Search your's here

Join 4Shared Now!

Sunday, January 30, 2011

PUPUS

Pari neng sawah wis mrekatak kuning rata lan mentes-mentes, seminggu maneh bisa dipanen. Atine nyicil ayem dene cepakan dhuwit kanggo mbayar sekolahe anake wis ana. Marni sing wulan iki arep ujian akhir SMU kepingin neruske kuliah ana pertanian bakal kelakon.
Anak mbarep digadhang-gadhang bisa sekolah ing pamulangan luhur lan oleh gaweyan sing bayare maton, bisa njunjung derajate wong tuwa.
Karo rengeng-rengeng mecaki galengan, Karjo ngubengi sawah sinambi ngusah manuk-manuk emprit lan glathik sing arep neba.
Tekan omah esem lan guyune renyah kaya bocah cilik kang lagi kalegan atine sebab keturutan karepe.
"Kok sajak seneng atimu Pakne, ana apa ta?" bojone takon nlesih. "Beres, dhuwit pasedhian kanggo golek sekolahe anak mbarep wis ana"
"Genahe pripun ta Pakne!"
"Iya genah bae, karo meneh ya gak pripan-pripun." Ngono olehe semaur nganggo dialek Jawa Timure sing medhok.
"Pancen rada ora genah, kesambet na ngendi ki mau"
"Onten napa ta Mak, kok ndremimil dhewekan!" anake mbarep njedhul mulih sekolah.
"Bapakmu kae Iho delengan mesam-mesem dhewekan kaya wong lagi kesurupan”
"Napa enggih ta Pak?"
"Sapa sing kesurupan. Ya Makmu iku sing rada nglimbung."
"Bapak kok sajak seneng antuk rejeki nomplok napa"?
"Dudu rejeki nomplok sebab menang tombokan, nanging delengen kae na sawah parine wis padha kuning mrekatak seminggu engkas panen!",
"Kula saget kuliah onten pertanian yen ngaten nggih Pak?"
"Kuwi jeias ndhuk. Sebab butuhe bakal kecukupan"
"Lha aku kebagian apa Pak?" anake lanang sing nomer loro njedhul mulih sekolah nyela-nyela takon.
"Ya mengko sisane dhuwit sing dianggo golek sekolahe mbakyumu kena kanggo kowe"
"Sida ganti sepedhah tenan bakale”
“Sepedhahmu kae kurang apik pa? Kok dadak njaluk diganti?"
"Nggih mboten! Namung kurang sip"
"Wis kono salin terus mengko barmangan ngewangi Bapak ndandani pager sing sisih mburi!"
Awan kuwi kang Karjo kanthi ati sing mantep dandan pager direwangi Sardi anake sing nomer loro ya sing ragil, karan kang Karjo anake ya mung loro. Mbarepe wadon jenenge Sumarni sekolahe ana SMU klas telu wis ngadhepake ujian akhir dene Sardiyono anake lanang sing nomer loro ana SLTP klas loro.
Najan uripe pas-pasan kang Karjo ora ngresula, anane mung rumangsa sukur marang pangeran sebab rezekine tansah lumintu tekane.
Bubar dandan pager reresik awak banjur salin penganggo sing rada pantes, ganthane arep dolan nggone Babah Acheng perlu takon rega gabah.
"Dengaren macak! Arep nyang ngendi Pakne?" sing wadon takon nalika ketemu ana latar ngarep.
"Nggone Babah A-cheng takon rega gabah!"
"Karo pesen mesin doser pisan nggone Kaji Marwan"
"Yoh. Ngestoke dawuh Dalem!"
Yu Karjo ora wangsulan, nerusake anggone reresik jogan ngarep omah. Omah joglo kuna tinggalane wong tuwane kang Karjo diupakara kanthi permati ngelingi omah tinggalan sing ora melu mecel mung kari ngenggoni. Najan omah wis rada tuwa nanging yen diupakara ya katon isih apik.
"Bapak nyang ngendi Mak kok sajak perlu banget?" pitakone Marni metu saka njero ngomah terus lungguh ana dhingklik emper omah.
"Takon rega gabah nggone Babah Acheng!"
"Kapan ta Mak panene?"
"Yen ora ana alangan kira-kira seminggu maneh"
"Apik ya parine?"
