Esuk kuwi langite biru resik. Ora katon mendhung secuwil-cuwila. Mangka wis nyandhak sasi Januari 2007. Biyasane wulan Januari kuwi wis nengah-nengahi rendheng. Udane nggrejeh saben dina. Yen wong Jawa ngarani sasi Januari wektune "hujan sehari-hari". Nanging taun iki rendhenge kok sajak aras-arasen. Lagi udan deres wetara seminggu, udane wis arang njedhul.
Ndeleng cuaca katon resik, Pak Sadewa nglegakake klintong-klintong, nyalurake hobine, mlaku-mlaku. Ngiras sanja nyang daleme Pak Mardi, kanca rakete. Tekan daleme Pak Mardi, lawange tutupan. Pak Sadewa nothok lawang. Nuli Bu Mardi mbukak lawang kanthi mesem semanak.
"Oo, Pak Sadewa. Mangga-mangga pinarak!"
"Pak Mardi wonten ndalem, Bu?"
"Wonten, menika nembe tumbas rokok wonten warung ngajeng."
Ora suwe Pak Mardi katon ketebang-ketebang karo nggawa rokok rong bungkus. Mlangkah lawang karo ngguyu mlengeh.
"Wis suwe, Pak?" ngono pitakone karo nyalami Pak Sadewa.
"Lagi wae," wangsulane Pak Sadewa karo nglirik rokok sing digegem Pak Mardi. Sawise Pak Mardi mapan lungguh, tanpa rikuh-rikuh Pak Sadewa ngelikake.
"Penjenengan saiki ses maneh ya, Pak? Lagi wae stroke dhangan kok saiki ses maneh," dielikake kaya ngono, Pa Mardi ngguyu ngakak.
"Ha, ha, haaa..., terima kasih, terima kasih Pak Dokter atas peringatannya. Wong aku saiki wis blas ora ngrokok kok, Pak. Aku tuku rokok iki kanggo wongwong sing arep kerja bakti. Aku ora bisa melu kerja bakti. Ngalahi nukokke rokok”.
"Sokur, sokur yen seduluruku wis ora ses"
"Iki mau saka ngendi ta, Pak, kok esuk-esuk?"
"Saka ngomah, ya pancen arep dolan mrene. Wis suwe aku ora ketemu Pak Mardi."
"Mau nitih apa?"
"Nlapak wae"
"Jalan kaki? Hebat! Patang kilo luwih Iho, meh limang kilo."
"Penghematan; Pak. Merga saploke BBM mundhak, biaya transportasi cukup dhuwur. Nanging sing luwih penting, aku mlaku kuwi ngiras olahraga. Jarene jalan pagi kuwi minangka olahraga sing ampuh.
Aku wis mbuktekake, sepuluh taun luwih saben esuk aku olahraga jalan pagi. Awak rasane kepenak:"
"Pancen bener, Pak" ngono tanggapane Pak Mardi kanthi ngacungake jempol. "Sawise laraku mari, saben esuk dak perlokke mlaku-mlaku setengah jam. Saiki kesehatanku rada pulih."
Pak Sadewa nyawang Pak Mardi, sajake pancen luwih sehat tinimbang wingiwingi. Nuli mbacutake anggone ngobrol.
"Kejaba nyehatake awak, anggonku mlaku-mlaku esuk iki mau uga ana gunane. Aku mau weruh mobil-mobil plat merah kanggo ngeterke anak pejabat budhal sekolah, nyonyah pejabat nyang pasar Ian toko. Ana maneh mobil dhinas sing kanggo ngeterke nyonyah pejabat lunga main tennis”
Pak Mardi plenggang-plenggong, ora ngerti sing dikarepake Pak Sadewa. Mula njur ngoyak pitakon.
"Yen mung weruh kaya ngono wae njur apa gunane, Pak?"
Sing ditakoni mesem karo njelasake: "Pak Mardi mesthine nate maos, sawetara wektu kepungkur ing koran ana berita menarik"
"Menarik?"
"He-eh, dhaftar urutan tingkat korupsi."
"Apa iya, Pak?"
"Apa penjenengan ora maos? Sing dakanggep menarik Ian lucu, legislatif sing minangka wakil rakyat, mendhudhuki tingkat tertinggi"
"Tingkat tertinggi ing babagan korupsi?"
"Berita ing koran pancen kaya ngono. Aku uga nate maca koran sing nyebutake yen tingkat korupsi ing Indonesia mrihatinake. Dibandingake negara-negara liya, tingkat korupsi ing Indonesia klebu dhuwur. Lha yen wakil-wakil rakyat sing kudune mikirake kepentingan rakyat, ning malah mendhudhuki rangking korupsi tertinggi, mesthine korupsi ing negara kita iki angel dibrantas. Korupsi wis kadhung membudaya."
