Search your's here

Join 4Shared Now!

Sunday, January 30, 2011

SENSASINE AMIR

Dirman nggagas-nggagas ing meja papane nyambutgawe. Dirman umure patang puluhan mlaku, pawakane kuru, klambine rada lungsed, umes marga kena kringet dleweran sing durung asat. Lungkrahe awak isih katon ing praene kang nglokro lan manthere mripat kang ngglambyar, ora mencereng. Dheweke nganyaki mbukak Microsoft Word lan wiwit ngetik: "Tilas Suster Dadi Jagone Ngadiraga Body Language".
Jane dheweke ora seneng karo tugas sing mentas wae dilakoni kuwi. Nanging redaktur pelaksana atasane adreng anggone kongkon. Jare, mung wartawan sing wis duwe pengalaman cukup ngumur sing bisa nggawe tulisan warta kang narik kawigatene para maos prekara kabar anyar kuwi. Coba bayangna, ing kutha cilik kaya Sidoarjo ngono, kok ana sing menang lomba olah ngadiraga body language sing jarene tau dadi suster. Jan crita sensasi sing cocog tumrap korane.
"Apa bener Mbak Kris kuwi pancen suster ing greja?"
"O, ora ngono, Mas. Mung aku biyen pancen wis tau melu manggon ing asrama susteran ..."
Dieling-eling maneh anggone wawan rembug mau awan ing omahe Kristina, si wadon anom juwara kuwi. Dheweke ora lali uga motreti. Motret Kristina lagi maca, Kristina mamerake cupu olah ngadiragane, Kristina karo wongtuwane, embah lan adhine lanang. Satemene ya sukses sing salumrah wae. Ora ngeram-eramake.
Amir ah, nanging saiki Dirman kudu ngundang Pak Amir nekani mejane. Priya mudha sing wandane pethenthang-penthentheng kaya Arya Dursasana kuwi sakepenake dhewe wae lungguh ing pucuk meja nyambutgawene Dirman, terus nontoni foto-foto sing mentas wae dicithak. Amir lagi 3 sasi iki dadi redaktur pelaksana, sawise pemimpin redaksi ganti pawongan. Kuwi marga sing duwe perusahakan pers panggonane padha nyambutgawe ana owah-owahan, yakuwi beda sing ndarbeki. Sadurunge iku, Dirman kang dadi redaktur pelaksana. Nalika sing darbe perusahaan owah, akeh kanca sing padha metu utawa pindhah penggaweyan menyang koran liyane. Dirman, sing ngrasa ora jegos anggone dadi redpel kang mbokmenawa uga njalari anane owah-owahan pemilik koran kuwi, aluwung ora melu pindhah penggaweyan. Tetep ana kono. Dilorot, ya ditrima. Pancen mbokmenawa dheweke ora duwe kelantipan kang kena diendelake, tulisane ora kumedol. Ngrasa kang mengkono kuwi mulane dheweke gelem wae diprentah-prentah dikon mburu pawarta, sanajan sing mrentah kuwi kanca sing luwih enom, sing nalika anyaran dadi wartawan biyen carane nulis pawarta wae ya diajari dhisik dening Dirman.
"Lho! Apa-apaan iki?" Amir ngomong ketara banget yen gela.
"Priye, ta?"pitakone Dirman karo mengo saka layar monitor, nyawang Amir sing sajak methentheng nesu.
"Mongsok arep macak foto kaya ngene iki? Iki luwih cocog kanggo buletin pendhidhikan;" panyengese Amir. “Korane awake dhewe ora bakal macak kaya ngene iki ing kaca ngarepan. Gak kumedol blas!" omonge tutuge. Banjur mbengok, nyeluk Anton. "Anton! Mrene!" Anton kuwi fotografer.
"Apa salahe foto-foto iki?" Dirman takon adreng.
Amir ora mangsuli. Marang Anton Amir aweh instruksi, suwarane dibantas-bantasake supaya Dirman melu ngrungokake.
