabudayan Jawa, eman-eman Iho Kang aja nganti cures, wong aku dhewe sing ana Suriname isih kober nguri-uri basa lan kabudayan Jawa. Oh, iya Kang, apa Majalah "Panjebar Semangat" weton Surabaya kae isih urip? Dhek emben aku maca kabar saka internet jare tlatah Grogol Sukoharjo kebanjiran meneh, wah mesakake iku rak nggone simbah-simbah swargi mbiyen ta? Saktemene isih akeh kabar lan panguneging ati sing bakal tak tulis, nanging semene dhisik wae mbesuk disambung maneh. Model nulis laying ngene iki kanggoku malah bisa tetep nuwuhake rasa kangenku saka negara sing adohe ana sak poncote donya. Kae Kang swarane adzan Maghrib wis kumandhang banter celuk-celuk wong Jawa padha manembah marang Gusti Kang Akarya Jagad, yen aku mono isih mbacutke dhawuhe para sepuh, sholat iku ya madhep mengulon kaya dhek jaman isih aneng Jawa Indonesia kae.
Saka sedulurmu,
David Sutarmin Kartotinaya
Layang banjur tak lempit, atiku krasa bungah jebul isih duwe sedulur sing adoh panggonane nanging isih gelem nulis layang, kamangka jaman saiki wis akeh sing padha ninggalake nulis layang, pilih padha telepon apadene SMS-an wae jare luwih cepet, sanajan yen aku sok maca SMS kae tembung-tembunge jan ora ana sing genah malah ora ngerti tata basa. Wengi iku aku wis tata-tata arep nulis layang walesan lan nuruti penjaluke sedulurku sing ana Suriname mau. Mbokmenawa sasi ngarep dheweke wis bisa miwiti bukak toko Gethuk Lindri lan Klepon aneng Suriname kana.

kapetik saking : Majalah Panjebar Semangat
edisi : lali maneh aku

KEMBANG GELOMBANG CINTA

Sajake ora mung aku dhewe sing nduweni rasa gumun marang Pak Bandono tangga tunggal pager karo aku. Nyatane wingi Pak Sasmita sing priyantune meneng ora akeh ngendikane ya rumangsa gumun karo klangenan anyare Pak Bandono sing beda satus wolung puluh derajat dibandhing sak durunge. "Ora ta Dik Bas, saiki Pak Bandono kok malih seneng openopen kembang, kamangka sampeyan pirsa Ian mireng dhewe marang sapa wae Pak Bandono sering kandha yen dheweke paling gething karo tanduran sing arupa kembang. Lha kok saiki platarane kebak kembang malah akehe kembang ngalahake dagangan bakul kembang;" mengkono rasan-rasane Pak Sas marang aku kaya-kaya wis ora kuwat ngampet rasa gumune. "Wah nyuwun duka nggih Pak Sas, kula piyambak nggih gumun setaun njiggleng serendheng sareng ngertos Pak Bandono oper.-open kembang menika.
Ora maido yen Pak Sasmito Ian para warga lingkungan kene padha nggumun kaya aku, amarga saben ana ing kumpulan utawa lagi padha jagongan ngrembug perkara tanduran khususe kembang, Pak Bandono mesthi nyuntakake rasa ora senenge marang tanduran. Sing jare ora nduweni nilai ekonomis, yen ora ngono jare mung mbuwang-mbuwang wektu, timbangane wektu kanggo ngopeni kembang luwih becik kanggo nunggoni dagangan neng pasar sing jelas asile. Malah Pak Ban nate kandha, "Ngene Iho Mas Bas, upama patut latar omah iki tak aspal goreng kabeh, ben ora bisa ditanduri kembang. Yen wit-witan gedhe aku isih seneng apa maneh woh-wohan."
Yen dipikir ya bener, Iha kaya tanduran kembang Tapakdara, Puspanyidra, Kembang Thothokgerot, Sri Gadhing, Kembang Sepatu yen didol ya ora payu. Nanging saiki beda-adoh karo biyen, kembang-kembang sing didol neng kios-kios kembang pancen apikapik Ian jenenge ya aneh-aneh nganggo basa manca barang kaya Aglaonema, Adenium. Euphorbia, Sanseiviera, Anthurium Ian sapanunggalane.
Meh rong puluh taun aku dadi tangga tunggal pager karo Pak Bandono sing saben ndinane dagang sepatu neng kios Pasar Arjowinangun. Malah kena diarani Pak Bandono kuwi juragan sepatu, sebab bakul-bakul sepatu neng pasar kono utawa pasar liyane klebu bakul sepatu neng pasar-pasar kecamatan, kulake sepatu ya neng nggone Pak Bandono. Mula ekonomine Pak Bandono klebu cukup kepara malah turah, nyatane kena kanggo menehi pawitan putrane sing mbukak usaha pabrik tahu, dene putrane sing nomor loro kuiiah nyambi usaha komputer. Dadi upama arep tuku kembang kanggo ngebaki omah Ian pekarangane ya mesthi kuwat. Ning nyatane wiwit biyen mula ya ora nate senggolan karo tanduran kembang, sanajan platarane daleme amba nanging sing ana mung wit pelem gadhung, klapa gadhing karo jambu kluthuk sukun. Nanging saiki arep golek kembang apa wae ana, wiwit sing rega ewon nganti yutan rupiyah.
Mumpung nganggur, tak niyati resikresik latar ngarep nyabuti suket-suket sing wis ketara rada dhuwur-dhuwur. Yen disawang pancen katon njembrung kaya omah suwung. Lagi wae nyabut suket arep tak wiwiti, Pak Bandono ungakungak saka ndhuwur pager aruh-aruh, "Mas Bas, lerenana dhisik nggone nyabuti suket, iki Iho tak pameri kembangku sing anyar Ian saiki lagi ngetren:" Sidane tak endhegake nggonku nyabuti suket Ian tak perlokake nuruti ajakane Pak Bandono nonton koleksi kembange sing ditata asri neng plataran Ian teras omah. Apamaneh kembange sing wernane maneka warna yen disawang jan katon ngresepake tenan, sing abang sak grombol dijejer kembang putih sak grombol. Ana sing godhong thok rupa ijo tuwa disandingne godhong ijo pupus. Malah ana tanduran kaya kamboja ning oyote mblendhuk rupane kuning, jare Pak Ban jenenge Adenium Albino, ana sing ngarani Adenium Golek Kencana.
