Search your's here

Join 4Shared Now!

Sunday, January 30, 2011

KEMBANG GELOMBANG CINTA

Sajake ora mung aku dhewe sing nduweni rasa gumun marang Pak Bandono tangga tunggal pager karo aku. Nyatane wingi Pak Sasmita sing priyantune meneng ora akeh ngendikane ya rumangsa gumun karo klangenan anyare Pak Bandono sing beda satus wolung puluh derajat dibandhing sak durunge. "Ora ta Dik Bas, saiki Pak Bandono kok malih seneng openopen kembang, kamangka sampeyan pirsa Ian mireng dhewe marang sapa wae Pak Bandono sering kandha yen dheweke paling gething karo tanduran sing arupa kembang. Lha kok saiki platarane kebak kembang malah akehe kembang ngalahake dagangan bakul kembang;" mengkono rasan-rasane Pak Sas marang aku kaya-kaya wis ora kuwat ngampet rasa gumune. "Wah nyuwun duka nggih Pak Sas, kula piyambak nggih gumun setaun njiggleng serendheng sareng ngertos Pak Bandono oper.-open kembang menika.
Ora maido yen Pak Sasmito Ian para warga lingkungan kene padha nggumun kaya aku, amarga saben ana ing kumpulan utawa lagi padha jagongan ngrembug perkara tanduran khususe kembang, Pak Bandono mesthi nyuntakake rasa ora senenge marang tanduran. Sing jare ora nduweni nilai ekonomis, yen ora ngono jare mung mbuwang-mbuwang wektu, timbangane wektu kanggo ngopeni kembang luwih becik kanggo nunggoni dagangan neng pasar sing jelas asile. Malah Pak Ban nate kandha, "Ngene Iho Mas Bas, upama patut latar omah iki tak aspal goreng kabeh, ben ora bisa ditanduri kembang. Yen wit-witan gedhe aku isih seneng apa maneh woh-wohan."
Yen dipikir ya bener, Iha kaya tanduran kembang Tapakdara, Puspanyidra, Kembang Thothokgerot, Sri Gadhing, Kembang Sepatu yen didol ya ora payu. Nanging saiki beda-adoh karo biyen, kembang-kembang sing didol neng kios-kios kembang pancen apikapik Ian jenenge ya aneh-aneh nganggo basa manca barang kaya Aglaonema, Adenium. Euphorbia, Sanseiviera, Anthurium Ian sapanunggalane.
Meh rong puluh taun aku dadi tangga tunggal pager karo Pak Bandono sing saben ndinane dagang sepatu neng kios Pasar Arjowinangun. Malah kena diarani Pak Bandono kuwi juragan sepatu, sebab bakul-bakul sepatu neng pasar kono utawa pasar liyane klebu bakul sepatu neng pasar-pasar kecamatan, kulake sepatu ya neng nggone Pak Bandono. Mula ekonomine Pak Bandono klebu cukup kepara malah turah, nyatane kena kanggo menehi pawitan putrane sing mbukak usaha pabrik tahu, dene putrane sing nomor loro kuiiah nyambi usaha komputer. Dadi upama arep tuku kembang kanggo ngebaki omah Ian pekarangane ya mesthi kuwat. Ning nyatane wiwit biyen mula ya ora nate senggolan karo tanduran kembang, sanajan platarane daleme amba nanging sing ana mung wit pelem gadhung, klapa gadhing karo jambu kluthuk sukun. Nanging saiki arep golek kembang apa wae ana, wiwit sing rega ewon nganti yutan rupiyah.
Mumpung nganggur, tak niyati resikresik latar ngarep nyabuti suket-suket sing wis ketara rada dhuwur-dhuwur. Yen disawang pancen katon njembrung kaya omah suwung. Lagi wae nyabut suket arep tak wiwiti, Pak Bandono ungakungak saka ndhuwur pager aruh-aruh, "Mas Bas, lerenana dhisik nggone nyabuti suket, iki Iho tak pameri kembangku sing anyar Ian saiki lagi ngetren:" Sidane tak endhegake nggonku nyabuti suket Ian tak perlokake nuruti ajakane Pak Bandono nonton koleksi kembange sing ditata asri neng plataran Ian teras omah. Apamaneh kembange sing wernane maneka warna yen disawang jan katon ngresepake tenan, sing abang sak grombol dijejer kembang putih sak grombol. Ana sing godhong thok rupa ijo tuwa disandingne godhong ijo pupus. Malah ana tanduran kaya kamboja ning oyote mblendhuk rupane kuning, jare Pak Ban jenenge Adenium Albino, ana sing ngarani Adenium Golek Kencana.
"Ngene Iho Pak Ban, aku Ian wongwong kene iki padha nggumun bareng ngerti sampeyan open-open kembang sak mene akehe. Kamangka mbiyen sampeyan yen karo kembang paribasane dadiya banyu emoh nyawuk dadiya godhong emoh nyuwek, Iha kok saiki kaya wong lagi gandrung kapirangu karo kembang". Tak wanek-wanekake aku takon alasane Pak Bandono anggone seneng kembang, timbang dadi wudun. Kanthi sareh Pak Ban mangsuli: "Ya bener Mas, yen sampeyan karo kanca-kanca liyane padha nggumun bareng saiki aku seneng open-open kembang. Aku isih kelingan yen mbiyen aku malah nate ngomong open-open kembang kuwi mung mbuwang-mbuwang wektu merga kembang ora nduweni nilai ekonomis, ora ngasilake dhuwit. Ning Mas Bas ngerti dhewe yen kembang kuwi saiki payu didol, malah kena diarani saiki dadi komoditas ekspor, wong nyatane akeh jenis kembang saka kene sing dikirim menyang manca negara. Mula saiki-aku open-open kembang masiya durung ngasilake dhuwit, kembang-kembang iki tak anggep barang dagangan sing mengkone bakal ngasilake dhuwit".
