Search your's here

Join 4Shared Now!

Sunday, January 30, 2011

Biso Gawe Marem

Sedhela maneh, kurang saka rong wulan aku wis bebas menganggo, ora kudu nganggo seragam abu-abu putih, bangku SMA bakal dak tinggalake. Angenangenku wis lumaku adoh, yen ora UGM ya ITB, paling ora ya UNS wis trima, pokok pamulangan luhur negeri, awit wong tuwaku mung randha pensiunan, iku wae dhuwit pensiunan kudu disisihake separo kanggo tuku obat menawa sakwanci-wanci gerahe kambuh. Saupama aku ketampa neng ITB aku wis mangerteni dhaftar alamat alumnus SMAN I kang saiki kuliyah aneng ITB sing bakal dak jujug, uga dhaftar alamat alumnus SMAN I sing saiki wis dadi wong sing berhasil. Pancen nalika reuni akbar taun 2000 sengaja aku golek kenalan kangmas lan mbakyu seniorku sing saiki wis berhasil. Ana sing saiki dadi menteri, ana sing saiki dadi panglima TNI, lan sing nglungguhi jabatan eselon siji utawa eselon loro ing Departemen utawa ing BUMN. Pamrihe mung siji: besuk bakal dak jaluki tulung melu ngragadi kuliyahku. Aku mono mung pawitan karep lan sregep sinau. Ning kanggo wragad yaiku mau dalane srana ngubengake tampah golek bantuan beasiswa. Pancen babagan sinau utawa sekolah bapak swargi banget anggone nggatekake, aku kelingan nalika isih kelas loro SD, aku dijak nonton proyek pembangunan hotel tingkat sepuluh ing kuthaku. Bapak ngendika: "Ngerti kowe, sapa sing nggawe hotel iku?" Aku ora bisa wangsulan, sidane bapak paring wangsulan dhewe: "Sing mbangun hotel iku insinyur bangunan lan arsitek!". wangsulane bapak manteb. "Sekolahe neng ngendi pak?" Bapak katon seneng banget mireng pitakonku mau, karo nyawang wewangunan hotel sing durung rampung anggone mbangun bapak wangsulan: "UGM, ITB, ITS UNDIP lan ing kutha Solo iku ya ana! Kowe mbesuk kudu sekolah ing kono ben bisa dadi insinyur utawa arsitek".
Emane nalika aku lagi lulus SMP bapak wis sowan marak ing ngarsane Pangeran, aku dadi bocah yatim. Ana rasa sing ora bisa dak bendung, aku duwe kekarepan lan krenteg kang gedhe kanggo mujudake pepenginane bapak nalika semana, kepengin anake lanang sing ontang-anting iki bisa dadi insinyur utawa arsitek.
Saka kidul katon kledhange pak Sujud, wali kelasku, tindak nuju kelasku. "Pram, ditimbali pak Kepala Sekolah!" Mak dheg rasane ati kaya didhodhog, gek ana apa, batinku rada geter. Ana ngarepe bapak Kepala Sekolah aku lungguh kursi rada wedi "Nimbali kula pak?", "Ya, ana bab sing wigati kanggomu!". Karo mbukak layang, bapak Kepala Sekolah ngendika "Iki ana tawaran beasiswa kanggo bocah sing pinter lan anake wong kesrakat". Mak plong rasane atiku, krungu ngendikane pak Toyibun, Kepala Sekolahku, kaya antuk dalan kanggo nggayuh impenku saksuwene iki. "Yen bab kepinteran aku percaya yen kowe pinter, bijimu apik-apik kabeh malah kepara dhuwur dhewe sak sekolahan iki. Nanging aku durung mangerteni kahanan sing saktenane ekonomine wong tuwamu".
Kaya wong ketiban rembulan rasane, atiku bungah banget. "Kula purun pak menawi dipun ragadi kuliyah, awit tiyang sepuh kula namung randhanipun pensiunan".
Dina iku aku rumangsa dadi wong sing paling begja sak sekolahan, rumangsaku kabegjaning ati ora bisa digambarake nganggo ukara. Ana ing acara wisudha siswa, dibiwarakake yen aku lulus kanthi biji sing paling dhuwur dhewe. Ora mung iku, isih ketambahan warta sing nyenengake ati, Pramono siswa jurusan IPA3 ketampa aneng ITB Bandung. Swarane keplok lan suraking kanca-kanca mbata rubuh, atiku bombong sak genthong gedhene, kabeh kanca lan guru padha nyalami aku. Maturnuwun... maturnuwun...