"Ngene Iho Pak Ban, aku Ian wongwong kene iki padha nggumun bareng ngerti sampeyan open-open kembang sak mene akehe. Kamangka mbiyen sampeyan yen karo kembang paribasane dadiya banyu emoh nyawuk dadiya godhong emoh nyuwek, Iha kok saiki kaya wong lagi gandrung kapirangu karo kembang". Tak wanek-wanekake aku takon alasane Pak Bandono anggone seneng kembang, timbang dadi wudun. Kanthi sareh Pak Ban mangsuli: "Ya bener Mas, yen sampeyan karo kanca-kanca liyane padha nggumun bareng saiki aku seneng open-open kembang. Aku isih kelingan yen mbiyen aku malah nate ngomong open-open kembang kuwi mung mbuwang-mbuwang wektu merga kembang ora nduweni nilai ekonomis, ora ngasilake dhuwit. Ning Mas Bas ngerti dhewe yen kembang kuwi saiki payu didol, malah kena diarani saiki dadi komoditas ekspor, wong nyatane akeh jenis kembang saka kene sing dikirim menyang manca negara. Mula saiki-aku open-open kembang masiya durung ngasilake dhuwit, kembang-kembang iki tak anggep barang dagangan sing mengkone bakal ngasilake dhuwit".
"Sing iki jenenge tanduran apa Pak Ban? Pethetan iki jaman aku cilik wis padha ditandur neng pot;" aku takon karo nudingi tanduran pethetan sing bentuke ana sing kaya pedhang karo kaya pendhok. "Iki jeneng komersiale Sansievieria, pancen mbiyen ora ana regane, saiki malih ana regane masiya mung sangisore sepuluh ewu rupiah. Nek iki jenis Aglaonema; Pak Bandono kandha ngono karo nudingi kembang sing godhonge kaya Kembang Sri Rejeki. "Sing godhonge abang mbranang iki jenenge Red Sumatra regane saben godhong telungpuluh ewu. Sing sak jenis karo Red Sumatra, iki jenenge Snowhite, Red Peacock, Valentine." Isaku mung meneng tambah nggumun kok Pak Bandono olehe apal karo jenenge kembang-kembang kuwi. Tur maneh regane kuwi Iho kok ngetung godhong, kathik saben godhong regane puluhan ewu. "Lha sing iki jenis Adenium, sing digoleki sak liyane kembange yaiku umbine utawa oyode sing mbendhul-mbendhul kuwi. Saya akeh lan saya apik bentuke oyode regane saya larang nganti tekan jutaan barang. Malah sing oyode cacat kaya iku, rupane kuning diarani Adenium Albino utawa Golek Kencana, regane luwih larang. Yen ngene iki ya dadi rejekiku Mas, wong mbiyen aku tuku oyode durung kuning ngene. Dhek Sabtu kepungkur wis dinyang juragan kain arep dituku sepuluh yuta, ning ora talk kekne.
"Sing paling larang endi Pak?" aku takon ngono kareben ndang rampung nggone crita prekara kembang sebab srengenge meh angslup neng walike Gunung Sedheng sing mbatesi ambane kutha Pacitan. Pak Bandono mlaku menyang pojokan teras omah terus lungguh karo ngelus-ngelus godhong sing ambane sak epek-epek lan dawane meh sak meter warnane ijo tuwa. "Sing larang dhewe iki Mas, jenis Anthurium Gelombang Cinta, aja ngomong ibune Asri ya Mas Bas, regane kembang Gelombang Cinta iki patang yuta, merga saiki lagi ngetren lan pancen akeh sing padha seneng karo bentuk godhonge sing ngembang bakung. Sing iki Mas, suk nek wis gedhe regane luwih larang tinimbang Gelombang Cinta, jenise padha karo Gelombang Cinta ning godhonge rupane ireng mula diarani Black Cardinal. Isih bakalan ngene regane nganti satus ewu rupiah."
Bareng mlaku mulih pikiranku malih pecah dadi loro, sing separo mikir kembange Pak Bandno sing kanggoku kaya tambang emas wae, dene sing separo pikiranku tumuju menyang omah, mbuh kaya apa mengko ulate mbok dhewor menawa ngerti suket latar ngarep ora sida tak cabuti. "Kono, gek melu-melu open-open kembang ben diarani wong sugih, jate arep ngresiki latar kok malah jagongan!" Mbok Dhewor sida bengok-bengok tenan. "Lha wong diceluk nyang omahe mosok arep emoh, tur maneh sapa sing arep kulakan kembang wong regane padha karo bayar telung sasi," aku nyauri sak kecandhake karo terus mlebu kamar mandi.
Bubar subuhan wis dadi penggaweanku terus nyandhak kelud ngresiki omah, dene ibune Pandu utheg neng pawon nyiapne sarapane bocah-bocah. Lamat-lamat krungu swara tangise wong wedok, bareng tak setitekne jebul swara tangis mau saka daleme Pak Bandono. Ora suwe keprungu swara pating grobyag kaya barang-barang dibuwang. Enggal-enggal aku mara menyang daleme Pak Bandono. Karo nangis Bu Bandono mecahi pot-pot kembang pating blasah neng plataran.
