Search your's here

Join 4Shared Now!

Sunday, January 30, 2011

Dharma Wanitaku

Honda bebek duweke mbak yuku dakwetokake, dakpanasi sedhela. Rampung adus sarapan, banjur srat-sret neng ngarep ngilon. Bareng lan lakune jungkat aku ngudarasa. Yagene nganti seprene aku kok durung diwengku priya. Umur ngancik kepala tiga, yen kanggone lingkungan desaku dianggep wis rada kasep. Apa sasuwene iki ana tumindakku sing kurang pener? Ora! Ora kok krana rupane elek. Utawa sok alim. Wong nyatane ora sethithik kanca priya sing nyedhaki aku. Malah keh-kehane wis padha nelakake apa karepe. Nanging durung ana sing dakantebi. Ana, dhing, ning aku isih mrongga-mranggu.
Pirsa yen aku macak kenceng ibuku mrepegi.
"Arep nyang endi ta Mik?"
"Nggone pak Priyo! Iki lo, mbalekake buku. Aku lagi eling bareng resik-resik kamar wingi, nek biyen aku tau nyilih buku-bukune"
"Mbalekake buku, apa mbalekake buku? Lho, rak wis ana yen limang taunan ta kowe ora dolan rana?"
"He-eh he!"
"Wong elingku, sajege pak Pri nembung arep ngrabi kowe kae terus ora tau sambung maneh. Eh, Mik, kowe kuwi piye ta? Pak Priyo kuwi kurang apa, kok biyen ora mbok gelemi wae?"
"Ya kuwi ta buk, saiki aku gelem!"
"Wooo bocah ra nggenah!"
"Wis buk, aku budhal. Dongakke ya?"
Ibu mendel wae. Ateges nyarujuki. Honda dakslah, Bismilah. Budhal aah. Mampir kancaku sedhela terus tancep gas.
Embuh, rumangsaku swasananing ati iki kok kaya isih umur welasan ngana kae. Endah kang sarwa sinawang, endah kang, sarwa rinasa. Sadalan-dalan tumuju daleme pak Priyo, antarane Kertosono-Prambon, pikiranku mung mbulet wae neng citrane pak Guru Kesenian Republik Indonesia kuwi.
Wonge prasaja. Ora sepirowa nggantheng. Lan dedege... kepara rada endhek. Ning aku seneng yen cedhak dheweke. Ngrungokake kojahe sing pancen ora njelehi, karo nyawang olehe ngrokok! Gayane leh nyumet jan khas banget. Apa maneh yen pak Pri lagi main gitar, nembang nostalgia. Aku, sing lungguh ing sandhinge, melu nyanyi yen nujoni syaire rada bisa. Walaah presis pilem nasional taun 80-an ngana kae.
Tepungku karo pak Priyo, sajege dheweke melu mbantu mulang ing sekolahan swasta "SMP Ikhlas Dharma Bhakti" panggonanku gupak kapur karo ngenteni ana ujian pengangkatan. Coba, ta. Sapa sing ora nratab, sajroning rapat guru, mara-mara pak guru anyar kuwi ngulungake lempitan kertas saka arah mburiku. Bareng dakbukak, eh ana gambarku. Wih, jan presis tenan olehe nggambar. E... jebul ayu tenan ta aku iki. Hi... GR aku! Ben!
Nate dheweke ngajak aku ngetutake murid-muride karya wisata. Embuh, kala semana aku kok njur gelem ngono wae. Ora dakreken rerasane kanca-kancane pak Pri, uga murid-muride. Kuwi rak hake, sing penting aku ora ngganggu. Kabeh lumaku kanthi lancar, lan iku lumrah-lumrah wae kanggoku.
Aku lagi kaget bareng ing sawiji dina pak Priyo (kesusu) ngomongake bab nikah. Wadhuh, kojur tenan aku!
"Kareben ora kakehan dosa lo bu!" ngono jarene. Olehe lugu kuwi lo!
"Iya, ning aku isih durung gelem ngomongake bab kuwi, pak!"
"Awake dhewe rak ya wis cocog ta? Ngenteni apa maneh?"
"Ya ... dakpikire dhisik ta pak," iki entek-entekane jawabanku. Klise, pancen. Jane mono aku mung kuwatir, kepriye saupama kebacut daktampa lamarane, banjur mas Wawan teka. Apa ora ateges bakal ana perang gedhen?
Haladalah! Surate mas Wawan sing teka. Ngabari yen arep mrene, nglamar. Apuranen ya pak Pri, ngono bantinku.
Ukara iku sida kawetu temenan bareng wis daktemokake sangat sing pas.
Aku wis manteb, bakal nyedhekake pengarep-arep ing dhadhane mas Wawan. Hm.... blong rasane aku bisa njlentrehake marang pak Pri kanthi alasan sing ora dakgawe-gawe. Amplop surate mas Wawan uga daktuduhake. Beres.
Nanging, kenangapa pak Pri ndadak nyawang aku kanthi tajem, kaya tembus ing jantung. Nganti aku ora kuwawa nempukake panyawang.
"Mung dhapur surat wae kuwi mbokpercaya?"
"Wis suwe banget pak, aku sesambungan karo mas Wawan! Adoh sadurunge kenal panjenengan. Dheweke iku......”