"Anton, saiki uga kowe budhala menyang omahe Kristina. Nggawa tukang paes. Ya, Susi wae. Aturen motret Kristina nganggo sandhangan olah ngadiragane sing methethet, yen perlu sing katon pupune, lengene lan dhekok-brenjule dhadhane. Yen ora duwe sandhangan kang kaya mengkono, ya gawakna wae. Terus paesana raine sing sak ayu-ayune. Aturen posene kaya posene nalika lagi pamer olah ngadiragane, ya ... maksudku kaya ngana kae, sing rada sensual, rada nakal nggegodha .... Jepreten saakeh-akehe saka maneka angle. Tuduhna marang aku sadurunge munggah cithak bengi iki."
Anton gage amblas karo Susi, sekretaris sing uga baleg ndandani pawongan sing arep dipotret kanggo pekabarane.
Dirman ngowoh. Disawangi foto-foto asil jepretane. Kacetha wandane Kristina mesem ngujiwat manis banget, Kristina mangku cupu sing oleh pangaji-ajine anggone olah ngadiragane, dipepundhi banget, Kristina ing tengah-tengahe keluwargane, kabeh ora kanggo gawe. Ora kumedol, jarene Amir.
"Dirman!" keprungu suwarane Amir mbengoki saka ruwang kerjane sing kawatesan tembok kaca bening tembus panyawang.
Driman ngadeg lan mlaku gogloh marani ruwang tilas panggonane dheweke nyambutgawe biyen.
"Ana apa maneh ....?"
"Kowe ki priye, se? Apa arep nulis pawarta kanggo khutbah Minggu? Tulisan modhel apa iki ... ?" Amir nuduhake layar monitor komputere. Rupane Amir wis narik tulisane Dirman lan nyemak. Sajake ora kepranan atine.
"Dirman, apa kowe lali yen saiki iki korane awake dhewe iki jenenge dudu Gebyare Selebriti maneh nanging Sensasine Selebriti. Gebyare Selebriti kuwi jenenge koran lawas sing duweke pemilik lawas. Eling ora, ta, kowe ki? Dadi korane awake dhewe iki kudu didayani greget nges prekara sensasine. Yen ora ana greget sensasine, ora nges, ora sem. Apa bedane karo koran duweke kongkiren kita kae? Bleger lan warnane huruf wae wis digawe padha. Woo, kowe ki jan ora cocog tenan nyambutgawe ing koran kene ..." Amir ngomong karo mbesengut. Lagi 3 sasi iki dheweke nyeluk seniore njangkar "Dirman", ora “Pak Dirman" maneh.
"Ngaten, le, Pak Amir," Dirman mekak jengkele atine dianyaki nganggo tembung krama, karepe nyoba njlentrehake panemune kanthi cara kang andhap asor, mung kanggo etikane srawung wae. "Kristina kuwi dudu suster. Dheweke mung tau diemong ing asrama susteran nalika bapake isih ditahan ing pakunjaran marga diterka melu-melu kraman PKI. Lelakon uripe melas asih lan nalangsa banget. Dheweke bisa ngranggeh prestasi liwat olah ngadiraga kuwi ..."
"Omong kosong! Sapa sing gelem tuku crita kaya ngono kuwi? Endi, aku wenehana nomer tilpune!"
Kanthi kepeksa Dirman menehake nomer tilpune Kristina.
"Lungguha kono dhisik:" Amir nudingi kursi ing ngarepe mejane. Dirman banjur lungguh, dene Amir terus nilpun Kristina.
"Halo Kristina. Aku Amir, saka Sensasine Selebriti, iya, iya. Mau wis ana sing mrono. Iki mung arep nambahi critane mau supaya luwih gumreget ... hmmm ngene .... Mbak Kristina wis duwe yang durung? Arek cara Surabayane. Uwis? On, ngono? Ngomong-ngomong, wis nganti tekan sepira ubyang-ubyung ngono kuwi? Ora .... Ora apa-apa kok... Ya, iya-lah off the record ... ya, rak kita singidake jati dhirine ... Astaga? Men aborsi? Para suster kuwi ora ana sing ngonangi? Iya, aku janji iki mung kanggo background information, ora kanggo diumumke ing publik. Terus, Mbak wiwit kapan sinau olah ngadiraga utawa BL? Oh, ya mau uwis, ya, iki wae tambahane ... Apa panemumu bab seks bebas? Ha ... ha ... ha ... Mbak ki teges