"Sapa Dik Bas, sing ora panas atine yen dikhianati, jare open-open kembang kanggo dagangan, jebule malah dhemenan karo anake bakul kembang." Bubar ngendika ngono Bu Bandono terus mlaku nyedhaki kembang Gelombang Cinta, kelingan yen kembang kuwi larang regane enggal-enggal tak parani. "Nuwun sewu Bu, nek kembang niku larang regane empun dipun jur-jur eman-eman." Bu Bandono mengo nyang aku takon, "Lha niki kembang napa?" Setengah ndredheg tak wangsuli, "Niku namine kembang Gelombang Cinta." Krungu jenenge Gelombang Cinta sakala tangise Bu Bandono saya banter. "Uuuu uuu uuu Gelombang Cinta??!" Sidane pot kembang Gelombang Cinta digolingne terus dipecah, sikil loro dianggo ngidak-ngidak godhong kembang Gelombang Cinta. "Gelombang cinta apa! Nek ngene iki jenenge dudu gelombang cinta nanging tragedi cinta!" Ora sengaja aku nggresah, "Oh, Gelombang Cinta eehh tragedi cinta".

saking : Majalah Panjebar Semangat

Dharma Wanitaku

Honda bebek duweke mbak yuku dakwetokake, dakpanasi sedhela. Rampung adus sarapan, banjur srat-sret neng ngarep ngilon. Bareng lan lakune jungkat aku ngudarasa. Yagene nganti seprene aku kok durung diwengku priya. Umur ngancik kepala tiga, yen kanggone lingkungan desaku dianggep wis rada kasep. Apa sasuwene iki ana tumindakku sing kurang pener? Ora! Ora kok krana rupane elek. Utawa sok alim. Wong nyatane ora sethithik kanca priya sing nyedhaki aku. Malah keh-kehane wis padha nelakake apa karepe. Nanging durung ana sing dakantebi. Ana, dhing, ning aku isih mrongga-mranggu.
Pirsa yen aku macak kenceng ibuku mrepegi.
"Arep nyang endi ta Mik?"
"Nggone pak Priyo! Iki lo, mbalekake buku. Aku lagi eling bareng resik-resik kamar wingi, nek biyen aku tau nyilih buku-bukune"
"Mbalekake buku, apa mbalekake buku? Lho, rak wis ana yen limang taunan ta kowe ora dolan rana?"
"He-eh he!"
"Wong elingku, sajege pak Pri nembung arep ngrabi kowe kae terus ora tau sambung maneh. Eh, Mik, kowe kuwi piye ta? Pak Priyo kuwi kurang apa, kok biyen ora mbok gelemi wae?"
"Ya kuwi ta buk, saiki aku gelem!"
"Wooo bocah ra nggenah!"
"Wis buk, aku budhal. Dongakke ya?"
Ibu mendel wae. Ateges nyarujuki. Honda dakslah, Bismilah. Budhal aah. Mampir kancaku sedhela terus tancep gas.
Embuh, rumangsaku swasananing ati iki kok kaya isih umur welasan ngana kae. Endah kang sarwa sinawang, endah kang, sarwa rinasa. Sadalan-dalan tumuju daleme pak Priyo, antarane Kertosono-Prambon, pikiranku mung mbulet wae neng citrane pak Guru Kesenian Republik Indonesia kuwi.
Wonge prasaja. Ora sepirowa nggantheng. Lan dedege... kepara rada endhek. Ning aku seneng yen cedhak dheweke. Ngrungokake kojahe sing pancen ora njelehi, karo nyawang olehe ngrokok! Gayane leh nyumet jan khas banget. Apa maneh yen pak Pri lagi main gitar, nembang nostalgia. Aku, sing lungguh ing sandhinge, melu nyanyi yen nujoni syaire rada bisa. Walaah presis pilem nasional taun 80-an ngana kae.
Tepungku karo pak Priyo, sajege dheweke melu mbantu mulang ing sekolahan swasta "SMP Ikhlas Dharma Bhakti" panggonanku gupak kapur karo ngenteni ana ujian pengangkatan. Coba, ta. Sapa sing ora nratab, sajroning rapat guru, mara-mara pak guru anyar kuwi ngulungake lempitan kertas saka arah mburiku. Bareng dakbukak, eh ana gambarku. Wih, jan presis tenan olehe nggambar. E... jebul ayu tenan ta aku iki. Hi... GR aku! Ben!
Nate dheweke ngajak aku ngetutake murid-muride karya wisata. Embuh, kala semana aku kok njur gelem ngono wae. Ora dakreken rerasane kanca-kancane pak Pri, uga murid-muride. Kuwi rak hake, sing penting aku ora ngganggu. Kabeh lumaku kanthi lancar, lan iku lumrah-lumrah wae kanggoku.
Aku lagi kaget bareng ing sawiji dina pak Priyo (kesusu) ngomongake bab nikah. Wadhuh, kojur tenan aku!
"Kareben ora kakehan dosa lo bu!" ngono jarene. Olehe lugu kuwi lo!
"Iya, ning aku isih durung gelem ngomongake bab kuwi, pak!"
"Awake dhewe rak ya wis cocog ta? Ngenteni apa maneh?"
"Ya ... dakpikire dhisik ta pak," iki entek-entekane jawabanku. Klise, pancen. Jane mono aku mung kuwatir, kepriye saupama kebacut daktampa lamarane, banjur mas Wawan teka. Apa ora ateges bakal ana perang gedhen?
Haladalah! Surate mas Wawan sing teka. Ngabari yen arep mrene, nglamar. Apuranen ya pak Pri, ngono bantinku.
Ukara iku sida kawetu temenan bareng wis daktemokake sangat sing pas.
Aku wis manteb, bakal nyedhekake pengarep-arep ing dhadhane mas Wawan. Hm.... blong rasane aku bisa njlentrehake marang pak Pri kanthi alasan sing ora dakgawe-gawe. Amplop surate mas Wawan uga daktuduhake. Beres.
Nanging, kenangapa pak Pri ndadak nyawang aku kanthi tajem, kaya tembus ing jantung. Nganti aku ora kuwawa nempukake panyawang.
"Mung dhapur surat wae kuwi mbokpercaya?"