Dakcritakake kabeh ngenani mas Wawan. Wiwit kenal sepisanan neng kampus, nganti saiki wis dadi wong sukses. Kaya sing dakwaca ing surate, jare saiki dheweke menehi kuliah ing sawenehing PTS neng Surabaya kana. Terus terang aku rada mbanggakake. Awit aku kurang sreg saupama dadi sisihane pak Priyo, sing mung pegawe negeri golongan loro. jare wong-wong kae tangeh lamun bisane nggawekake omah. Wajar ta wong wadon milih cagak sing luwih rosa?
"Wis ta lalekna Wawan kuwi. Kejaba yen dheweke wis mrene temenan, apa maneh dikantheni wong tuwane, kuwi lagi mbok percaya"
"Pak.... aku wis kadhung......”
"Kadhung prajanjen karo dheweke, yen arep nikah taun iki. Karodene...aku rumangsa ora pantes yen urip sesandhingan klawan panjenengan. Pak Pri ki "terlalu baik" kanggoku. Pisan maneh, apuranen aku, pak"
Pak Priyo ambegan jero. Rokoke disedhot ngeget nuli age-age dibuwang najan isih dawa. Oh, ketara yen dheweke kuciwa banget. Dhuh, geneya aku biyen kok ditakdirake dadi wong wadon. Kepriye-kepriyea kae ya ringkih. Mripatku kembeng-kembeng. Ngelingi yen wis sawatara suwene aku runtang-runtung karo dheweke. Menyang ngendi-endi karo dheweke. Nanging kepriye maneh, jer manungsa urip kudu ndarbeni prinsip. Kudu nemtokake sawiji manawa diadhepake pilihan-pilihan. Lan...ing bab mangkene iki ora mung wong lanang wae kang wenang milih.
Wektu gumanti terus miturut aturane sing nglakokake wektu. Pranyata bener kandhane pak Priyo. Sing dakranti ora katon irunge. Lan impenku dadi buyar ora karu-karuwan. Ah, mesthine kanca-kanca priya sing biyen padha nyoba ngranggeh katresnanku, saiki wis padha omah-omah. Aku pasrah. Sumarah. Ndremimil dongaku muga-muga isih ana gisik kang jembar ing atine pak guru Priyo Dyatmiko. Atine banget putihe. Ana slenthingan kabar, jare pak Priye arep ngepek muride, nanging bocahe ora gelem.
Tekan daleme pak Pri, langsung mijet bel.
"Mangga..... pinarak bu!" sawijining kenya jilbaban mbagekake. Bocahe manis. Adhine pak Pri mesthine, ndheleng miripe.
Karo mapanake bokong, daksawang sakupenge ruwang tamu, kaya akeh sing wis owah. Limang taun kepungkur kursine ora ngene. Jrambahe wis keramik. Lukisane neng tembok uga wis ganti. Biyen ekspresif saiki naturalistis.
Adhine pak Pri nyuguhake teh lan manggakake, kairing eseme kang nyurung krentegku daya-daya pengin kepethuk eseme kangmase. Sawise nelesi gorokan, lagi aku nakokake pak Pri. "Anu bu, pak Pri saweg tindak sekolahan"
"Lho iki rak dina Minggu ta Dhik?"
"Inggih, wonten kegiyatan pramuka ngoten lo. Ananging namung ngendhangi kemawon kok. Sekedhap malih rak kondur. Ng... nuwun sewu, punapa panjenengan punika bu Mamik?"
"Lho, adhik kok ngerti?"
"Inggih, lamat-lamat kula kemutan. Panjenengan rak ingkang nate ndherek karya-wisata sekolahanipun pak Pri ta bu? Kala semanten ingkang karya-wisata pas kelas kula”
"O.... adhik iki biyen ya neng SMP loro? Muride pak Pri uga?"
"Inggih pancenipun kula rumiyin sekolah dhateng ngrika. Sareng sampun lulus, lajeng.."
Rheng ..... Ana sepedhah montor mlebu plataran.
"O Iha nika, pak Pri sampun kondur." Aku noleh menjaba. Pak Priyo katon rada lemu lan uga luwih gagah yen ngagem sragam Pramuka. Sajak manglingi. Brengosen sing biyen tipis saiki katon nggameng. Rambute rapi. Ora kaya biyen, rada gondrong awut-awutan.
"Wo, ana tamu ta! Lho? Bu Mamik!
Wis suwe bu?"
Pembina Pramuka kuwi nyalami aku karo ora keri eseme kang khas. Mak cless rasaning atiku, kaya katetesan banyu panguripan Pak Priyo banjur lenggah jejer adhine, presis oleh ngarepku. Aku dadi "salah tingkah!"
"Ijen wae?"
Aku mesem ampang, awit pitakone ngemu pasemon.
"O ya. Bu Mamik, kenalna iki...:" Pak Pri noleh adhine, karo astane dipanglungake pundhake kenya jilbaban kuwi.
"Ya iki.... Bu Priyo. Dharma Wanitaku" Si manis jilbaban kuwi mesem, manthuk alon.
Sakala aku kaget. Nuli otot bayuku lemes kabeh. Nganti ora krasa buku sing dakcekeli ceblok. Lambeku kedher ........
"Dadi, iki dudu adhine? Iki garw.....' Sirah ndadak klemun-klemun. Ndonya peteng ndhedhet.

saking : Majalah Panjebar Semangat
edisi : lali aku

No comments:

Post a Comment