Pak Mardi nlesih maneh.
"Engko sik, Pak. Penjenengan mau ngendika yen anggone mlaku-mlaku esuk iki mau ana gunane, merga weruh mobilmobil plat merah kanggo kepentingan pribadi. Njur gunane apa Ian apa hubungane karo berita koran sing nyebutake urutan tingkat korupsi?"
Pak Sadewa dhehem-dhehem, mesem maneh sithik, nuli ngomong mantep: "Fenomena sing dakweruhi esuk iki mau luwih ngyakinake yen korupsi ing Indonesia pancen wis membudhaya."
"Dadi miturut pemanggihe Pak Sadewa, anane mobil-mobil dhinas kanggo kepentingan pribadi kuwi minangka indikator yen korupsi ing Indonesia wis melangit?"
"He-eh, Pak. Ning fakta sing dakweruhi esuk iki rnau mung minangka salah sijine indikator. Indikator-indikator liyane isih akeh sing ngyakinake aku, yen korupsi pancen wis berurat-berakar."
Pak Mardi isih nyoba nguji panemune Pak Sadewa.
"Nganggo mobil dhinas kanggo kepentingan pribadi iku apa klebu tindak korupsi ta, Pak?"
"Ya jelas. Mobil dhinas kuwi nganggo BBM sing dituku nganggo dhuwit jawatan, dhuwite negara, alias dhuwite rakyat. Terus kanggo ngeterke anak pejabat sekolah, nyonyah pejabat nyang pasar, menyang toko, lunga latihan tenis, Ian liya liyane. Gedhe cilike iku rak klebu korupsi BBM"
"Nanging mesthine pejabatyen nganggo mobil dhinas kanggo kepentingan pribadi rak tuku BBM dhewe ta. Pak?" Didhebat kaya ngono, Pak Sadewa enggal numpangi rembug.
"Bisa uga peraturane pancen kaya ngono. Ning dakkira ora kabeh pejabat mematuhi peraturan."
Pak Mardi manggut-manggut ngombyongi omonge Pak Sadewa, nuli urun panemu :
"Mesthine pancen ana pejabat sing 'nakal; luwih seneng nganggo BBM tukone pemerintah. Ora usah cucul dhuwit. Gratis!"
Pak Sadewa karo Pak Mardi padha ngguyu ngakak. Njur Pak Sadewa nyambungi:
"Saupama ana pejabat sing gelem tuku BBM dhewe kuwi yen pinuju lelungan adoh, upamane tilik sedulure nyang desa, apa nekani resepsi manten nyang kutha liya. Ning sakliter utawa rong liter mesthine rak isih katutan BBM tukone pemerintah. Angel kanggo milah-milahake BBM sing wis campur ana tangki, endi sing dituku nganggo dhuwit jawatan, endi sing dituku nganggo dhuwit pribadi."
Pak Mardi manggut-manggut maneh, ning isih nyoba ndhebat:
"Yen mung sakliter utawa rong liter wae rak ora ngrugekake negara, ta, Pak?" "Lho, ora ngrugekake negara priye? Coba ayo dikalkulasi nganggo asumsi minim wae. Upama saben pejabat sedinane nganggo BBM tukone pemerintah setengah liter wae. Ora nganti sakliter apa maneh rong liter. Lan saupama ing saben kabupaten ana 15 pejabat sing nganggo mobil dhines. Ateges saben dina negara kelangan BBM 7,5 liter . Yen diaji dhuwit Rp 33.750,00:"
Pak Mardi sumela ngetokake panemune.
"Kuwi yen dietung sakabupaten. Lha yen dietung sa-Indonesia njur pira dhuwit sing amblas saben dinane?"
"Aku ora ngerti persis, pira jumlahe kabupaten Ian kotamadya ing Indonesia . Biyen yen ora salah ana 318 kabupaten Ian kotamadya. Ning embuh saiki. Wis , murih gampange, awake dhewe nganggep ing Indonesia ana 300 kabupaten Ian kotamadya. Tulung, penjenengan etung nganggo kalkulator, Pak!"
Pak Mardi menyat, njupuk kalkulator ing laci meja. Terus tal-tul, nutuli tuts kalkulator. Bareng wis ketemu jumlahe, kalkulator diulungake marang Pak Sadewa. Pak Sadewa njinggleng angkaangka ing kalkulator, njur cluluk.