"Wis suwe banget pak, aku sesambungan karo mas Wawan! Adoh sadurunge kenal panjenengan. Dheweke iku......”
Dakcritakake kabeh ngenani mas Wawan. Wiwit kenal sepisanan neng kampus, nganti saiki wis dadi wong sukses. Kaya sing dakwaca ing surate, jare saiki dheweke menehi kuliah ing sawenehing PTS neng Surabaya kana. Terus terang aku rada mbanggakake. Awit aku kurang sreg saupama dadi sisihane pak Priyo, sing mung pegawe negeri golongan loro. jare wong-wong kae tangeh lamun bisane nggawekake omah. Wajar ta wong wadon milih cagak sing luwih rosa?
"Wis ta lalekna Wawan kuwi. Kejaba yen dheweke wis mrene temenan, apa maneh dikantheni wong tuwane, kuwi lagi mbok percaya"
"Pak.... aku wis kadhung......”
"Kadhung prajanjen karo dheweke, yen arep nikah taun iki. Karodene...aku rumangsa ora pantes yen urip sesandhingan klawan panjenengan. Pak Pri ki "terlalu baik" kanggoku. Pisan maneh, apuranen aku, pak"
Pak Priyo ambegan jero. Rokoke disedhot ngeget nuli age-age dibuwang najan isih dawa. Oh, ketara yen dheweke kuciwa banget. Dhuh, geneya aku biyen kok ditakdirake dadi wong wadon. Kepriye-kepriyea kae ya ringkih. Mripatku kembeng-kembeng. Ngelingi yen wis sawatara suwene aku runtang-runtung karo dheweke. Menyang ngendi-endi karo dheweke. Nanging kepriye maneh, jer manungsa urip kudu ndarbeni prinsip. Kudu nemtokake sawiji manawa diadhepake pilihan-pilihan. Lan...ing bab mangkene iki ora mung wong lanang wae kang wenang milih.
Wektu gumanti terus miturut aturane sing nglakokake wektu. Pranyata bener kandhane pak Priyo. Sing dakranti ora katon irunge. Lan impenku dadi buyar ora karu-karuwan. Ah, mesthine kanca-kanca priya sing biyen padha nyoba ngranggeh katresnanku, saiki wis padha omah-omah. Aku pasrah. Sumarah. Ndremimil dongaku muga-muga isih ana gisik kang jembar ing atine pak guru Priyo Dyatmiko. Atine banget putihe. Ana slenthingan kabar, jare pak Priye arep ngepek muride, nanging bocahe ora gelem.
Tekan daleme pak Pri, langsung mijet bel.
"Mangga..... pinarak bu!" sawijining kenya jilbaban mbagekake. Bocahe manis. Adhine pak Pri mesthine, ndheleng miripe.
Karo mapanake bokong, daksawang sakupenge ruwang tamu, kaya akeh sing wis owah. Limang taun kepungkur kursine ora ngene. Jrambahe wis keramik. Lukisane neng tembok uga wis ganti. Biyen ekspresif saiki naturalistis.
Adhine pak Pri nyuguhake teh lan manggakake, kairing eseme kang nyurung krentegku daya-daya pengin kepethuk eseme kangmase. Sawise nelesi gorokan, lagi aku nakokake pak Pri. "Anu bu, pak Pri saweg tindak sekolahan"
"Lho iki rak dina Minggu ta Dhik?"
"Inggih, wonten kegiyatan pramuka ngoten lo. Ananging namung ngendhangi kemawon kok. Sekedhap malih rak kondur. Ng... nuwun sewu, punapa panjenengan punika bu Mamik?"
"Lho, adhik kok ngerti?"
"Inggih, lamat-lamat kula kemutan. Panjenengan rak ingkang nate ndherek karya-wisata sekolahanipun pak Pri ta bu? Kala semanten ingkang karya-wisata pas kelas kula”
"O.... adhik iki biyen ya neng SMP loro? Muride pak Pri uga?"
"Inggih pancenipun kula rumiyin sekolah dhateng ngrika. Sareng sampun lulus, lajeng.."
Rheng ..... Ana sepedhah montor mlebu plataran.
"O Iha nika, pak Pri sampun kondur." Aku noleh menjaba. Pak Priyo katon rada lemu lan uga luwih gagah yen ngagem sragam Pramuka. Sajak manglingi. Brengosen sing biyen tipis saiki katon nggameng. Rambute rapi. Ora kaya biyen, rada gondrong awut-awutan.
"Wo, ana tamu ta! Lho? Bu Mamik!
Wis suwe bu?"
Pembina Pramuka kuwi nyalami aku karo ora keri eseme kang khas. Mak cless rasaning atiku, kaya katetesan banyu panguripan Pak Priyo banjur lenggah jejer adhine, presis oleh ngarepku. Aku dadi "salah tingkah!"
"Ijen wae?"
Aku mesem ampang, awit pitakone ngemu pasemon.
"O ya. Bu Mamik, kenalna iki...:" Pak Pri noleh adhine, karo astane dipanglungake pundhake kenya jilbaban kuwi.
"Ya iki.... Bu Priyo. Dharma Wanitaku" Si manis jilbaban kuwi mesem, manthuk alon.
Sakala aku kaget. Nuli otot bayuku lemes kabeh. Nganti ora krasa buku sing dakcekeli ceblok. Lambeku kedher ........
"Dadi, iki dudu adhine? Iki garw.....' Sirah ndadak klemun-klemun. Ndonya peteng ndhedhet.

