Search your's here

Join 4Shared Now!

Sunday, January 30, 2011

Layang Saka Suriname

Swarane sepedha motor Pak Pos mandheg aneng ngarep omah, ngagetake anggonku ngalamun, wayahe lagi jam setengah sepuluh awan. Dina iku babarpisan ora nyana yen aku entuk kabar saka nggone David Sutarmin KT ing Suriname. Yen dirunut sarasilahe, David Sutarmin KT iku isih sedulurnunggal mbah buyut karo aku nanging ngertine ya lagi saiki amarga dheweke urip ana negara Suriname sing adoh bangetjare ana poncote donya iki. Layang banjur tak bukak kebak pengarep-arep, gek kabar apa meneh sing diwartake sedulur nunggal mbah buyut sing mung tak weruhi rupane saka gambar poto sing nate dikirimake.
"Assalamu'alaikum ww"
Layang katur Kangmas Parja Sastratinaya kang kinurmatan, sakdurunge aku ngabarake kahananku ing Suriname, tak jaluk kabeh sedulurku ing tanah Jawa Indonesia padha keslametan lan karaharjan, dene aku sakulawarga uga padha slamet lan entuk rohmating Gusti Allah SWT.
Mengkono pambuka layang sing tak waca. Aku banjur unjal ambegan, jebul sedulurku iku isih ngrasuk agama Islam kaya agama sing dirasuk kabeh sedulurku, katitik saka anggone menehi salam mau. Layang banjur tak waca sakteruse.
Aku sakulawarga ing Suriname padha slamet lan oleh rohmating Gusti Allah SWT, malah sedhela maneh (sak-wulan) engkas aku bakal pensiun saka pegawe negeri pamarentah Suriname. Sanajan aku pension, nanging mbokmenawa beda karo para pensiunan pegawe neng tanah Jawa Indonesia. Neng kene (Suriname) kabeh pegawe sing mlebu wayahe pensiun iku wis dilatih kapinteran nyambut gawe apa wae sing disenengi lan sing luwih penting sakliyane oleh pensiunan sing lumayan gedhe saben sasine isih entuk pesangon kanggo modhal usaha mau. (Sejatine pensiunan ing Suriname iku wis cukup malah kepara turah), kepinteran mau amung kanggo ngisi wektu sing longgar. Nalika arep wayahe pensiun aku melu latihan madeg dadi wiraswasta, gawe lan dodolan panganan sing dibutuhake wongJawa Suriname, rencanaku arep gawe lan dodolan "Gethuk Lindri lan Klepon”, kava sing sok dicritakake swargi simbah biyen.
Sakeplasan aku banjur kelingan layange David. Sutarmin KT sing tak tampa rong sasi kepungkur, aneng layang iku David Sutarmin KT crita yen ing negara Suriname saiki wis maju banget, mbokmenawa kemajuane negarane ngungkuli Jawa Indonesia. perlu tak aturake, sabensaben David Sutarmin KT nyebut Indonesia mesthi nganggo sebutan Jawa Indonesia, jare kanggo nguri-uri lan dadi pepeling marang anak turune yen dheweke iku sejatine wong Jawa sing di gawa dening penjajah Walanda menyang tanah Suriname didadekake buruh perkebunan, pamrihe anak turune ben bisa ngurmati para leluhure sing urip ngrekasa digawa Walanda, amarga akeh sing wis padha mati lan dibuwang ing saktengahing laut nalika digawa mrana, uga bisa sesambungan utawa silahturami marang sedulure ing Jawa Indonesia sanajan mung lumantar surat, telepon utawa internet, malah diajap sing isih enom lan uripe kepenak padha gelem dolan menyang Jawa Indonesia nggoleki sedulure dhewedhewe. Aneng layang mau dicritakake yen warga penduduk Suriname mligine wong sing saka Jawa Indonesia saiki padha urip kamulyan amarga akeh sing urip kecukupan malah kepara sugih mblegedhu lan nguwasani ing pamarentahan (sing dikarepake menduduki jabatan penting). Menawa katandhingake wong Jawa sing ana tanah Jawa Indonesia malah saiki uripe luwih kepenak. Awit saka sugihe mau wong-wong wis padha lali karo panganan asli saka Jawa Indonesia sing jenenge Gethuk Lindri lan Klepon. "Kang Parjo, saiki bocah-bocah enom padha wis ilang Jawane". Uga dicritakake para kanoman wis ora ngerti maneh Gethuk Lindri lan Klepon, sing dingerteni mung panganan saka negara manca kaya: sakwernane Roti, Hamburger, Spaghety, Pisa, Donat, Kebab, Isp. Kabeh mau panganan saka manca negara sing saiki wis mratah aneng Suriname. Semono uga wis akeh sing ora ngerti masakan saka Jawa Indonesia Kaya jangan Lodheh, Sambel goreng, Semur, Gudheg, Oblok-oblok, Terik, Brongkos, Bobor, Rawon, Bothok, Tumpang, Isp. "Yen ora kabotan aku nyuwun ngerti piye carane lan resepe gawe Gethuk Lindri lan Klepon”, ngono critane. Nalika maca layang dhek semana aku ora pati nggape, mongsok gawe Gethuk Lindri lan Klepon wae ora bisa, tur ya arep kanggo apa?, layang banjur tak waca meneh:
"Kang Parjo, aku nyuwun tulung tenan, piye cara lan resepe gawe Gethuk Lindri lan Klepon, amarga yen wis bisa aku arep bukak usaha toko khusus Gethuk Lindri lan Klepon, yen bisa cara lan resep iki cepet dikirim lewat pos (Aja dikirim lewat internet). Mbesuk yen toko Gethuk Lindri lan Klepon mau laris, Kang Parjo arep tak kirimi dhuwit sakperlu kanggo ragad dolan menyang Suriname, iki njanjiku Kang".
Mak jleg rasaning ati maca layange sedulurku saka Suriname mau, najan ketoke sepele jebul nguri-uri kabudayan sing wujude panganan lan olah-olahan mau penting banget, yen anak turune dhewe mbesuk uga ora ngerti kabudayan Jawa njur piye dadine mengko? Aku banjur nerusake anggonku maca layange David Sutarmin KT.
Kang Parjo, aku optimis banget yen usaha iki bakal maju lan dadi gedhe, malah rencanaku arep tak pepaki dadi rumah makan sing dodolan sakwernane mangsakan Jawa kaya sing tak critakake ing layangku mbiyen. Wah mendah senenge mbesuk aku yen Kang Parjo utawa anakmu ana sing gelem menyang Suriname, bab wragad aku mengko sing ngongkosi, wektu saiki aku lagi sibuk mbangun toko sing bakale tak enggo dodolan Gethuk Lindri lan Klepon mau. Sakliyane iku aku duwe cita-cita, mbesuk arep bukak kursus basa Jawa ing Suriname kene, wah mendah pintere wong Jawa Suriname mengko, bisa basa Jawa alus lan ngerti tata krama lan unggah-ungguh kaya budayane leluhure sing isih ana neng Jawa Indonesia".
Lagi tekan semono anggonkd maca layange David Sutarmin KT mau aku dadi melu ngguyu dhewe. Kok kahanane meh ora beda karo sing ana kene, sanajan wong Jawa isih akeh cacahe lan urip ing tanah Jawa, nanging kasunyatan akeh wong Jawa sing ora bisa Njawani. Semono uga bab panganan lan olahan Jawa, akeh sing wis padha nglirwakake, ngendi ana cah saiki ngerti lan doyan mangan jangan Brongkos utawa Bobor mbayung? Layange David Sutarmin KT banjur tak tutugake anggonku maca,
Kanggo sawetara aku nyuwun dikirimi majalah utawa koran sing abasa Jawa, (dhuwite bakal tak kirim lewat bank, aku nyuwun nomor rekeningmu Kang). Sanajan aku iki wis tuwa, nanging aku isih seneng mangerteni kahanan Jawa Indonesia, piye kabare pemilihan presiden sing bakal teka, calon presidene apa ya wong saka Jawa? Aku percaya yen Pak Susilo Bambang Yudhoyono (SBY), iku wong Jawa; Pak Prabowo, pak Wiranto, Sultan Ngayogjakarta lan Bu Mega (anake wedok Soekarno) iku ya wong Jawa, nanging Hidayat Nur Wahid lan Jusuf Kalla iku apa ya wong Jawa? nanging kabeh mau ora penting Kang, sing penting wong Jawa utawa wong luwar Jawa kudu gelem nguri-uri lan ngrembakakake basa lan kabudayan Jawa, eman-eman Iho Kang aja nganti cures, wong aku dhewe sing ana Suriname isih kober nguri-uri basa lan kabudayan Jawa. Oh, iya Kang, apa Majalah "Panjebar Semangat" weton Surabaya kae isih urip? Dhek emben aku maca kabar saka internet jare tlatah Grogol Sukoharjo kebanjiran meneh, wah mesakake iku rak nggone simbah-simbah swargi mbiyen ta? Saktemene isih akeh kabar lan panguneging ati sing bakal tak tulis, nanging semene dhisik wae mbesuk disambung maneh. Model nulis laying ngene iki kanggoku malah bisa tetep nuwuhake rasa kangenku saka negara sing adohe ana sak poncote donya. Kae Kang swarane adzan Maghrib wis kumandhang banter celuk-celuk wong Jawa padha manembah marang Gusti Kang Akarya Jagad, yen aku mono isih mbacutke dhawuhe para sepuh, sholat iku ya madhep mengulon kaya dhek jaman isih aneng Jawa Indonesia kae.
Saka sedulurmu,
David Sutarmin Kartotinaya
Layang banjur tak lempit, atiku krasa bungah jebul isih duwe sedulur sing adoh panggonane nanging isih gelem nulis layang, kamangka jaman saiki wis akeh sing padha ninggalake nulis layang, pilih padha telepon apadene SMS-an wae jare luwih cepet, sanajan yen aku sok maca SMS kae tembung-tembunge jan ora ana sing genah malah ora ngerti tata basa. Wengi iku aku wis tata-tata arep nulis layang walesan lan nuruti penjaluke sedulurku sing ana Suriname mau. Mbokmenawa sasi ngarep dheweke wis bisa miwiti bukak toko Gethuk Lindri lan Klepon aneng Suriname kana.

kapetik saking : Majalah Panjebar Semangat
edisi : lali maneh aku

No comments:

Post a Comment