"Sepuluh juta seratus dua puluh lima ribu rupiah:"
Pak Mardi nrambul nyelani maneh. "Kuwi sedina Iho, Pak. Yen sesasi, setaun, njur pira? Coba penjenengan bacutke ngetung, Pak!"
"Sesasi daketung nemlikur dina wae ya, Pak:" Ngomong ngono Pak Sadewa karo nutuli kalkulator, 10.125.000 x 26. Kalkulator dituduhake Pak Mardi. Sing diulungi kalkulator enggal nliti angkaangka, 263.250.000. Terus alok.
"Wah, dua ratus enam puluh tiga juta dua ratus lima puluh ribu. Seprapat milyar punjul. Kuwi sesasi:"
Pak Sadewa nanggapi kanthi ngomong.
"Penjenengan teruske ngetung setaun, Pak!"
Pak Mardi ngetung maneh, 263.250.000 x 12. Ketemune diiling-ilingi 3,159.000.000. Terus alok semu gumun..
"Telung milyar luwih. Bukan main! Dhuwit sernono akehe saben taun amblas."
Pak Sadewa nanggapi rembugan.
"Kuwi awake dhewe mung ngetung BBM sing dianygo pejabat kanggo kepentingan pribadi ing tingkat kabupaten. Durung ngetung sing dienggo pejabat tingkat provinsi, departemen, nondepartemen, pejabat BUMN Ian BUMD, DPR, MPR Ian DPRD. Yen awake dhewe tlaten ngetung bisa uga saben taun ana limang milyar luwih dhuwit negara sing ora karuwan juntrunge gara-gara setengah liter BBM sing dienggo saben pejabat kanggo kepentingan pribadi ing saben dinane. Pancen dhuwit lirnang milyar kuwi yen dibandhingake dhuwit sing dikorup para koruptor ya isih kepetung sithik. Lha wong koruptor saiki yen nindakake kadurjanan korupsi orang tanggung tanggung, atusan milyar nganti trilyunan. Ning kanggone rakyat cilik kaya awake dhewe iki, dhuwit limang milyar kuwi luwar biyasa akehe, uakih.... isih nganggo buangett.... !"
Pak Mardi ngetokake panguneg-uneg karo semu mbanyol.
"Awake dhewe seumur hidup ora bakal weruh dhuwit limang milyar. Mung weruh wae, ora nduweni, ora bakal klakon. Embuh yen sajrone lamunan apa impen, ha...., ha..... haaa....."
Wong loro padha ngguyu ngakak maneh.
Sawetara suwene, Pak Mardi rnikirmikir, terus ngajokake panemu.
"Bisa uga para pejabat nganggo mobil dhines kanggo kepentingan pribadi iku pancen minangka fasilitase. BBM sing dienggo para pejabat kanggo kepentingan pribadi uga minangka fasiltias."
"Bisa uga ngono. Ning saupama bener kaya ngono, kanggone wong cilik sing bodho kaya awake dhewe iki, njur ana rasa ngganjel. Ora adil. Para pejabat bayare wis gedhe, tunjangane akeh, fasilitase macem-macem. Luwih-luwih para anggota DPR, mengko yen PP no. 37/ Tahun 2006 sida dileksanakake, penghasilane bakal tikel tekuk. Lha kok isih entuk fasilitas BBM. Yen wong cilik, saploke kenaikan rega BBM taun 2005 kae, arep lelungan numpak kendharaan umum wae kudu etung-etung. Sangune cukup apa ora?"
Wong loro padha ngawasi jendhela, nyawang mendhuwur. Langit sing dhek mau resik, saiki dikebaki mendhung arak-arakar. Arep udan. Ora suwe Pak Mardi nyodhorake gagasane maneh.
"Yen taun iki rega BBM mundak, BBM sing dienggo kepentingan pribadi pejabat yen diaji nganggo dhuwit miturut rega BBM anyar bakal luwih akeh."
"Apa taun iki rega BBM mundhak maneh ta, Pak?"
“Aku ora ngerti. Ning biyasane, yen awal taun, ngadhepi penyusunan APBN, pemerintah wis ancang-ancang ngundhakake rega BBM."
"Sttt...., aja ngalup kaya ngono, Pak. Yen rega BBM klakon mundhak, efek sampinge rega barang-barang liyane mesthi melu balapan mundhak. Wong cilik sing rekasa. Awake dhewe ndedonga wae, muga-muga taun iki ora ana undhak-undhakan rega BBM. Sokur yen limang taun maneh rega BBM lagi mundhak. Utawa selawase ora ana undhak undhakan rega BBM."
"Ha..... ha..... haaaa..... !" Wong loro padha ngguyu cekakakan.
No comments:
Post a Comment