saking : Majalah Panjebar Semangat
edisi : lali aku

Biso Gawe Marem

Sedhela maneh, kurang saka rong wulan aku wis bebas menganggo, ora kudu nganggo seragam abu-abu putih, bangku SMA bakal dak tinggalake. Angenangenku wis lumaku adoh, yen ora UGM ya ITB, paling ora ya UNS wis trima, pokok pamulangan luhur negeri, awit wong tuwaku mung randha pensiunan, iku wae dhuwit pensiunan kudu disisihake separo kanggo tuku obat menawa sakwanci-wanci gerahe kambuh. Saupama aku ketampa neng ITB aku wis mangerteni dhaftar alamat alumnus SMAN I kang saiki kuliyah aneng ITB sing bakal dak jujug, uga dhaftar alamat alumnus SMAN I sing saiki wis dadi wong sing berhasil. Pancen nalika reuni akbar taun 2000 sengaja aku golek kenalan kangmas lan mbakyu seniorku sing saiki wis berhasil. Ana sing saiki dadi menteri, ana sing saiki dadi panglima TNI, lan sing nglungguhi jabatan eselon siji utawa eselon loro ing Departemen utawa ing BUMN. Pamrihe mung siji: besuk bakal dak jaluki tulung melu ngragadi kuliyahku. Aku mono mung pawitan karep lan sregep sinau. Ning kanggo wragad yaiku mau dalane srana ngubengake tampah golek bantuan beasiswa. Pancen babagan sinau utawa sekolah bapak swargi banget anggone nggatekake, aku kelingan nalika isih kelas loro SD, aku dijak nonton proyek pembangunan hotel tingkat sepuluh ing kuthaku. Bapak ngendika: "Ngerti kowe, sapa sing nggawe hotel iku?" Aku ora bisa wangsulan, sidane bapak paring wangsulan dhewe: "Sing mbangun hotel iku insinyur bangunan lan arsitek!". wangsulane bapak manteb. "Sekolahe neng ngendi pak?" Bapak katon seneng banget mireng pitakonku mau, karo nyawang wewangunan hotel sing durung rampung anggone mbangun bapak wangsulan: "UGM, ITB, ITS UNDIP lan ing kutha Solo iku ya ana! Kowe mbesuk kudu sekolah ing kono ben bisa dadi insinyur utawa arsitek".
Emane nalika aku lagi lulus SMP bapak wis sowan marak ing ngarsane Pangeran, aku dadi bocah yatim. Ana rasa sing ora bisa dak bendung, aku duwe kekarepan lan krenteg kang gedhe kanggo mujudake pepenginane bapak nalika semana, kepengin anake lanang sing ontang-anting iki bisa dadi insinyur utawa arsitek.
Saka kidul katon kledhange pak Sujud, wali kelasku, tindak nuju kelasku. "Pram, ditimbali pak Kepala Sekolah!" Mak dheg rasane ati kaya didhodhog, gek ana apa, batinku rada geter. Ana ngarepe bapak Kepala Sekolah aku lungguh kursi rada wedi "Nimbali kula pak?", "Ya, ana bab sing wigati kanggomu!". Karo mbukak layang, bapak Kepala Sekolah ngendika "Iki ana tawaran beasiswa kanggo bocah sing pinter lan anake wong kesrakat". Mak plong rasane atiku, krungu ngendikane pak Toyibun, Kepala Sekolahku, kaya antuk dalan kanggo nggayuh impenku saksuwene iki. "Yen bab kepinteran aku percaya yen kowe pinter, bijimu apik-apik kabeh malah kepara dhuwur dhewe sak sekolahan iki. Nanging aku durung mangerteni kahanan sing saktenane ekonomine wong tuwamu".
Kaya wong ketiban rembulan rasane, atiku bungah banget. "Kula purun pak menawi dipun ragadi kuliyah, awit tiyang sepuh kula namung randhanipun pensiunan".
Dina iku aku rumangsa dadi wong sing paling begja sak sekolahan, rumangsaku kabegjaning ati ora bisa digambarake nganggo ukara. Ana ing acara wisudha siswa, dibiwarakake yen aku lulus kanthi biji sing paling dhuwur dhewe. Ora mung iku, isih ketambahan warta sing nyenengake ati, Pramono siswa jurusan IPA3 ketampa aneng ITB Bandung. Swarane keplok lan suraking kanca-kanca mbata rubuh, atiku bombong sak genthong gedhene, kabeh kanca lan guru padha nyalami aku. Maturnuwun... maturnuwun...
“kowe sido kuliyah neng Bandung Pram?” pitakone sibu ndadekake kagete atiku. “Inggih bu, awet sampun ketampi wonten ITB!”, wangsulanku karo mesem. “Njupuk fakultas apa?”. "Kula ketampi wonten fakultas Teknik jurusan Sipil bu". "Terus wragade piye, kost ana ngendi, kapan mangkate?", pitakone sibu mbrubul ora ana enteke. Sanajan katon bungah aku ketampa aneng ITB, nanging sajake penggalihe rada ora kepranan aku kuliyah neng ITB. "Karepku mono kowe kuliyah neng kedokteran, paribasane bisa ngiras ngirus kowe mbesuk bisa ngopeni aku yen aku lara!", ngendikane sibu mau keprungu kaya sajak cuwa penggalihe. Krungu tembung-tembung sing ngandhut penjaluk mau atiku dadi bingung, gek aku iki anak ontang anting sing kudu manut miturut dhawuhe sibu, nanging kabeh mau wis kebacut, aku ngrumangsani luput nalika arep milih jurusan ora nyuwun tetimbangan sibu, awit aku mung kepengin nuruti apa sing dadi kersane swargi bapak mbiyen sing kepengin putrane lanang iki dadi insinyur utawa arsitek. "Menawi babagan wragad kula kuliyah wonten ITB lan panggesangan sekdangunipun kuliyah sampun wonten ingkang nanggel ngantos lulus". "Ya syukur yen wis genah ana sing nanggung, aku bungah, nanging apa ora bisa pindhah fakultas Kedokteran?". Krungu ngendikane sibu mau aku tambah bingung, sajake pepenginane sibu supaya aku kuliyah aneng kedokteran mau kepengin dituruti temenan. "Mekaten nggih bu, pilihan kula wonten fakultas teknik kala wau nggih anggen kula nuruti kersanipun babak swargi!" "Oh, .... ngono ta, ya wis aku manut!" Sidane sibu mangestoni anggonku kuliyah ana ing ITB Bandung.