“kowe sido kuliyah neng Bandung Pram?” pitakone sibu ndadekake kagete atiku. “Inggih bu, awet sampun ketampi wonten ITB!”, wangsulanku karo mesem. “Njupuk fakultas apa?”. "Kula ketampi wonten fakultas Teknik jurusan Sipil bu". "Terus wragade piye, kost ana ngendi, kapan mangkate?", pitakone sibu mbrubul ora ana enteke. Sanajan katon bungah aku ketampa aneng ITB, nanging sajake penggalihe rada ora kepranan aku kuliyah neng ITB. "Karepku mono kowe kuliyah neng kedokteran, paribasane bisa ngiras ngirus kowe mbesuk bisa ngopeni aku yen aku lara!", ngendikane sibu mau keprungu kaya sajak cuwa penggalihe. Krungu tembung-tembung sing ngandhut penjaluk mau atiku dadi bingung, gek aku iki anak ontang anting sing kudu manut miturut dhawuhe sibu, nanging kabeh mau wis kebacut, aku ngrumangsani luput nalika arep milih jurusan ora nyuwun tetimbangan sibu, awit aku mung kepengin nuruti apa sing dadi kersane swargi bapak mbiyen sing kepengin putrane lanang iki dadi insinyur utawa arsitek. "Menawi babagan wragad kula kuliyah wonten ITB lan panggesangan sekdangunipun kuliyah sampun wonten ingkang nanggel ngantos lulus". "Ya syukur yen wis genah ana sing nanggung, aku bungah, nanging apa ora bisa pindhah fakultas Kedokteran?". Krungu ngendikane sibu mau aku tambah bingung, sajake pepenginane sibu supaya aku kuliyah aneng kedokteran mau kepengin dituruti temenan. "Mekaten nggih bu, pilihan kula wonten fakultas teknik kala wau nggih anggen kula nuruti kersanipun babak swargi!" "Oh, .... ngono ta, ya wis aku manut!" Sidane sibu mangestoni anggonku kuliyah ana ing ITB Bandung.
Taun sepisan aku urip ana Bandung kabeh lumaku lancar, kuliyah lancar, ragad ya lancar, mula asile kuliyahku ya apik banget, bisa gawe mareme wong sing menehi beasiswa. Saben liburan aku merlokake mampir nyang daleme bapak Ir. Rohmad ing jalan Braga Bandung kang maringi beasiswa. Dhasar priyayine grapyak tur padha-padha saka Solo, mula penganggepe marang aku kaya kulawarga dhewe, malah aku bisa kekancan raket karo kabeh putra-putrane sing lagi kuliyah ana ing njaban kutha Bandung. Saben-saben ketemu mesthi aku dijaluki tulung karo putra-putrane supaya ngajari basa Jawa, amarga sedina sedinane padha nggunakake basa Sundha karo ibune sing pancen asli priyayi Priyangan iku.
"Nak Pramono, coba aku tak takon karo sliramu!”, ngendikane pak Rohmad nalika sawijining dina pinuju jagongan ana teras. “Inggih,... wonten wigatos punapa pak”, wangsulanku rada kaget. "Yen dak sawang lan dak gatekake, sakploke anak-anakku mbok ajari basa Jawa, saiki dadi pinter, lan ngerti unggah ungguh, ngerti suba-sita marang wong tuwa".
Krungu ngendikane pak Rohmad mau aku dadi melu seneng. Pancen nalika aku ketemu sepisanan karo putra-putrane pak Rohmad aku rada kaget, jebul putra-putrane adoh saka tumindak unggah-ungguh, andhap-asor karo wong tuwa, jebul bareng karep srawung karo aku sing wong Jawa asli kelairan Solo dadi malik grembyang. Malah miturut rencanane, Dhik Diyah putrane pak Rohmad sing saiki lagi kuliyah aneng fakultas Kedokteran Unpad mau kepengin dolan menyang Solo sowan daleme eyange ing kampung Mangkuyudan.
Mbuh apa iki wis garising uripku, srawungku karo pak Rohmad lan kulawargane sangsaya raket, sedhela maneh aku bakal diwisudha minangka insinyur teknik sipil, Dhik Diyah sajake kok ya tambah raket karo aku, kamangka kanca-kancane pria sing calon dokter ya akeh, malah dheweke sanggup ngancani aneng acara wisuda mbesuk, semono uga ibuku kok ya katon seneng aku duwe kanca calon dokter, nanging aku ora wani njanjekake marang ibuku. Aku lagi wae mlebu marang jagading bebrayan masyarakat kang lagi nedheng-nedhenge mbangun ing sakabehing panggonan, PT Wastika Karya wis nunggu tenagaku. Perkara sesambunganku karo Dhik Diyah durung kepikiran, nanging ana rasa eman yen nganti katresnane Dhik Diyah mrucut saka tanganku. Aneng acara wisudha ibuku terus dikanthi astane karo Dhik Diyah. Bubar acara wisudha padha poto-potonan, ora krasa eluhku dleweran, wewayangane swargi bapak katon seneng marem, ing sandhingku sibu ya rumangsa marem aku cecaketan terus karo Dhik Diyah. Dina iku aku sing mung bocah yatim bisa gawe marem kabeh kulawargaku lan kulawargane pak Rohmad. Udan rintik-rintik nelesi kutha Bandung sing awan iku dadi saksi perjuwanganku nggayuh impene bapak swargi, muga-muga aku bisa gawe marem penggalihe sibu sing kepengin bisa duwe mantu dokter.

Kapetik saking : Majalah Panjebar Semangat
edisi : mboh klalen

No comments:

Post a Comment