"Sing iki jenenge tanduran apa Pak Ban? Pethetan iki jaman aku cilik wis padha ditandur neng pot;" aku takon karo nudingi tanduran pethetan sing bentuke ana sing kaya pedhang karo kaya pendhok. "Iki jeneng komersiale Sansievieria, pancen mbiyen ora ana regane, saiki malih ana regane masiya mung sangisore sepuluh ewu rupiah. Nek iki jenis Aglaonema; Pak Bandono kandha ngono karo nudingi kembang sing godhonge kaya Kembang Sri Rejeki. "Sing godhonge abang mbranang iki jenenge Red Sumatra regane saben godhong telungpuluh ewu. Sing sak jenis karo Red Sumatra, iki jenenge Snowhite, Red Peacock, Valentine." Isaku mung meneng tambah nggumun kok Pak Bandono olehe apal karo jenenge kembang-kembang kuwi. Tur maneh regane kuwi Iho kok ngetung godhong, kathik saben godhong regane puluhan ewu. "Lha sing iki jenis Adenium, sing digoleki sak liyane kembange yaiku umbine utawa oyode sing mbendhul-mbendhul kuwi. Saya akeh lan saya apik bentuke oyode regane saya larang nganti tekan jutaan barang. Malah sing oyode cacat kaya iku, rupane kuning diarani Adenium Albino utawa Golek Kencana, regane luwih larang. Yen ngene iki ya dadi rejekiku Mas, wong mbiyen aku tuku oyode durung kuning ngene. Dhek Sabtu kepungkur wis dinyang juragan kain arep dituku sepuluh yuta, ning ora talk kekne.
"Sing paling larang endi Pak?" aku takon ngono kareben ndang rampung nggone crita prekara kembang sebab srengenge meh angslup neng walike Gunung Sedheng sing mbatesi ambane kutha Pacitan. Pak Bandono mlaku menyang pojokan teras omah terus lungguh karo ngelus-ngelus godhong sing ambane sak epek-epek lan dawane meh sak meter warnane ijo tuwa. "Sing larang dhewe iki Mas, jenis Anthurium Gelombang Cinta, aja ngomong ibune Asri ya Mas Bas, regane kembang Gelombang Cinta iki patang yuta, merga saiki lagi ngetren lan pancen akeh sing padha seneng karo bentuk godhonge sing ngembang bakung. Sing iki Mas, suk nek wis gedhe regane luwih larang tinimbang Gelombang Cinta, jenise padha karo Gelombang Cinta ning godhonge rupane ireng mula diarani Black Cardinal. Isih bakalan ngene regane nganti satus ewu rupiah."
Bareng mlaku mulih pikiranku malih pecah dadi loro, sing separo mikir kembange Pak Bandno sing kanggoku kaya tambang emas wae, dene sing separo pikiranku tumuju menyang omah, mbuh kaya apa mengko ulate mbok dhewor menawa ngerti suket latar ngarep ora sida tak cabuti. "Kono, gek melu-melu open-open kembang ben diarani wong sugih, jate arep ngresiki latar kok malah jagongan!" Mbok Dhewor sida bengok-bengok tenan. "Lha wong diceluk nyang omahe mosok arep emoh, tur maneh sapa sing arep kulakan kembang wong regane padha karo bayar telung sasi," aku nyauri sak kecandhake karo terus mlebu kamar mandi.
Bubar subuhan wis dadi penggaweanku terus nyandhak kelud ngresiki omah, dene ibune Pandu utheg neng pawon nyiapne sarapane bocah-bocah. Lamat-lamat krungu swara tangise wong wedok, bareng tak setitekne jebul swara tangis mau saka daleme Pak Bandono. Ora suwe keprungu swara pating grobyag kaya barang-barang dibuwang. Enggal-enggal aku mara menyang daleme Pak Bandono. Karo nangis Bu Bandono mecahi pot-pot kembang pating blasah neng plataran.
"Sapa Dik Bas, sing ora panas atine yen dikhianati, jare open-open kembang kanggo dagangan, jebule malah dhemenan karo anake bakul kembang." Bubar ngendika ngono Bu Bandono terus mlaku nyedhaki kembang Gelombang Cinta, kelingan yen kembang kuwi larang regane enggal-enggal tak parani. "Nuwun sewu Bu, nek kembang niku larang regane empun dipun jur-jur eman-eman." Bu Bandono mengo nyang aku takon, "Lha niki kembang napa?" Setengah ndredheg tak wangsuli, "Niku namine kembang Gelombang Cinta." Krungu jenenge Gelombang Cinta sakala tangise Bu Bandono saya banter. "Uuuu uuu uuu Gelombang Cinta??!" Sidane pot kembang Gelombang Cinta digolingne terus dipecah, sikil loro dianggo ngidak-ngidak godhong kembang Gelombang Cinta. "Gelombang cinta apa! Nek ngene iki jenenge dudu gelombang cinta nanging tragedi cinta!" Ora sengaja aku nggresah, "Oh, Gelombang Cinta eehh tragedi cinta".

saking : Majalah Panjebar Semangat

No comments:

Post a Comment