Taun sepisan aku urip ana Bandung kabeh lumaku lancar, kuliyah lancar, ragad ya lancar, mula asile kuliyahku ya apik banget, bisa gawe mareme wong sing menehi beasiswa. Saben liburan aku merlokake mampir nyang daleme bapak Ir. Rohmad ing jalan Braga Bandung kang maringi beasiswa. Dhasar priyayine grapyak tur padha-padha saka Solo, mula penganggepe marang aku kaya kulawarga dhewe, malah aku bisa kekancan raket karo kabeh putra-putrane sing lagi kuliyah ana ing njaban kutha Bandung. Saben-saben ketemu mesthi aku dijaluki tulung karo putra-putrane supaya ngajari basa Jawa, amarga sedina sedinane padha nggunakake basa Sundha karo ibune sing pancen asli priyayi Priyangan iku.
"Nak Pramono, coba aku tak takon karo sliramu!”, ngendikane pak Rohmad nalika sawijining dina pinuju jagongan ana teras. “Inggih,... wonten wigatos punapa pak”, wangsulanku rada kaget. "Yen dak sawang lan dak gatekake, sakploke anak-anakku mbok ajari basa Jawa, saiki dadi pinter, lan ngerti unggah ungguh, ngerti suba-sita marang wong tuwa".
Krungu ngendikane pak Rohmad mau aku dadi melu seneng. Pancen nalika aku ketemu sepisanan karo putra-putrane pak Rohmad aku rada kaget, jebul putra-putrane adoh saka tumindak unggah-ungguh, andhap-asor karo wong tuwa, jebul bareng karep srawung karo aku sing wong Jawa asli kelairan Solo dadi malik grembyang. Malah miturut rencanane, Dhik Diyah putrane pak Rohmad sing saiki lagi kuliyah aneng fakultas Kedokteran Unpad mau kepengin dolan menyang Solo sowan daleme eyange ing kampung Mangkuyudan.
Mbuh apa iki wis garising uripku, srawungku karo pak Rohmad lan kulawargane sangsaya raket, sedhela maneh aku bakal diwisudha minangka insinyur teknik sipil, Dhik Diyah sajake kok ya tambah raket karo aku, kamangka kanca-kancane pria sing calon dokter ya akeh, malah dheweke sanggup ngancani aneng acara wisuda mbesuk, semono uga ibuku kok ya katon seneng aku duwe kanca calon dokter, nanging aku ora wani njanjekake marang ibuku. Aku lagi wae mlebu marang jagading bebrayan masyarakat kang lagi nedheng-nedhenge mbangun ing sakabehing panggonan, PT Wastika Karya wis nunggu tenagaku. Perkara sesambunganku karo Dhik Diyah durung kepikiran, nanging ana rasa eman yen nganti katresnane Dhik Diyah mrucut saka tanganku. Aneng acara wisudha ibuku terus dikanthi astane karo Dhik Diyah. Bubar acara wisudha padha poto-potonan, ora krasa eluhku dleweran, wewayangane swargi bapak katon seneng marem, ing sandhingku sibu ya rumangsa marem aku cecaketan terus karo Dhik Diyah. Dina iku aku sing mung bocah yatim bisa gawe marem kabeh kulawargaku lan kulawargane pak Rohmad. Udan rintik-rintik nelesi kutha Bandung sing awan iku dadi saksi perjuwanganku nggayuh impene bapak swargi, muga-muga aku bisa gawe marem penggalihe sibu sing kepengin bisa duwe mantu dokter.

Kapetik saking : Majalah Panjebar Semangat
edisi : mboh klalen

BBM "Bahan Bakar Minyak"


Esuk kuwi langite biru resik. Ora katon mendhung secuwil­-cuwila. Mangka wis nyandhak sasi Januari 2007. Biyasane wulan Januari kuwi wis nengah-nengahi rendheng. Udane nggrejeh saben dina. Yen wong Jawa ngarani sasi Januari wektune "hujan sehari-hari". Nanging taun iki rendhenge kok sajak aras-arasen. Lagi udan deres we­tara seminggu, udane wis arang njedhul.
Ndeleng cuaca katon resik, Pak Sa­dewa nglegakake klintong-klintong, nya­lurake hobine, mlaku-mlaku. Ngiras sanja nyang daleme Pak Mardi, kanca rakete. Tekan daleme Pak Mardi, lawange tutup­an. Pak Sadewa nothok lawang. Nuli Bu Mardi mbukak lawang kanthi mesem se­manak.
"Oo, Pak Sadewa. Mangga-mangga pinarak!"
"Pak Mardi wonten ndalem, Bu?"
"Wonten, menika nembe tumbas rokok wonten warung ngajeng."
Ora suwe Pak Mardi katon ketebang­-ketebang karo nggawa rokok rong bung­kus. Mlangkah lawang karo ngguyu mle­ngeh.
"Wis suwe, Pak?" ngono pitakone karo nyalami Pak Sadewa.
"Lagi wae," wangsulane Pak Sadewa karo nglirik rokok sing digegem Pak Mardi. Sawise Pak Mardi mapan lungguh, tanpa rikuh-rikuh Pak Sadewa ngelikake.
"Penjenengan saiki ses maneh ya, Pak? Lagi wae stroke dhangan kok saiki ses maneh," dielikake kaya ngono, Pa Mardi ngguyu ngakak.
"Ha, ha, haaa..., terima kasih, terima kasih Pak Dokter atas peringatannya. Wong aku saiki wis blas ora ngrokok kok, Pak. Aku tuku rokok iki kanggo wong­wong sing arep kerja bakti. Aku ora bisa melu kerja bakti. Ngalahi nukokke rokok”.
"Sokur, sokur yen seduluruku wis ora ses"
"Iki mau saka ngendi ta, Pak, kok esuk-esuk?"