banget, lan gagasanmu resik. Ya, mengkono kuwi, pancen hak lan ukurane sadhengah uwong dhewe-dhewe, ya? Aku wis ngira, Mbak mesthi panemune mengkono .... Ya aku uga sarujuk nggagas mengkono .... Oh, ya, mengko yen ana fotografer lan tukang paes teka, dandana sing ayu ya .... Fotone arep dakpacak ing kaca ngarepan, Iho, supaya cepet kondhang. Sapa ngreti ana sing nawani main sinetron he ... he ... he… Oh, ya, dadi wis tau aborsi, ya? Oh, ora, maaf, meh ... oh, terus pranyata ora wawrat, nanging mung kasep mens, ya? Kuwi normal tumrap bocah wada Mbak. Oh, ya, salam ya kagem Pak pendheta. Aja kuwatir, identitase daksingitake kok ... Trims ya ..:"
"Apa sing sampeyan garap kuwi?!” pitakone Dirman kamisesegen.
"Wis, ta, lah, tulisanmu ben aku wae sing neruske. Kowe muliha wae, leren,” ujare Amir, terus nggethu ngadhepi layar komputer karo mencet-mencet keyboard.
Ing meja mangan, nalika nyruput kopi dina esuke lan mamah sepotong pisang goreng, Dirman nyemak kaca ngarep Sensasine Selebriti. Dheweke keselek maca irahan headline-ne:
Suster Sing Menang Lomba olah Ngadiraga Body Language:
TAU ABORSI ASIL SLINGKUHE KARO PENDHETA ANOM.
Dirman mlolo maca headline sing dawane 6 kolom ing perangan tengah kuwi. Ing sisihe ana fotone kristina sing gedhene 3 kolom 8 cm posene provokatif banget: adegan pose BL sing paling sensual sing tau diweruhi, yakuwi Kristina nyandhang menganggo busana minim, ngapret, meh nglegena, rambute disasak lan praupane dimakeup melok-melok. Wong kuwi kaya dudu Kristina maneh. Lha endi rupa manis lan eseme sing ngujiwat prawan sekolah susteran sing mbedhedheg atine marga getole prestasine kuwi?
Tangane Dirman gemeteran. Crita kang tinulis kuwi babar pisan ora nyritakake lelakone bocah sekolah susteran sing sregep olah ngadiraga lan bisa ngranggeh prestasi ing olah body language. Kamurakabane ngadiraga minangka endahe enggak-enggike raga kuwi dhewe lan pigunane tumrap kuwa rasane awak, ora dijlentreh babar pisan. Asil wawancarane Dirman mung nyisa kira-kira 10%. Mehkabeh tulisane Amir asil wawancarane sarana tilpun wingi sore: yakuwi yen Kristina tau aborsi (mangka mung meh, pranyata mung telat menstruasi), yen Kristina yang-yangan karo pendheta sing jenenge disebut kanthi cetha, yen Kristina benci urip ing susteran lan saiki ngrasa uwal bebas umbaran, yen Kristina penganut gagasan seks bebas (mangka mbokmenawa dheweke mung setuju, kuwi gagasane sing kapeteg ing telenge atine ketrucut kawetu nalika nampa pitakonan saka ing tilpun, dhestun katrucute tembung sakdlumit kuwi dadi pawadan dibiwarakake dening Amir, dene sing rinegem ing telenge ati diilangi blas ngono wae). Cekake, tulisan kuwi jan tumindak kang character assasination. Ngobrak-abrik njlentrehake dursilane Kristina, sang pendheta anom, nyoreng-oreng kuawargane Kristina, lan ... Dirman. Lapuran kuwi kacuthel sigeg sarana jenenge reportere: Dirman.
Kurangajar banget Amir kuwi.
Grobyak kanthi ngeget Dirman ngadeg, nganti kopine ing cangkir wutah.
"Arep menyang endi, Pak?" pitakone sing wadon kuwatir.
"Kantor!" Wangsulane cekak karo nyaut jakete.
"Adate rak budhal awan .... "
"Ana sing wigati:" Lan dheweke wis ilang ing suwalike pager ngarep omahe.
Dirman mlebu ruwang kerjane Amir, sing lagi gayeng ngobrol karo staf redaksi liyane, klebu fotografer Anton. Guyune sing cekakakan padha sirep bareng weruh Dirman mlebu karo raine kang mbrabak abang.