"Kandhane Bapakmu parine apik, mentes-mentes."
"Ya sukur ben payune akeh bisa kanggo ragat golek kuliahan"
"Melua ndedonga bae ben kekarepanmu keturutan"
Lagi bae anak karo simbok rembugan ora kanyana Bardi blantik teka uluk salam banjur takon.
"Kang Karjo nyang endi Yu, kok sepi?" pitakone.
"Ki maeng lagi metu nyang nggone Babah Acheng takon rega gabah karo mampir nggone Kaji Marwan mesen closer kanggo panen seminggu maneh"
"Arep di panen dhewe pa? Ora di tebaske? Yen ditebaske tak petunge piye?"
"Ya ... kana rembugen karo Bapake Marni yen mengko wis teka"
"Ana pirang kothak ta Yu?"
"Pitung kothak kurang sithik"
"Njaluk pira Yu saben sakwintale?"
"Aku ora ngerti Mas, wong maeng Bapakne Marni ora pesen apa-apa." "Ya wis Yu! Aku njaluk pamit disik. Mbokmenawa mengko ketemu takjake rembugan"
"Iya sakarepmu anggere Bapakne Marni cocog regane"
Blantik Bardi sing gaweyane adol kewan sinambi dadi tukang tebas pari banjur mulih diuntapake bojone Karjo tekan latar.
Mulih saka nygone Babah Acheng praupane Karjo rada bingar, sebab rega gabah rada dhuwur. Sakwintale saiki regane satus seket ewu rupiah. Dietung-etung yen panene oleh telung ton rak telung puluh kwintal di pingke satus seket ewu ana patang yuta setengah. Bisa kanggo mbayar regad Marni golek papan kuliah.
Menungsa wenang ngrancang nanging Gusti Allah sing nemtokake. Sore udan ora leren-leren nganti rong dina rong bengi. Hawane atis lan dalan ngarep omahe jenes amarga kesiram banju udan sing ora ana kendhone.
Bubar Maghrib keprungu swara kenthong titir lan ora suwe keprungu wong undang-undang jenenge.
"Kang Karjo metua! Ayo gotong royong nyang Dham Buntung. Dham Buntung ambrol, banyune mbludag arahe mrene" mangkono kandhane bayan Mardi saka dalan ngarep omah.
"Apa, Dham Buntung ambrol?"
"Iya! Wis gek ndang mangkat dienteni kanca-kanca ana mbale!"
Enggal-enggal Karjo salin pengganggo nyaut pacul karo caping nggeblas budhal nyang mbale dukuh. Pitakonane sing wadon karo anake ora dipaelu, mung weling supaya ana ngomah ngati-ati. Tekan nggone katon banyu kimplah-kimplah mili saka jebolan dham ngener desane lan nrabas kebonan tumuju pesawahan sing ana pinggir desa. Sinambi gotong royong nutupi jebolan ati lan pikirane tumuju menyang sawahe sing arep panen lan biaya kanggo anake neruske sekolahe.
Arepa dikupiya bebarengan nanging gedhene banyu ora bisa diajak rembugan. Banyu mili kimplah-kimplah ora bisa dicegah. Tegal jagung duweke mbah Wongso diterjang bablas ora ditinggali apa-apa babar pisan. Kabeh digondho! Ian diawutawut turut iline banyu. Karjo enggalenggal mlaku ngunclug menyang sawahe. Katon pari sing sepasar maneh dipanen padha rubuh ketrajang banyu banjir saka jebolan Dham Buntung.
Atine angles meruhi kahanan sing mengkono mau. Angen-angen oleh duwit panen Hang musna mung kari eluh sing tumetes metu ora kerasa. Ing bathin maneges marang sing Kuwasa.
"Duh Gusti punapa lepat kawula ngantos Paduka andhawahaken bebendu ingkang kados punika"; ngono pangresah atine. Banyu banjir isih mili lerap-lerap kaya miline tangise ati sing lagi nampa pacoban. Dina sesuke durung ngerti embuh kepiye kawusanane. Amung Gusti kang mangerteni.

saking : Majalah Panjebar Semangat
edisi : -

No comments:

Post a Comment