"Saka ngomah, ya pancen arep dolan mrene. Wis suwe aku ora ketemu Pak Mardi."
"Mau nitih apa?"
"Nlapak wae"
"Jalan kaki? Hebat! Patang kilo luwih Iho, meh limang kilo."
"Penghematan; Pak. Merga saploke BBM mundhak, biaya transportasi cukup dhuwur. Nanging sing luwih penting, aku mlaku kuwi ngiras olahraga. Jarene jalan pagi kuwi minangka olahraga sing ampuh.
Aku wis mbuktekake, sepuluh taun luwih saben esuk aku olahraga jalan pagi. Awak rasane kepenak:"
"Pancen bener, Pak" ngono tanggap­ane Pak Mardi kanthi ngacungake jempol. "Sawise laraku mari, saben esuk dak per­lokke mlaku-mlaku setengah jam. Saiki kesehatanku rada pulih."
Pak Sadewa nyawang Pak Mardi, sa­jake pancen luwih sehat tinimbang wingi­wingi. Nuli mbacutake anggone ngobrol.
"Kejaba nyehatake awak, anggonku mlaku-mlaku esuk iki mau uga ana guna­ne. Aku mau weruh mobil-mobil plat me­rah kanggo ngeterke anak pejabat bu­dhal sekolah, nyonyah pejabat nyang pa­sar Ian toko. Ana maneh mobil dhinas sing kanggo ngeterke nyonyah pejabat lunga main tennis”
Pak Mardi plenggang-plenggong, ora ngerti sing dikarepake Pak Sadewa. Mula njur ngoyak pitakon.
"Yen mung weruh kaya ngono wae njur apa gunane, Pak?"
Sing ditakoni mesem karo njelasake: "Pak Mardi mesthine nate maos, sa­wetara wektu kepungkur ing koran ana berita menarik"
"Menarik?"
"He-eh, dhaftar urutan tingkat ko­rupsi."
"Apa iya, Pak?"
"Apa penjenengan ora maos? Sing dakanggep menarik Ian lucu, legislatif sing minangka wakil rakyat, mendhu­dhuki tingkat tertinggi"
"Tingkat tertinggi ing babagan ko­rupsi?"
"Berita ing koran pancen kaya ngono. Aku uga nate maca koran sing nyebutake yen tingkat korupsi ing Indonesia mri­hatinake. Dibandingake negara-negara liya, tingkat korupsi ing Indonesia klebu dhuwur. Lha yen wakil-wakil rakyat sing kudune mikirake kepentingan rakyat, ning malah mendhudhuki rangking ko­rupsi tertinggi, mesthine korupsi ing ne­gara kita iki angel dibrantas. Korupsi wis kadhung membudaya."
Pak Mardi nlesih maneh.
"Engko sik, Pak. Penjenengan mau ngendika yen anggone mlaku-mlaku esuk iki mau ana gunane, merga weruh mobil­mobil plat merah kanggo kepentingan pribadi. Njur gunane apa Ian apa hu­bungane karo berita koran sing nyebut­ake urutan tingkat korupsi?"
Pak Sadewa dhehem-dhehem, me­sem maneh sithik, nuli ngomong mantep: "Fenomena sing dakweruhi esuk iki mau luwih ngyakinake yen korupsi ing Indonesia pancen wis membudhaya."
"Dadi miturut pemanggihe Pak Sa­dewa, anane mobil-mobil dhinas kanggo kepentingan pribadi kuwi minangka in­dikator yen korupsi ing Indonesia wis me­langit?"
"He-eh, Pak. Ning fakta sing dakwe­ruhi esuk iki rnau mung minangka salah sijine indikator. Indikator-indikator liyane isih akeh sing ngyakinake aku, yen ko­rupsi pancen wis berurat-berakar."
Pak Mardi isih nyoba nguji panemune Pak Sadewa.
"Nganggo mobil dhinas kanggo ke­pentingan pribadi iku apa klebu tindak korupsi ta, Pak?"
"Ya jelas. Mobil dhinas kuwi nganggo BBM sing dituku nganggo dhuwit jawat­an, dhuwite negara, alias dhuwite rakyat. Terus kanggo ngeterke anak pejabat se­kolah, nyonyah pejabat nyang pasar, menyang toko, lunga latihan tenis, Ian liya liyane. Gedhe cilike iku rak klebu korupsi BBM"
"Nanging mesthine pejabatyen ngang­go mobil dhinas kanggo kepentingan pribadi rak tuku BBM dhewe ta. Pak?" Didhebat kaya ngono, Pak Sadewa enggal numpangi rembug.
"Bisa uga peraturane pancen kaya ngono. Ning dakkira ora kabeh pejabat mematuhi peraturan."
Pak Mardi manggut-manggut ngom­byongi omonge Pak Sadewa, nuli urun panemu :
"Mesthine pancen ana pejabat sing 'nakal; luwih seneng nganggo BBM tuko­ne pemerintah. Ora usah cucul dhuwit. Gratis!"
Pak Sadewa karo Pak Mardi padha ngguyu ngakak. Njur Pak Sadewa nyam­bungi:
"Saupama ana pejabat sing gelem tuku BBM dhewe kuwi yen pinuju le­lungan adoh, upamane tilik sedulure nyang desa, apa nekani resepsi manten nyang kutha liya. Ning sakliter utawa rong liter mesthine rak isih katutan BBM tuko­ne pemerintah. Angel kanggo milah-mila­hake BBM sing wis campur ana tangki, endi sing dituku nganggo dhuwit jawat­an, endi sing dituku nganggo dhuwit pri­badi."
Pak Mardi manggut-manggut maneh, ning isih nyoba ndhebat:
"Yen mung sakliter utawa rong liter wae rak ora ngrugekake negara, ta, Pak?" "Lho, ora ngrugekake negara priye? Coba ayo dikalkulasi nganggo asumsi minim wae. Upama saben pejabat sedi­nane nganggo BBM tukone pemerintah setengah liter wae. Ora nganti sakliter apa maneh rong liter. Lan saupama ing saben kabupaten ana 15 pejabat sing nganggo mobil dhines. Ateges saben dina negara kelangan BBM 7,5 liter. Yen diaji dhuwit Rp 33.750,00:"
Pak Mardi sumela ngetokake pane­mune.