"Kowe kok gawe crita kaya ngene?" Dirman takon karo mbeber koran ing meja.
Raine mangar-mangar.
"Lho, rak bagus, ta? Ngreti ora, kowe, eceran ing Sidoarjo ndedel payune. Jam yah mene wis entek. Iki mau padha njaluk tambahan. Agen-agen kuwalahen. Kristina wis dadi selebriti ing kuthane!' jare Amir mongkog atine. "Kuwi marga korane awake dhewe, Iho ... Oh, iya, omongna menyang babagan sirkulasi gage kon ngirim tambahane kanggo Sidoarjo. Uga ing Surabaya, eceran ditambah wae. Ramli .. Awan iki cepakna tulisan tutuge. Golekana pendhetane kuwi, uga wawancaranen bapake sing tau mlebu bui merga diterka melu kraman PKI kuwi:"
"Pak Amir!" Dirman nggetak. Kabeh kaget Ian padha njegreg mandheg.
"Kowe wis janji karo Kristina ngumpetake identitase yange ..."
Pating jegigik keprungu guyune para juruwarta sing lagi sawatara taun dadi wartawan kuwi.
"Pak Dirman, kuwi rak jamanmu dadi wartawan biyen. Saiki beda, Pak. Rakyat kepengin weruh, kepengin ngreti. Rakyat duwe hak ngreteni kuwi kabeh. Yen pendhetane diumpetake, dikira awake dhewe nerak hake rakyat lho, Pak..." ujare Ramli sing terus enggal-enggal arep mburu sang pendheta.
Durung rampung Dirman ngesok nesune, keprungu ribut-ribut ing njaba. Wong-wong padha gagean arep metu saka ruwangan. Ing lawange mlebu ruwang redaksi, satpam lagi repot anggone nyegah sawenehe bocah wadon sing kudu meksa mlebu. Raine anclum lan pucet. Tanpa make up. Rambute kaya durung dijungkati. Klambine kaya durung ganti saka sing dhek wingi. Dirman kaget. Bocah wadon kuwi Kristina.
"Kristina ....!"
Dirman raine ditampeg koran esuk kuwi dening Kristina.
"Kena apa kowe ngucem-ucem awakku? Apa salahku?" Kristina menthelengi Dirman karo getem-getem. Mesthi wae sing dimungsuhi Dirman, marga sing dingreteni Kristina, Dirman sing nulis pawarta kuwi.
"Lho, dudu aku kok, sing nulis" ujare Dirman. Aneh, cah wadon kuwi ora histeris jelih-jelih, utawa nangis utawa nesu. Penthelenge mripate, pucete cahyane, sarta omonge sing nyubles jantung, dhestun marahi Dirman dadi gigrig kirig-kirig.
Banjur Kristina noleh marang Anton kanthi pandeng kang anyep njejet.
"Saka puluhan jepretanmu, kenapa kok kokpilh foto iki? Kowe meksa aku menganggo busana iki, meksa maneka warna pose ... kowe kabeh kuwi gendheng! Kowe kabeh brejanji arep ngayomi asmane pendheta kuwi ... Apa tau kowe mikir saknyut wae mbayangake, kepriye aku nglakoni uripku sawise ana lapuran kang kaya ngene kuwi? Kepriye tanggung jawabku marang pendheta kuwi, marang kulawargaku? Aku dudu wong nakal! Aku dudu wong sing nganjurke seks bebas! Lan aku ora tau aborsi!"
Rampung anggone ngomong kang rinasa pait nylekit ngono, Kristina terus nggrayangi tase, njupuk sawenehe barange. Pranyata pistul. Durung nganti wong-wong redaksi sadhar saka anggone kamitenggengen nyekseni greget kanepsone prawan Kristina kang pucet njejet kuwi, wong wadon kuwi wis mistul pilingane dhewe. Dhor! Dilakoni ing kantor redaksi. Ing ngarepe para anggota redaksi. Nalika prawan kuwi tiba nglimpruk, lan Dirman uga meh wae ambruk semaput marga shock, Dirman isih kober mbayangake kepriye headline gaweane Amir dina sesuke. Hiih! Mrinding!


saking : Majalah Panjebar Semangat

No comments:

Post a Comment