"Kuwi yen dietung sakabupaten. Lha yen dietung sa-Indonesia njur pira dhu­wit sing amblas saben dinane?"
"Aku ora ngerti persis, pira jumlahe kabupaten Ian kotamadya ing Indonesia. Biyen yen ora salah ana 318 kabupaten Ian kotamadya. Ning embuh saiki. Wis, murih gampange, awake dhewe ngang­gep ing Indonesia ana 300 kabupaten Ian kotamadya. Tulung, penjenengan etung nganggo kalkulator, Pak!"
Pak Mardi menyat, njupuk kalkulator ing laci meja. Terus tal-tul, nutuli tuts kalkulator. Bareng wis ketemu jumlahe, kalkulator diulungake marang Pak Sa­dewa. Pak Sadewa njinggleng angka­angka ing kalkulator, njur cluluk.
"Sepuluh juta seratus dua puluh lima ribu rupiah:"
Pak Mardi nrambul nyelani maneh. "Kuwi sedina Iho, Pak. Yen sesasi, se­taun, njur pira? Coba penjenengan ba­cutke ngetung, Pak!"
"Sesasi daketung nemlikur dina wae ya, Pak:" Ngomong ngono Pak Sadewa karo nutuli kalkulator, 10.125.000 x 26. Kalkulator dituduhake Pak Mardi. Sing di­ulungi kalkulator enggal nliti angka­angka, 263.250.000. Terus alok.
"Wah, dua ratus enam puluh tiga juta dua ratus lima puluh ribu. Seprapat milyar punjul. Kuwi sesasi:"
Pak Sadewa nanggapi kanthi ngo­mong.
"Penjenengan teruske ngetung se­taun, Pak!"
Pak Mardi ngetung maneh, 263.250.000 x 12. Ketemune diiling-ilingi 3,159.000.000. Terus alok semu gumun..
"Telung milyar luwih. Bukan main! Dhuwit sernono akehe saben taun am­blas."
Pak Sadewa nanggapi rembugan.
"Kuwi awake dhewe mung ngetung BBM sing dianygo pejabat kanggo ke­pentingan pribadi ing tingkat kabupaten. Durung ngetung sing dienggo pejabat tingkat provinsi, departemen, nondepar­temen, pejabat BUMN Ian BUMD, DPR, MPR Ian DPRD. Yen awake dhewe tlaten ngetung bisa uga saben taun ana limang milyar luwih dhuwit negara sing ora ka­ruwan juntrunge gara-gara setengah liter BBM sing dienggo saben pejabat kanggo kepentingan pribadi ing saben dinane. Pancen dhuwit lirnang milyar kuwi yen dibandhingake dhuwit sing dikorup para koruptor ya isih kepetung sithik. Lha wong koruptor saiki yen nindakake kadurjanan korupsi orang tanggung tanggung, atus­an milyar nganti trilyunan. Ning kanggo­ne rakyat cilik kaya awake dhewe iki, dhuwit limang milyar kuwi luwar biyasa akehe, uakih.... isih nganggo buangett.... !"
Pak Mardi ngetokake panguneg-uneg karo semu mbanyol.
"Awake dhewe seumur hidup ora bakal weruh dhuwit limang milyar. Mung weruh wae, ora nduweni, ora bakal kla­kon. Embuh yen sajrone lamunan apa impen, ha...., ha..... haaa....."
Wong loro padha ngguyu ngakak maneh.
Sawetara suwene, Pak Mardi rnikir­mikir, terus ngajokake panemu.
"Bisa uga para pejabat nganggo mobil dhines kanggo kepentingan pribadi iku pancen minangka fasilitase. BBM sing di­enggo para pejabat kanggo kepentingan pribadi uga minangka fasiltias."
"Bisa uga ngono. Ning saupama be­ner kaya ngono, kanggone wong cilik sing bodho kaya awake dhewe iki, njur ana rasa ngganjel. Ora adil. Para pejabat bayare wis gedhe, tunjangane akeh, fasi­litase macem-macem. Luwih-luwih para anggota DPR, mengko yen PP no. 37/ Tahun 2006 sida dileksanakake, pengha­silane bakal tikel tekuk. Lha kok isih entuk fasilitas BBM. Yen wong cilik, saploke ke­naikan rega BBM taun 2005 kae, arep lelungan numpak kendharaan umum wae kudu etung-etung. Sangune cukup apa ora?"
Wong loro padha ngawasi jendhela, nyawang mendhuwur. Langit sing dhek mau resik, saiki dikebaki mendhung arak­-arakar. Arep udan. Ora suwe Pak Mardi nyodhorake gagasane maneh.
"Yen taun iki rega BBM mundak, BBM sing dienggo kepentingan pribadi pejabat yen diaji nganggo dhuwit miturut rega BBM anyar bakal luwih akeh."
"Apa taun iki rega BBM mundhak ma­neh ta, Pak?"
“Aku ora ngerti. Ning biyasane, yen awal taun, ngadhepi penyusunan APBN, pemerintah wis ancang-ancang ngun­dhakake rega BBM."
"Sttt...., aja ngalup kaya ngono, Pak. Yen rega BBM klakon mundhak, efek sampinge rega barang-barang liyane mesthi melu balapan mundhak. Wong cilik sing rekasa. Awake dhewe ndedonga wae, muga-muga taun iki ora ana un­dhak-undhakan rega BBM. Sokur yen li­mang taun maneh rega BBM lagi mun­dhak. Utawa selawase ora ana undhak ­undhakan rega BBM."
"Ha..... ha..... haaaa..... !" Wong loro padha ngguyu cekakakan.